Selasa, 30 Oktober 2012

Sambungan kreteg Dalan lingkar Ambarawa ambles 4 centimeter

AMBARAWA, Selasa 30 Oktober 2012 katingal bilih  sambungan saking pojoking mergi lan pojoking kreteg utawi oprit kreteg Tambakboyo wonten lingkungan Tambakrejo, Ambarawa tepatipun ing titik saderengipun pojoking kreteg dalan Lingkar Ambarawa (JLA) saking arah pertigaan Bintangan, Bawen kadadosan bilih sambungan kreteg menika ambles 4 sentimeter, miturut saking warga sekitar kreteg menika bilih nembe kemawon dipun resmekaken dening menteri pekerjaan umum (PU) RI Djoko Kirmanto.
Informasi ingkang dipun mangertos, amblesipun oprit dalan menika kanthi dawanipun  kirang langkung 2 meter dan ambanipun 2 meter menika masyarakat sekitaripun  dereng mangertos persis kapan amblesipun kreteg. Ananging warga lingkungan Tambakboyo, Ambarawa lajeng mangertos sasampunipun ngliwati dinten Selasa (30/10) kreteg menika sampun ketawis ambles
Miturut informasi warga sekitar kahanan amblesipun kreteg menika saged kemawon amarga   intensitas udan ingkang deres sajroning sewulan,  menika ," ngendikanipun petani warga lingkungan Tambakrejo RT 5 RW 3, Ugi saged saking truk ageng ingkang ngliwati kreteg menika saking arah Yogyakarta ingkang mlebet mlebet Ngampin, Ambarawa, saben kendaraan ageng kadosta tleler, tronton  muatan ingkang ngliwati kreteg menika, kreteg krasa obah-obah utawi kedher, amargi kreteg menika asring dipunliwati truk-truk ageng ingkang mbeta muatan dhateng Semarang, amblesipun kreteg menika katingal cetha saking tempuking  pojoking mergi  lan pojoking kreteg, kadadosan kreteg ambles menika ngemutaken dhateng kendaraan ingkang ngliwati kreteg Tambakboyo menika kedah ngati-ati, mliginipun truk-truk ageng ingkang muatan, anggenipun ngliwati  kedah gantosan,bilih mboten gantosan samangkeh kreteg menika sansaya ambles, ing samangkeh cagak ingkang damel konstruksi kreteg menika mboten kiat mangkeh ambles, ajrihipun pas wonten kendaraan ingkang nyebrang malah ambles, menika ingkang kedah dipun ngati-ati.kadadosan amblesipun kreteg Tambakboyo sampun dipun mangertos dening pihak Bina Marga Jawa Tengah, ing samangkih badhe wonten tindak lanjut saking pihak Bina marga ngengingi kreteg menika, dumugi wekdal menika kreteg tasih aman dipunliwati.pramila akses mergi tasih dipun bikak.





















Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •