Senin, 31 Desember 2012

Jalan Alternative Banyumas - Sumpiuh Rampung Dibangun


Jalan Alternative Banyumas - Sumpiuh Rampung Dibangun


Pemerentah mbudidaya kemakmuran kanggo rakyate. Salah sijine mbangun infrastruktur sing wujude dalan. Ing kalodhangan saiki arus lalu lintas sengsaya rame lan padhat. Kanggo ngurangi kepadhatan lalu lintas, mula pamarentah mbangun jalan alternative. Jalan alternative Banyumas – Sumpiuh dumunung ing desa Sokawera, Tanggeran, Karang Salam, lan Alas Malang. Jalan alternative Banyumas – Sumpiuh luwih cedhak 8 km dibandhing Banyumas – Sumpiuh liwat Buntu.

Dalan mau dibangun dening PT. NIAGA RAYA lan nama kegiatane yakui Peningkatan dan Pemeliharaan Berkala Jalan Kabupaten ( DAK ) Peningkatan Jalan Kemranjen - Tanggeran. Kanthi sumber dana Dana Alokasi Khusus lan APBD Kabupaten Banyumas TA. 2012, nile kontrak Rp 3.290.000.000,00. Pembangunan iki diwiwiti tanggal 14 Mei 2012 lan pungkasan tanggal 9 November 2012. Senajan durung tumeka tanggal 9 November dalan iki wis kena diliwati. Dalan mau amba, nganggo aspal curah, mula kepenak diliwati kendaraan. Dalan mau rampung dicet  ( dibagi loro ) tanggal 27 Oktober 2012.
.
Jalan alternative kasebut, ningkatake ekonomi masarakat desa Sokawera, Tanggeran, Karang Salam, Alas Malang. Petani saking Desa Tanggeran, Karang Salam bisa lancar adol asil wulu wetu sing wujud woh – wohan ( duren tanduran andalan ).




 Wening Tyas M-015



Tokoh Kabudayan Kesenian Jawa “ Mas Aji “





Bapak Wahju Setiadji, S.Sos ingkang kerep dipuntimbali Mas Aji menika miyos wonten ing Purwokerto, 23 mei 1969. Mas Aji gadhah putra kalih, jaler lan estri, ingkang jaler sampun seda amargi kacilakan lan ingkang estri taksih ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri Banyumas. Garwanipun Mas Aji karyawan wonten ing RSUD Banyumas. Mas Aji dumunung wonten ing Desa Somagede Rt. 2/VI Kecamatan Somagede Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah. Piyambakipun gadhah riwayat pendhidhikan inggih menika SD Negeri Rejasari IV Kecamatan Purwokerto Kilen taun 1982, SMPN 3 Purwokerto taun 1985, SMAN 2 Purwokerto taun 1988, lan ingkang pungkasan inggih menika FISIP Universitas Wijaya Kusuma Purwokerto taun 2007.
Bapak Wahju Setiadji sakmenika makarya dados PNS wonten ing RSUD Banyumas wiwit taun 2005 ngantos dumugi sakmenika. Mas Aji gadhah riwayat kerja inggih menika wonten ing Dinas Pendapatan Daerah Kabupaten Banyumas taun 1988 ngantos 2003, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan taun 2003 ngantos 2005, lan ingkang pungkasan inggih menika dados PNS wonten ing RSUD Banyumas.
Wonten ing sela – sela sibuke Mas Aji, Mas Aji saged nguri – uri kabudayan Jawi arupi kesenian tradisional kenthongan. Mas Aji saged dados pendhiri grup musik Kenthongan Somalaras wonten ing Desa Somagede taun 2003. Kenthongan menika kesenian khas tradisional Kabupaten Banyumas ingkang ngginakaken piranti musik utaminipun inggih menika kenthong ingkang sampun dipunmodhifikasi. Kenthongan dipunparagakaken dening 20 utawi 40 paraga saben grup. Supados kesenian menika tetep lestantun, Mas Aji mbina  lare – lare sekolah saking SD dumugi SMA lan remaja wonten ing desa piyambakipun. Boten namung kenthongan kemawon, Mas Aji ugi dados asisten pelatih Pencak Silat PPS Betako Merpati Putih taun 1988 dumugi sakmenika. Merpati Putih menika salah satunggaling asil kabudayan Jawa ingkang asalipun saking Jogja, ingkang saged lestantun ngantos dumugi sakmenika. Mas Aji menika salah satunggaling tokoh ingkang saged dados panutan, amargi wonten ing dinten – dinten sibukipun saged nguri – uri kabudayan ingkang wonten supados tetep lestantun lan boten katilep ing jaman.

Bethik Nucuk Manggar


Bethik Nucuk Manggar


Unen – unen iku dingendikakake dening para sepuh duk ing nguni. Bethik iku araning iwak cilik sing urip ana ing sawah utawa kalen sak pinggiring sawah. Manggar iku kembanging klapa, yen disurasa unen – unen bethik nucuk manggar tangeh lamon utawa mokal bakal kedadeyan. Crita bethik mangan manggar mligi crita gethok tular. Ora ditulis dibukokake lan ora dingerteni sapa cikal bakale sing nyitakake.
Bethik nucuk manggar kasunyatan nalika banjir Banyumas taun 1800 an, dina Kemis Legi. Tlatah Banyumas kaya dene segara. Wit – wit klapa padha keleb ing banjir, mula bethik bisa nucuk manggar. Ana kaelokaning jagad Pendhapa Si Panji Kabupaten Banyumas lan mesjid Agung Nur Sulaiman ora melu keleb kaya dene dijunjung. Mula pendhapa lan mesjid Agung Nur Sulaiman mau kanggo papan pengilen para pendhudhuk. Sing padha ngili ana ing Pendhapa Si Panji lan mesjid Agung Nur Sulaiman slamet. 
Gb. Pendhapa Si Panji
Wewangunan ing sakiwa tengene Karasidhenan Banyumas ( saiki dadi SMK N 1 Banyumas lan pondok pesantren modern ) kabeh keleban banjir. Yen dinalar nganggo akaling manungsa, yen wewangunan ing kiwa tengene Kabupaten Banyumas keleb kudune Pendhapa Si Panji lan Mesjid Agung Nur Sulaiman uga keleb. Nanging kanyatane wangunan 2 mau ora keleb. 
Pendhapa Si Panji Kabupaten Banyumas saiki dumunung ing kutha Purwokerto. Manut crita gethok tular, nalika boyongan saka guru pendhapa ora gelem digawa liwat Jembatan Kali Srayu, mula kudu mubeng liwat Semarang, Tegal, tumuju kota Purwokerto. Saka guru sing ana ing sisih lor kulon kagolong duwe kekuwatan magis. Kekuwatan iku dibuktekake nalika arep ana pemberontakan G 30 S PKI saka guru mau ngetokake getih. Saben malem dina Slasa Kliwon lan Jemuah Kliwon mesthi dipasangi sesaji.
Gb. Saka Guru Pendhapa Si Panji di foto saka ngarep.

Mesjid Agung Nur Sulaiman nganti saiki kalebu wewangunan peninggalan jaman kuna sing nganti saiki isih dingo kanggo papan ibadah umat islam, lan wis ngalami renofasi.
Gb. Masjid Agung Nur Sulaiman

Wening Tyas M-015

Minggu, 30 Desember 2012

Susis “ Suami Takut Istri “



Susis “ Suami Takut Istri “

Para sedulur masyarakat padesan tekan ing kutha – kutha, saubenge nuswantara wis ora asing meneh karo pelawak sing agi kondhang – kondhange, yaiku Sule. Lagu sing irah – irahane Susis, lagu kuwi wujude ora mung tembang, nanging dadi kasunyataning urip ing ndunya.
Ing Desa Dhadhapan, ana wong lanang sing mbangun keluarga. Wong mau jenenge Wirya. Pak Wirya ningkah karo Sati. Anggone kekeluargaan uripe ayem tentrem. Penguripane Pak Wirya sekeluarga saka asiling tetanen. Ora let suwi, sawise pirang taun Pak Wirya karo Bu Sati nduwe momongan anak lanang. Anake mau dijenengi Paimin. Keluarga kuwi tambah seneng meneh uripe amarga wis eneng momongan. Nanging Gusti Allah ngersakake sejen, Ibune Paimin yakuwi Sati dipundhut nang sing gawe urip. Pak Wirya sekeluarga ngrasa kelangan sing banget – banget. Sapa – sapa padha nangis nlangsa. Banjur uripe Pak Wirya saiki dadi dhudha. Urip mung wong loro karo anake lanang.
Sawie telung taun ndhudha, banjur Pak Wirya kenalan karo prawan sing jenenge Wantinah. Sengsaya suwi srawunge tambah raket. Si Wantinah digawa meng umaeh Pak Wirya, dikenalke meng anake lanang. Pancen Wantinah kuwi omonge manis, nyenengake ati, tur wonge ya ayu, cilik dhuwur. Wantinah nukokake jajan, dolanan, lan liya – liyane. Sawise let seminggu si Wantinah njaluk dilamar. Panjaluke Wantinah disanggupi Pak Wirya. Nalika nglamar, Pak Wirya aseng kakang lan mbakyune kanggo seksi. Pak Wirya njaluk janji marang si Wantinah.
“ Pak Wirya : aku gelem ningkah karo kowe, nanging kowe kudu gelem nampa, ngrumat aku lan anakku. “
“ Wantinah : ya aku gelem nampa, aku sanggup ngrumat njenengan lan anake njenengan. “ jawabe Wantinah karo mesem.
Sawise lamaran let seminggu, banjur njaluk diningkah. Uripe wong telu mau guyub rukun, ayem tentrem. Ora let suwi si Wantinah diparingi momongan, lair anak wadon sing dijenengi Sarni. Wiwit saka kuwi sengsaya suwi sengsaya ketok sifat asline Wantinah. Sithik mbaka sithik sing maune apik saya luntur. Sing maune nggatekake Paimin saiki wis ora, kasarane dibuwang. Wong sing apik dadi kejem, kaya macan manak galake. Ora mung cukup semana, Pak Wirya uripe saiki nganti di setir nang bojone, amarga wedi. Paimin mau nganti diselehke neng umaeh Pak Dhene. Amarga saking sengite Wantinah karo si Paimin. Yen Pak Wirya kepengin ketemu karo anake lanang ndadak umpet – umpetan. Kuwi lumaku kanthi teterusan. Anake wadon diugung – ugung, dialem – alem, apa kang dadi panjaluke mesthi dituruti. Nanging kosok balike, si Pimin disia – sia. Kaya bebasan Jawa “ emban cindhe emban ciledhan “.
Nuju sawijining dina, Pak Wirya kewenangan nang si Wantinah lagi nemoni anake lanang. Banjur si Wantinah “ morot – morot “ ( padu ). Suarane Wantinah ora trima lirih, nanging seru, gampangane wong se RT krungu kabeh. Nanging si Wantinah ora nduwe krasa isin karo tangga teparone. Padinane padu terus. Pak Wirya sing maune lemu saiki dadi gering, ora mitayani, amarga akeh mikir karo batine kedereng. Sawise kedadeyan kuwi, uripe Paimin kelunta – lunta, sengsara, kaya dhewekan. Nanging isih beja, amarga saben dinane diopeni karo Pak Dhene. Manggone ya nang umaeh Pak Dhene. Banjur si Wantinah nyatru, nesu, ora wawuh karo kakange Pak Wirya sekeluarga. Uripe Pak Wirya saiki mung tansah manut, nurut karo si Wantinah.
Suami takut istri ora mung nang sinetron, lagu, nanging dadi kasunyataning urip. Yen wong lanang sing wewatone ora kuat, bisa nduweni sifat ala, sebab dene kegawa kelakuan lan tindakan bojone sing ala. Bebojoan ora mung tansah golek apik rupane, nanging sing paling utama kudu apik atine. Aja nganti milih kedhondhong, alus rupane nanging ala njerone. Dadiya wong lanang sing nduwe adeg – adeg jejeg, kanggo mimpin keluargane, aja nganti kedadeyan kaya ing tembang mau.

Agnes Erma Hevitayanti



Agnes Erma Hevitayanti
 Penyanyi Campursari
Agnez Erma Hevitayan,mangkono jeneng jangkepe penyanyi campursari saha sindhen kawentar ing kutha Klaten lan sekitare.Penyanyi kang nduweni bintang Gemini,kelairan Klaten ,17 Mei 1988,wiwit nyanyi umur 10 taun.Ngancik umur 10 taun,Erma(jelukane) menang Juara 1 lomba nyanyi Campursari ing Kecamatan Pedan Kabupaten Klaten.Nalika umur 12 taun,Erma uga menang Juwara 1 lomba Campursari  Piala Bupati,Kabupaten Klaten.

Sakjane wiwit kelas V SD nganti tekan SMP Erma wis bisa golek dhuwit dhewe kanthi nyanyi campursari.Saya-saya bareng ngancik kelas 1 SMK (SMEA) jurusan Akuntansi perkontoran malah saya nenani anggone nyanyi campusari lan saya bisa ngopeni awake dhewe lan mbantu-mbantu ekonomi kulawarga.Nalika ditakoni penulis,”kenging menapa kog milih dados penyanyi campursari?”Anggone mangsuli,”amargi menika panggilan saking manah saha remen kaliyan lagu-lagu Jawa”.
Akeh sing bisa ditempuh yen kepingin dadi artis kondhang lan ngetop.Ana sing jenenge diganti supaya gampang dieling-eling para penggemare.Saiki wis lumrah yen artis-artis sing pingin cepet ngetop kuwi padha nggunakake”jeneng panggung”.Ananging ora kanggo penyanyi kang  pawakane lencir tur manis.Dheweke ora gelem neka-neka,lan rumangsa ora perlu ngrubah jeneng supaya bisa dadi penyanyi kang ngetop.”Gek ya kanggo apa mas?,jeneng wae kog ndadak diganti-ganti barang!”celathune Erma.Jeneng sing alami lan orisinil ya Erma kuwi.


Wiwit SD tekan SMEA sekolahe ing Klaten,dheweke ora gelem kuliyah amarga pingin fokus wae ana ing padamelan campursari.Minangka penyanyi kang kalebu laris utawa payu lan kerep banget ditanggap,sing penting kuwi penampilane lan swarane.Ing bab kostum ora seneng sing katon ngejreng ,ananging luwih seneng sing kalem-kalem warnane.Ing bab kostum kuwi mau,Erma seneng ndesain klambi kang modele padha le dikarepake.Jan pancen penyanyi kretif tenan.
Erma sing manggon karo garwane ing Desa Ngemplak,Tambakbaya,Pedan Klaten.Gadhah gegayuhan utawa pangarep-arep supaya dheweke bisa kepingin luwih suwe anggone nyanyi ngehibur para penggemare.Karo duwe pepinginan ngentasake adhi-adhine kang cacahe 2 bisa sekolaha tekan bangku kuliyah.
Penulis:
Dening,: ANGGA DICKY KRISNAWAN
                 10205244029/PBD G 2010

Setya Nganti Tekane Pati


Dongeng

            Setya Nganti Tekane Pati
Roki jenenge, yaiku asu kang duweni ules putih sajroning awak sak sikile,lan buntute ananging sirahe ulese coklat.Roki kagolong jinis asu Jawa,ora gedhe lan ora cilik yo sedhengan awake.Ananging manut/lulut banget karo sing duwe.Sing duwe Roki asmanipun Pak Bambang,yaiku salah satunggaling prajurit Indonesia kanggo nantang penjajah walanda ing nagara Indonesia.Saiki umure Roki wis ngancik 3 taun,kanggone umur asu wis kagolong dhewasa.Saben dina pak Bambang sesrawungane mung karo Roki ,amarga urip ijen lan ora duwe sanak kulawarga kang isih ana.Mlaku ngetan-ngulon,ngalor-ngidul yo sing ngetutake  namung asu Jawa kuwi.Pak Bambang anggone ngopeni Roki kanthi gemati,saben esuk lan sore dipakan.Jan kaya bateh tenan,angger mangan yo mangan bareng.
Saben pak Bambang anggone ngemban kuwajiban bela nagara Indonesia,yaiku perang marang walanda,Roki namung nunggu omah.Sawise balik perang pak Bambang mesthi langsung balik omah.Roki wis nunggu kanthi dlosoran ing lemah,banjur ngerti pak Bambang bali,langsung dilunjak lan didilati tangane lan sikile.Pak Bambang rasane yo seneng banget,atase kewan kog kaya menungsa,senengane mbagekke sawise balik omah.Nganti anggone turu wae Pak Bambang dikancani Roki,jan kaya mimi lan mintuna tenan.Saben subuh utawa sloroting cahyo wis katon metu,Roki mesthi nggugah pak Bambang.
Ora krasa wis meh wolung taun Roki diopeni pak Bambang.Saben dina yo mung ngono wae,tetep ora iso pisah karo klangenane kang digemateni.Ora kaya dina-dina biasane,Roki anggone dipakan pak Bambang kog ora gelem dipangan,diwenehi lawuh apa-apa kog yo ora dipangan.Jan aneh tenan,pak Bambang wae nganti meksa-meksa,yo tetep wae ra gelem magan.Pak Bambang nyelathu “ ki,,,apa kowe lara po yo?”kog ra gelem mangan blas…’’.Wis rong dina iki Roki ora gelem mangan babar blas,dheweke mung gelem ngombe thok.Bengi kuwi walanda nyerang kutha Klaten,para prajurit-prajurit padha mlayu lan siap-siap perang nglawan penjajah walanda,tanpa kecuali pak Bambang.Bedhil,tombak saha piranti-piranti perang wis disiapke,pak Bambang banjur gage-gage mangkat.Sadurunge mangkat perang ing petenging wengi kacampur udan gremis,pak Bambang nyelathu “ ki tunggu omah lho !! aja lunga-lunga,entenana aku bali ki”.Banjur pak Bambang budhal ing papan paprangan kanthi ati kang teteg,tatag,tutug kanggo semangat ngusir walanda ing nagara Indonesia.
Wis wayah esuk, paprangan uga rampung,walanda bisa diusir lan menyat saka kutha Klaten dhumateng para pejuang utawa prajurit-prajurit kang bela nusa lan bangsa.Roki anggone nunggu pak Bambang kog ora bali-bali ora katon-katon,dienteni nganti sore kog yo ora bali-bali.Tetep wae Roki dlosoran ana ing lemah nunggoni juragane.Ora ngertio lha kog saka kidul para warga saha prajurit padha ngusung jasade Pak Bambang,Pak Bambang seda ing paprangan amarga kena bedhil ing dadha sisih kiwa lan gegere.Para kanca prajurit padha tetangisan anggone ngubur jasad Pak Bambang.Roki uga ana lan nunggoni ing pamakaman mandore,atase dheweke asu,nanging kayane bisa ngerteni rasa kaya manungsa.Swarane Roki namung kaing-kaing lan jegug-jegug ora genah.Sing marakake padha nggumun yaiku Roki netesake iluh ing mripate.Wayah wis samsaya sore,para pelayat uga padha bubar.Ananging Roki isih wae nunggoni dlosoran ing makame Pak Bambang.Ora suwe udan gedhe,Roki uga ora menyat balik ing omah,isih tetep wae nunggoni makam juragane.Dina esuke Roki gelem bali omah,tanggane pak Bambang sing asmane pak Banu sing mesakake Roki lan diparingi panganan saben dinane.Jebule ora pak Banu thog sing maringi panganan,nanging para warga dhusun kang welas karo Si Roki.Ing sawijining dina Pak Banu mendhem klambi-klambi lan kathok-kathok suwargi Pak Bambang ing buri omah.Eh lha kog ora let suwe Roki ndukeri lemah anggone mendhem klambi lan kathok mau.Sajake Roki ora gelem yen klambi lan kathoke pak Bambang dipendhem.Banjur klambi lan katho mau digondhol Roki menyang emper.
Wis rong taun Pak Bambang seda,Roki sewektu-wektu mara menyang makame pak Bambang kanthi dedlosoran nunggoni na sandhik makam,yo kaya wong kang ziarah kae.Ora let suwe saka dina kuwi,pak Banu golekki Roki kog ora ana,biasane ya jedal-jedul gawa balung.Banjur pak Banu niliki na makam lan nemoni Roki wis mati.Roki mati ana sandhik makame juragane,yaiku Pak Bambang.Nonton kadadeyan kuwi pak Banu langsung ngelus dadha lan nyelthu”dhuh kog yo asu kog kaya ngluwihi menungsa,setya marang sing duwe nganthi mati”.Banjur kuwi pak Banu crita marang tangga teparo lan padha ngubur Roki.

Dening : Angga Dicky K
               10205244029 PBD G 2010

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •