Budaya
menika salah satunggaling asiling cipta, rasa, karsa, lan karya manungsa. Saben
negari, suku, lan manungsa gadhah budayanipun piyambak – piyambak. Indonesia
menika negari ingkang gadhah mapinten – pinten budaya saking mapinten – pinten
suku. Samana ugu kaliyan suku Jawa. Jawa tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur ugi
gadhah budayanipun piyambak – piyambak ingkang kathah. Kathah sanget budaya
ingkang sampun dipundamel dening tiyang jaman rumiyin. Budaya menika taksih
wonten dumugi jaman sakmenika, kayata kesenian, tradisi, arsitektur, lan
sapiturutipun.
Budaya
– budaya babagan upacara tradisi kathah tiyang ingkang sami boten ngagem lan
ngicalaken. Upacara tradisi kaya ta wiwitan panen kathah ingkang sami boten
ngagem. Amargi upacara menika wonten ubarampe ingkang awujud sajen, ingkang
isinipun yaiku kembang, menyan, jajanan pasar, lan sanes – sanesipun. Wonten
ingkang ngendika terosipun sirik “ menyekutukan Tuhan “. Tiyang Jawi Jaman
rumiyin saderengipun agami mlebet pitadosanipun animisme kaliyan dinamisme
ingkang pitados dhateng roh – roh ingkang dumunung wonten ing sawijining papan.
Dados tradisi ingkang mekaten boten saged ical, amargi sampun sami rumasuk ing
raga tiyang Jawi. Sakjatosipun upacara menika kangge raos sukur dhumateng Gusti
Ingkang Maha Suci, ingkang sampun paring kathah rejeki dhateng para tani.
Upacara menika ugi kangge ngormati dhateng “ ingkang boten ketingal “, amargi
kula miwah panjenengan gesang ing alam donya menika boten namung piyambak,
nanging kathah kancane wonten ing alam sanes. Sampun ngantos upacara tradisi
dipungayutaken kaliyan agami. Sakjatosipun upacara wiwitan lan sanesipun
ingkang migunakaken sajen menika gumantung niyat pribadinipun.
Jaman
sakpunika kathah tiyang ingkang sampun boten remen kaliyan budayanipun
piyambak. Saking tiyang enem dumugi tiyang sepuh. Kasunyatan menika saged
dipuntingali wonten ing kanan keringing kula miwah panjenengan. Kathah tiyang
ingkang boten remen kaliyan budaya seni ringgit purwa. Kula piyambak ugi nate
taken kaliyan nem – neman babagan ringgit purwa. Nem – neman wau boten remen
kalihan ringgit purwa. Wonten ingkang paring alesan boten ngertos basanipun,
boten dhong kaliyan cariyosipun, boten ngertos nami – nami ringgit, lan taksih
kathah alesan sanesipun. Sanajan wonten ing salebeting cariyos ringgit purwa
kathah piwulangan luhur kangge gesang ing alam donya menika.
Seni
jathilan ugi nate wonten tiyang ingkang ngendika jathilan menika kesenian
ingkang paling boten sae sadonya. Ingkang naminipun budaya menika boten wonten
ingkang boten sae, kajaba budaya korupsi ingkang saweg rame wonten ing nagari
menika. Menawi wonten pangandikan kados menika, tiyang ingkang ngendika wau
boten ngregani dhateng budaya sanes. Namung ningali kesenian wau saking
setunggal sisi lan ngagem kajenge piyambak. Ketingalipun tiyang menika boten
remen kaliyan seni jathilan. Ingkang kados menika kedahipun sampun ngantos
kedadosan.
Kathah
tiyang enem jaman sakmenika ingkang sampun nyingkiraken budayanipun piyambak,
budaya sampun luntur. Nem – neman langkung remen kaliyan budaya ngamanca, kados
ta babagan girl band lan boy band, anggenipun ngangge rasukan ugi niru – niru
budaya kulonan yaiku sarwi minim, sarwi pamer awak kados kirang bahan, ingkang
damel wontenipun tindak asusila.
Saged
dipuntingali wonten ing tivi, kathah lare – lare ingkang namung niru damel boy
band girl band, jogedan wonten ing pundi - pundi. Tiyang nem menika langkung
remen kaliyan negari ngamanca tinimbang budayanipun piyambak. Wonten ing HP lan
leptop wontenipun namung tembang lan video – video ngamanca. Menawi wonten
ingkang enggal, tiyang – tiyang nem sami lomba – lomba pados video utawi
tembang menika lan niru – niru jogedan utawi sami tetembangan. Tiyang – tiyang
sami boten remen, gengsi kaliyan budaya Jawa terosipun amargi budaya Jawa
menika kuna, boten gaul. Sakjatosipun tiyang ingkang ngendika mekaten menika
ingkang kuna, amargi kaliyan budayanipun piyambak boten ngertos lan boten saged
njagi. Menawi kula miwah panjenengan sagedipun namung niru, negari Indonesia
bakal dados “ Negara Peniru “ ingkang boten gadhah jati diri.
Dados
tiyang ingkang gesang wonten ing jaman sakmenika, kula miwah panjenengan namung
kedah sami njagi lan nglestantunaken budaya – budaya menika sampun sami sirna
saking jagad. Remen kaliyan budaya ngamanca menika angsal – angasal kemawon,
nanging sampun ngicalaken lan nyingkiraken budayanipun piyambak. Tiyang
ngamanca kemawon sami sinau budaya Jawa, sinau karawitan, nyindhen, kula miwah
panjenengan dados tiyang Jawi sampun sami kalah kaliyan tiyang ngamanca. Kula
miwah panjenengan tansah kedah nglestantunaken lan nguri – uri budaya ingkang
wonten. Menawi boten, wonten ing jaman salajengipun saged kewalik yaiku
Indonesia ingkang sinau budayanipun piyambak wonten ing ngamanca. Menawi
kedadosan mekaten rak nggih ngisin – isini. Budaya ingkang wonten saged ugi
dipunaku dening negari ngamanca kados dene ingkang sampun kedadosan.
Tuladhanipun inggih menika Reog Ponorogo ingkang dipunaku dening negari
ngamanca, senajan Reog menika kesenian asli saking Indonesia. Menawi sampun
mekaten nembe mawon sami reang ( ribut ), rinebutan kesenian menika.
Kula
miwah panjenengan angsal kemawon ngeli majenging jaman, nanging ngeli nggih
sampun sami keli. Amargi menawi kula miwah panjenengan sampun keli kula miwah
panjenengan sampun boten gadhah jati diri, wontenipun namung raga ingkang kados
golek, tiyang ingkang boten gadhah wewaton gesang ingkang kiyat menika kaya
dene kebo dicucruk cungure. Tiyang ingkang keli kados dene ulam mati lan runtah
– runtah ( sampah ), boten saged nglawan arus pagesangan. Menawi mlebet
kabudayan A sampun ngantos medalipun kabudayan A, nanging dipunpilih pundi ingkang sae pundi ingkang
boten sae, supados dados kabudayan enggal ingkang sae ingkang boten ngicalaken
budayanipun piyambak. Dadosa tiyang Jawa ingkang njawani. Cobi sageda dados
tiyang – tiyang ingkang boten namung dados konsumen, dadosa tiyang ingkang
saged dados produsen.
Dening : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015
0 komentar:
Posting Komentar