Kamis, 27 Desember 2012

Bathari Durga

Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bhatara Guru. Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala.
Ing wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni,  Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine. Ananging ora kabul sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru. Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku.
Amarga kasektene Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi. Adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga dipacangake kalawan Bathara Kala.
Lan wiwit wektu iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi. Bathari Durga antuk jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa Rangkung. Dene Dewi Umayi (jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab, bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune. Ing lakon carangan Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra Dewasrani. Ing jagad pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke.
Ing lakon Sumbadra Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna. Dene ing lakon Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat. Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.
Ananging ing telung kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini. Bathari Durga dadi sesembahane para kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe.  Cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu.
Kawolune yaiku agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah Sanghyang Indra). Sabanjure, agama Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga)

dening : Anggita Petra A. D (10205244007)
legendha

Rabu, 26 Desember 2012

Dongeng Manuk podhang

Wayah esuk ing tengah alas, nalikane mangsa rendheng dene udan yo wis lumrahe, Ing wayah jam wolu udan wis teka, ing negara manuk arep golek pangan yo ora bisa amarga udan. Mung theklak thekluk ing susuh sing dadi omahe manuk-manuk. Ing bangsane manuk podhang, sing biasane mangan woh-wohan, ananging dina iku manuk podhang durung mangan babar blas, neng omahe manuk podhang wedok bingung arep golek mangan nang endi iki, anake sing ajeh cilik yo durung bisa mabur, sing ana nang pikirane manuk podhang wedok arep tak pakane opo anaku iki. 

Kwe sing sabar ya, mengko yo oleh pangan.’podhang wedok kandha karo anake’
‘Anake’: iya mbok, nanging aku ws ngelih tenan 
Sing manuk podhang lanang iyo uga bingung, nanging rasa rasane manuk podhang lanang mung ngoceh, sajake yo sumelang yen ora oleh pangan.
Udan tansaya deres, hawa adem wis krasa banget. Manuk podhang lan wedok mau klinguk klingung, mbok iya ya ana turahan gedhang nyuluh sing turahane codhot.anggone klingak-klinguk ngiwa nengen, nang sela-selaning godhong waru ana warna kuning, trus ndadekake rasa bungahe manuk loro mau.manuk podhang sing weruh ndisik ngoceh banter mratandhakake rasa bungah sing diweruhi mau kuwi kaya gedhang nyuluh turahane codhot sing keri,
 Kanthi rasa gumregut mauk podhang lanang marani warna kuning sing ana nang ngisor wit waru mau.dene sing podhang mung ngenteni ng susuh sing dadi omahe, manuk podhang wedok iyo ngoceh mratandhakake ndongakake karo manuk podhang lanang, muga-muga iki rejekine dewe, dina iki anakku sbisa wareg, mabur  seko wit pring apus, mara nang wit waru mau, podhang lanang. Sanyasa cepak anggone nyawang  warna kuning sansaya jelas, ndadekake tansaya bungah, anggone mabur iyo uga saya banter.
Mak teplek teka tekan wit waru, cahyane manuk podhang lanang pucet njejet mbasa weruh sakbenere, jebul kuning-kuning mau, godhong waru sing nglinthing, yen disawang saka kadohan kaya gedhang mateng, podhang lanang tambah sumelang, arep bali maneh nang susuhe, kok ora nggawa panganan, ora bali kok mesthi diarep-arep hasile, mung ndingkluk, karo mikir kepriye bisane oleh pangan.nanging podhang lanang tetep semangat, kabeh makhluk ciptaane Gusti kang kuwasa tetep diwenehi rejeki, terus mabur maneh bali menyang susuh mau.nalikane mabur seko wit waru mau, manuk podhang lanang nabrak wit pring sing ana ngarepane banjur tiba nang lemah, tangi seka tibane jebul ning ngarepe weruh kates mateng sing seger.
 ‘Maturnuwun Gusti kang Maha Kuwasa sampun maringi pangan dhateng kula’ ujare manuk podhang lanang’
kayapa senenge manuk podhang lanang bisa oleh pangan lan bali nang susuh bisa nggolekke pangan manuk podhang wedok lan anake.banjur mabur menyang susuh karo rasa kang bungah, dina iki aku bisa oleh pangan nanging yo kanthi usaha. Sabanjure tekan susuh, manuk podhang wedok lan anake pating cruwit weruh manuk podhang lanang bali nggawa panganan.

Budaya Jawa Nyuwun Kawigatosan



Budaya menika salah satunggaling asiling cipta, rasa, karsa, lan karya manungsa. Saben negari, suku, lan manungsa gadhah budayanipun piyambak – piyambak. Indonesia menika negari ingkang gadhah mapinten – pinten budaya saking mapinten – pinten suku. Samana ugu kaliyan suku Jawa. Jawa tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur ugi gadhah budayanipun piyambak – piyambak ingkang kathah. Kathah sanget budaya ingkang sampun dipundamel dening tiyang jaman rumiyin. Budaya menika taksih wonten dumugi jaman sakmenika, kayata kesenian, tradisi, arsitektur, lan sapiturutipun.
Budaya – budaya babagan upacara tradisi kathah tiyang ingkang sami boten ngagem lan ngicalaken. Upacara tradisi kaya ta wiwitan panen kathah ingkang sami boten ngagem. Amargi upacara menika wonten ubarampe ingkang awujud sajen, ingkang isinipun yaiku kembang, menyan, jajanan pasar, lan sanes – sanesipun. Wonten ingkang ngendika terosipun sirik “ menyekutukan Tuhan “. Tiyang Jawi Jaman rumiyin saderengipun agami mlebet  pitadosanipun animisme kaliyan dinamisme ingkang pitados dhateng roh – roh ingkang dumunung wonten ing sawijining papan. Dados tradisi ingkang mekaten boten saged ical, amargi sampun sami rumasuk ing raga tiyang Jawi. Sakjatosipun upacara menika kangge raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun paring kathah rejeki dhateng para tani. Upacara menika ugi kangge ngormati dhateng “ ingkang boten ketingal “, amargi kula miwah panjenengan gesang ing alam donya menika boten namung piyambak, nanging kathah kancane wonten ing alam sanes. Sampun ngantos upacara tradisi dipungayutaken kaliyan agami. Sakjatosipun upacara wiwitan lan sanesipun ingkang migunakaken sajen menika gumantung niyat pribadinipun.
Jaman sakpunika kathah tiyang ingkang sampun boten remen kaliyan budayanipun piyambak. Saking tiyang enem dumugi tiyang sepuh. Kasunyatan menika saged dipuntingali wonten ing kanan keringing kula miwah panjenengan. Kathah tiyang ingkang boten remen kaliyan budaya seni ringgit purwa. Kula piyambak ugi nate taken kaliyan nem – neman babagan ringgit purwa. Nem – neman wau boten remen kalihan ringgit purwa. Wonten ingkang paring alesan boten ngertos basanipun, boten dhong kaliyan cariyosipun, boten ngertos nami – nami ringgit, lan taksih kathah alesan sanesipun. Sanajan wonten ing salebeting cariyos ringgit purwa kathah piwulangan luhur kangge gesang ing alam donya menika.
Seni jathilan ugi nate wonten tiyang ingkang ngendika jathilan menika kesenian ingkang paling boten sae sadonya. Ingkang naminipun budaya menika boten wonten ingkang boten sae, kajaba budaya korupsi ingkang saweg rame wonten ing nagari menika. Menawi wonten pangandikan kados menika, tiyang ingkang ngendika wau boten ngregani dhateng budaya sanes. Namung ningali kesenian wau saking setunggal sisi lan ngagem kajenge piyambak. Ketingalipun tiyang menika boten remen kaliyan seni jathilan. Ingkang kados menika kedahipun sampun ngantos kedadosan.
Kathah tiyang enem jaman sakmenika ingkang sampun nyingkiraken budayanipun piyambak, budaya sampun luntur. Nem – neman langkung remen kaliyan budaya ngamanca, kados ta babagan girl band lan boy band, anggenipun ngangge rasukan ugi niru – niru budaya kulonan yaiku sarwi minim, sarwi pamer awak kados kirang bahan, ingkang damel wontenipun tindak asusila.
Saged dipuntingali wonten ing tivi, kathah lare – lare ingkang namung niru damel boy band girl band, jogedan wonten ing pundi - pundi. Tiyang nem menika langkung remen kaliyan negari ngamanca tinimbang budayanipun piyambak. Wonten ing HP lan leptop wontenipun namung tembang lan video – video ngamanca. Menawi wonten ingkang enggal, tiyang – tiyang nem sami lomba – lomba pados video utawi tembang menika lan niru – niru jogedan utawi sami tetembangan. Tiyang – tiyang sami boten remen, gengsi kaliyan budaya Jawa terosipun amargi budaya Jawa menika kuna, boten gaul. Sakjatosipun tiyang ingkang ngendika mekaten menika ingkang kuna, amargi kaliyan budayanipun piyambak boten ngertos lan boten saged njagi. Menawi kula miwah panjenengan sagedipun namung niru, negari Indonesia bakal dados “ Negara Peniru “ ingkang boten gadhah jati diri.
Dados tiyang ingkang gesang wonten ing jaman sakmenika, kula miwah panjenengan namung kedah sami njagi lan nglestantunaken budaya – budaya menika sampun sami sirna saking jagad. Remen kaliyan budaya ngamanca menika angsal – angasal kemawon, nanging sampun ngicalaken lan nyingkiraken budayanipun piyambak. Tiyang ngamanca kemawon sami sinau budaya Jawa, sinau karawitan, nyindhen, kula miwah panjenengan dados tiyang Jawi sampun sami kalah kaliyan tiyang ngamanca. Kula miwah panjenengan tansah kedah nglestantunaken lan nguri – uri budaya ingkang wonten. Menawi boten, wonten ing jaman salajengipun saged kewalik yaiku Indonesia ingkang sinau budayanipun piyambak wonten ing ngamanca. Menawi kedadosan mekaten rak nggih ngisin – isini. Budaya ingkang wonten saged ugi dipunaku dening negari ngamanca kados dene ingkang sampun kedadosan. Tuladhanipun inggih menika Reog Ponorogo ingkang dipunaku dening negari ngamanca, senajan Reog menika kesenian asli saking Indonesia. Menawi sampun mekaten nembe mawon sami reang ( ribut ), rinebutan kesenian menika.
Kula miwah panjenengan angsal kemawon ngeli majenging jaman, nanging ngeli nggih sampun sami keli. Amargi menawi kula miwah panjenengan sampun keli kula miwah panjenengan sampun boten gadhah jati diri, wontenipun namung raga ingkang kados golek, tiyang ingkang boten gadhah wewaton gesang ingkang kiyat menika kaya dene kebo dicucruk cungure. Tiyang ingkang keli kados dene ulam mati lan runtah – runtah ( sampah ), boten saged nglawan arus pagesangan. Menawi mlebet kabudayan A sampun ngantos medalipun kabudayan A, nanging  dipunpilih pundi ingkang sae pundi ingkang boten sae, supados dados kabudayan enggal ingkang sae ingkang boten ngicalaken budayanipun piyambak. Dadosa tiyang Jawa ingkang njawani. Cobi sageda dados tiyang – tiyang ingkang boten namung dados konsumen, dadosa tiyang ingkang saged dados produsen.

Dening : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

Alex Ferguson




Alex Ferguson

Informasi pribadi
Nama lengkap
Alexander Chapman Ferguson
Tanggal lair
31 Desember 1941 (yuswa70)
Papan lair
Posisi bermain
Penyerang (sampun pensiun)
Informasi klub
Klub saat ini
Karier senior*
Tahun
Tim
Tampil (Gol)

1957–1960
1960–1964
1964–1967
1967–1969
1969–1973
1973–1974
32 (11)
37 (19)
88 (66)
41 (25)
106 (37)
24 (9)
327 (167)

Kepelatihan
1974
1974–1978
1978–1986
1985–1986
1986–
* Penampilan saha gol wonten klub senior namung dipunetung saking liga domestik.
Sir Alexander Chapman "Alex" Ferguson CBE (lair ing Govan, Glasgow, 31 Desember 1941; yuswa 70 taun) inggih menika pelatih saha mantan pemain bal-balan saking kebangsaan Skotlandia, ingkang wekdal menika nembe nglatih klub gedhe saking daratan Inggris Manchester United F.C., Fergi sebutanipun,sampun tugas nglatih ngantos 1000 pertandingan bal-balan. Dipunanggep dados salah satunggaling pelatih terbaik sepanjang sejarahipun bal-balan ing Inggris.Fergi sampun menangaken langkung kathah piala katimbang pelatih wonten ing pundi kemawon.Fergi sampun nglatih  Manchester United wiwit tanggal 6 November 1986 dumugi wekdal seprene,Fergi nggentosaken Ron Atkinson. Wonten ing Manchester United, Sir Alex ugi sebatane, dados pelatih ingkang sukses wonten ing sejarah bal-balan Inggris,kanthi mimpin tim amenangi 10 gelar juara liga. Ing taun 1999, Fergi dados pelatih ingkang sapisan ingkang mbekta  tim Inggris saged pikantuk treble saking Liga Utama, Piala FA saha Liga Champions UEFA.Fergi inggih satunggaling pelatih ingkang amenangi Piala FA kathahipin kaping 5, Fergi uga dados satunggaling pelatih ingkang saged amenangi Piala Liga Inggris ngantos kaping 3 berturut-turut kaliyan tim ingkang sami juga (1998-1999, 1999-2000 saha 2000-2001). Ing taun 2008, Fergi gabung kaliyan Brian Clough (Nottingham Forest) saha Bob Paisley (Liverpool) dados pelatih  Britania ingkang nate amenangi kejuaraan Eropa ngantos kathahipun langkung saking satunggal.
        
            Fergi menika pelatih ingkang jenius anggenipun milih bakat-bakat pemain sepak bola,kayata legenda hidup Eric Cantona ingkang dipuntumbas saking klub Leeds United,Eric Cantona rikala taun 90’an dados mesin gol kaliyan Mark Huges,saha Kanchelkis.Mboten mandeg menika,Fergi tumbas winger asal Wales inggih menika Ryan Gigsa,ryan Gigs gabung kaliyan Manchester United taksih yuswanipun 17 taun,ananging caranipun main lan playone Ryan Gigs ngedab-ngedabi kaya alap-alap,dumugi seprene Ryan Gigs taksih mbela MU lan dados pembelian ingkang tersukses saha dados legenda ing MU

Taksih kathah talenta lan pemain-pemain ingkang cerdas didikanipun Fergi kaadosta David Beckham ing tersohot sanget wonten malih Paul Scholes,pemain tengah ingkang kuat lan tahan banting.Pemain ingkang fenomenal dumugi seprene inggih menika Cristiano Ronaldo inggih dididik kaliyan Fergi dipunsulap dados mesin gol,playuna lan tembakan bebas dadi andalane.Ananging Karir Ronaldo ana ing MU ora suwe soale,Ronalda konflik karo Fergi soal posisi sing sae kanggo dhewekke.Real Madrid dadi labuhane Ronaldo sabubare metu saka MU.
Sakbubare Ronaldo pindah ing Madrid,Fergi kesissahan anggenipun golek winggir,ananging fergi boten  cepet nyerah lan mutung ati,dhewekw banjur nekakke Nani,wingir saka Portugal,dinggi ngganti posisi Ronaldo.Sanesipun Nani ing taun 2012 iki Fergi pingin mbangun klub ing masa jayane taun 90’an kalawingi.Fergi banjur nekakake bomber saka Negara Walanda yaiku Robin Van Persie kang sadurunge maen kanggo Arsenal,saha Shinji Kagawa saking Dortmunt,Fergi gadhah pangarep-arep ing taun 2012 iki tim sing dipimpin bias dadi juara ing Eropa lan Kejuaraan Domestik.         





Dening
Angga Dicky Krisnawan
10205244029

Kamis, 06 Desember 2012

UNINE LEMUT

Miturut caritane wong-wong jaman  ndisik, lemut iku gedhene sak pitik jago. Uripe ana ing alas. Mangane getih kewan. Lemut  menawa nyokot mendo mesti mati. Kewan-kewan pada wedi karo lemut. Lemut dadi  raja ing  alas wanci kuwi. Caritane uga lemut duweni suweng sing apik kerlap-kerlip sinare.

Lemut duwe kanca putri Kenya anaingpinggir alas. Ing sak wijining dina, putri Kenya mau arep lelungan. Putri Kenya nyuwun ngampil suwenge lemut.Lemut ora duwe rasa curiga marang siputri Kenya mau, suwenge dijilihke nanging ugacepet-cepet dibalekake menawa putri uwis rampung anggone lelungan.
Sedina, rongdina, telung dina putri durung balekake suwenge lemut, lemut banjur nesu. Banjur lemut marani omahe si putri ana ing pinggir alas. 
Saka kadoan putri wus krungu suara mabure lemut. Mesthi lemut arep mrene, pikire si putri, Putri banjur nyepakake merang, merang kuwi banjur diobong. Sak uwise tekan omahe putri banjur didodok  lawing omahe si putri. Ora ana wong sing semaur saka njero omah. Didodok tetep sepi, banjur lemut nesu, lawing omah dirusak, LEMUT banjur mlebu ing omah. Lemut kaget jebul ana ing jero omah ana merang kang wus diobong ndadekake pelug sing okeh banget. Kena pelug merang, lemut dadi semaput banjur awake dadi remuk cilik-cilik banjur mabur ngubengi si putri sinambi nyuara suweng…..suweng…..” (ngeng,ngeng,ngeng).
Kuwi mau kenging menapa swara lemut sing lagi mabur mesthi ana ing kuping, maksude njaluk dibalekake suwenge.

Anggita Petra A.D (10205244007)

Selasa, 04 Desember 2012

KEKANCAN KANG ORA JUJUR

Kekancan Kang Ora Jujur - Ana ing sawijining alas gedhe, alas Praya jenenge utawa alas kethek, sebab akeh kethek keng urip ing ngriku. Salah sijine kethek mau kaceluk Monyet. Sebabipun yaiku ana ing sawijining dina kethek kasebut nyolong gedhang ing kebone Pak Tani, ing pinggir alas. Amargi serakah anggene mangan, kethek mau boten ngerti yen Pak Tan iwis ana ing ngingsoring wit. Ndelok akehe kulit gedhang kang morak – marik, Pak Tani banjur nesu lan misuh – misuh.
“ dhasar monyet, isane mung nyolong !”
“ krak!” keprungu debog gedhang tugel dibabad parange Pak Tani.
Kethek kuwi keri telat anggone lunga. Dheweke katut kagawa debog gedhang sing dipenek.
“ nek meh mangan gedhang, nandura dhewe !“ bengoke Pak Tani sinambi mburu si kethek mau. Kethek kang kelaran amarga tiba mau ngerti yen bebaya ngancam dheweke. Dheweke mlayu ra karuan lan mlebu neng alas.
“ ha … ha… ha… “ keprungu guyu kang ndhuwur wit nang alas.
Kethek kuwi kaget. Dheweke mandheg lan ndelok mandhuwur. “ asem kowe ! kanca meh cilaka, malah diguyu, “ bengoke si kethek kuwi.
“ he, he, he, sang Monyet.
Nengapa kowe mlayu kaya ngana kuwi ?”
“Kepiye aku ora mlayu kaya ngene.
Aku meh mati dibabad.”
Kethek kuwi sangsaya nesu krungu kancane padha nembang ngece dheweke. Jebule kanca – kancane ndelok kabeh kang dialami dening monyet. Saking kedadeyan kuwi dheweke diparabi si Monyet.
Si Monyet mlaku terus ngadohi kanca – kancane. Dheweke sengit marang kanca – kancane sing wis marabi si Tukang Mangan. Ana uga kang njenengi si Serakah.
Ijig – ijig githoke mrinding kelingan yen dheweke meh wae dipateni Pak Tani. Nyolong gedhang pancen bebayane gedhe. Si Monyet kelingan terus omongane Pak Tani.
“ ah, aku kudu goleki kancaku. Muga – muga gelem dak ajak nandur gedhang. “
Kethek mau mbatin karo terus mlaku. Dugi neng pinggir kali dheweke mandheg. Kethek kuwi nembang nyeluk kancane. Ora let suwe Kodhok kancane Kethek metu.
Kewan sakloron seneng ketemu. Nakekaken keslametan siji – sijine. Sawise kuwi, Kethek ngajak Kodhok nandur gedhang. Si Kodhok mau sarujuk.
“ ayo goleki bibite ?” pangajake si Monyet.
“ awake dhewek nunggu bibit gedhang neng pinggir kali, biasane ana wit gedhang kan kagawa banyu. “ jawabe Kodhok.
Ora let suwe ana wit gedhang kang kagawa banyu, banjur Kodhok narik wit kuwi. Sasuwene dienteni wis ora ana wit gedheng kang keli meneh. Banjur Kethek karo Kodhok sepakat mbagi loro wit mau.
“ ayo ditugel dadi loro ? kowe sing ngingsor, aku sing ndhuwur. “ si Monyet ngrayu.
“ ah, aja curang to, sing bisa who kan bagian ndhuwur sing ana godhonge .” si Kodhok nolak. “ karo kanca masa ribut, sing ngingsor ya padha wae isa who og.” Si Monyet ngrayu meneh.
Sang Kodhok sidane ngalah. Kewan sakloron mau nandur wit gedhang neng kebone dhewek – dhewek.
Sewulan sepisan si Monyet tilik si Kodhok.
“ piye tanduranmu ?” takone si Monyet. “ subur banget. Godhonge lemu – lemu.” Jawabe Kodhok.
“ padha.” Jarene si Monyet.
Sing kaping telu anggone tilik si Monyet takon.
“ kepiye tanduranmu?”
“ uh wis who uakeh bianget.” Jawabe si Kodhok kanthi rasa bungah.
“ padha karo gedhangku,” jawabe si Monyet.
Si Monyet tilik maneh kang kaping nem.
“ kepiye tanduran gedhangmu?”
“ wis mateng kuabeh gedhange “
“ padha karo gedhangku. “
“ Nyet tulung jupukna gedhangku. Aku ra isa menek e.”
“ beres. Ayo ndang rana !”
Kethek karo Kodhok banjur menyang kebon. Si Monyet mangan gedhange si Kodhok lan ngentekke. Si Kodhok ora dikei gedhange babar blas. Banjur si Kodhok nesu lan mbabad wit gedhange. Banjur si Monyet tiba neng krusekan wit – witan sing akeh ri – riane. Wetenge si Monyet sing isi gedhang sowek lan getihe mili.

Dening : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

Dumadining Kali Serayu

Tembung serayu dumadi saking tembung Soroh utawi pasrah, kaliyan tembung Hayu utawi gesang, ingkang ateges pasrahing gesang tiyang Banyumas dhumateng alam sak isinipun. Menika awujud pangertosan kosmologi masarakat tradisional wonten ing wilayah menika, gesang wonten ing donya dados salah satunggaling pagesangan ingkang boten badhe kapisahaken saking alam sak isinipun.
Wonten ing jaman sumebaring agami Hindhu, lepen Serayu dipungambaraken dados analogi saking lepen Gangga ing India. Lepen Serayu dipundamel dening Bima namung kanthi palananganipun Sang Bima. Tukipun toya lepen menika wonten ing pagunungan Dieng ingkang dipunwastani Tuk Bima Lukar. Damelipun lepen Serayu menika amargi wontenipun lomba antawisipun Pandhawa kaliyan Korawa ingkang kathahipun 100 kanthi dipunpimpin dening Pandhita Drona. Bima damel lepen Serayu, lajeng Korawa damel lepen Klawing.
Gb. Kali Serayu rikala ketiga.
Dumugi wonten ing sawijining papan, Bima ingkang dipunestreni dening Punakawan gelaran klasa kagem papan lungguhan dhahar. Nanging saderengipun dhahar sangunipun ingkang sampun samekta, Bima lan Punakawan miring surak – surakipun Korawa ingkang rumaos sampun yakin dados juara lomba kasebut. Lajeng Bima boten sios leren. Papan ingkang kagem gelaran klasa menika lajeng dipunwastani Desa Gelaran.  Bima nyawang neng mangidul lan katingal para Korawa saweg pesta ngrayakaken menangipun. Papan kangge nyawang salajengipun dipunwastani Desa Sawangan, lan papan kangge bala Korawa ingkang ketingal saweg pesta dipunwastani Somakaton. Somakaton dumadi saking tembung kusuma wus katon. Papan – papan menika dumunung wonten ing Kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah.
Ajrih kalah saking Korawa, lajeng Bima cepet – cepet anggenipun kinarya, ingkang pungkasanipun lomba menika dipunmenangaken dening Bima. Kalahipun Korawa ndadosaken Pandhita Drona dumados korban. Pandhita Sokalima menika diukum kanthi palananganipun ditugel lan dipunbucal wonten ing pinggiring lepen Klawing. Papan menika sakmenika dipunwastani kanthi nami Panembahan Drona, dumunung wonten ing Desa Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon, Kabupaten Purbalingga. Wonten ing papan menika taksih kasimpen lingga ingkang rumiyinipun dumados saking palananganipun Pandhita Drona.
Dening  : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •