Asal-usule Kaliurang
Panase
kaya ndilat mbun-mbunan.Nanging ora digawe rasa.Sikil kaya ana sing
nguncalke.Jangkah sing sabene cekak-cekak,rasane sejangkah luwih saka semeter.
Nyi
Sunan thingak-thinguk.Nguping kiwa tengen mung suwarane kethek rebutan who-wohan.Sing
digoleki durung katon.Atine sumelang.Mengko gek garwane dimangsa bekasakan
alas.
“Kangjenggggg….” Karepe mono mbengok
sak kayange.Sing dibengoki ora njedhul.Lakune saya munggah,tekan ereng-erenging
gunung.Ewasemono durung ana jlarit-jlarit,tepak tilas sing cetha.
“Ha…ha….ha…” Jegagik! Nyi Sunan atine
nratap krungu suwarane ngakak.Saya nyedhaki.Jlegggg…..! Slendange krasa
abot,ana sing nggeret.
“Ayo…melu aku…ha…ha…! Plak ketiplak
timpling…plak ketiplak timplung.”Suwarane nggodha , ngleleda.
“Hus…ora sembrana! Sapa kowe?” Kambi
narik slendang sing dieneng-eneng.
“Aku sing tunggu alas iki.” Wangsulane
karo mbalik,ngubengi Nyi Sunan.Kaya arep nguntal-untala.
“Jenengmu?”
“Buta Locaya.” Nyi Sunan tambah
giris.Ndredheg.Nedya nyingkang kang arep kurang
ajar.Lenggggg…….brabat…..siyutt….
Nyi Sunan sambat ngaruhara.Jebul awake
wis ora ngarabah lemah,disaut buta Locaya.Mabur,bleberrrrrr..kaya angin.
Arep tulung-tulung,klakep,cangkem kaya
dibungkem.Atine nitir,was.Panas saya ngetap.Abure saya dhuwur,srengenge tambah
ngetap.Kaya ngobong klambi.
“Kowe kudu dadi bojoku.Wis dadi
padatan,angger ana wanita leledhang dhewe iku bageyanku.”Sing dijak guneman
sidhem.Pasrah pati urip. Durung nganti tekan pucuking gunung Merapi,buta Locaya
rada kuwalahen. Wanita sing dibopong kaya tambah abot.Ora kewuhan,njur matak
aji Septiangin ,ngeplas meneh.Mundhak entheng.
Ora ngertia bareng tekan sakiduling
gunung Merapi, wanita kang digawa saya anteb. Prasasat diboboti gunung.
“Hem….iki dayane apa? Apa wanita iki
turuning dewa? Kok abote ora jamak.” Batine buta Locaya,nganti
pringisan.”Eittt….brokkkkk…..krosakkkk!” Nyi Sunan ucul saka regemane buta
Locaya. Awake kumleyang,tiba ing wit gedhe.Buta Locaya nututi.Lhadalah!!! Jebul
ing dhangkeling kayu Preh gedhe ngrembuyung,ana wong lagi semedi. Nyi Sunan
tiba ing ngarepe, sing tapa jugar.Kaget sakal. Njola.
“Piye ta iki mau,kok bisa ngene?” Sunan
Kalijaga miterang, kambi ngelus garwane sing lemes, awake kuku lumbu.Sing
ditakoni mung amem, durung ilang getering dhadha.Sanajan atine wis rumangsa
nampa kamulyan bisa ketemu garwane,guru lakine sejati.
“Kosik ta,piye….piye.Aku ki lagi tapa
kok disusul.”Sing ditakoni nata ambegan.Bareng arep keclupe lambe,ndadak wis
kesusul buta Locaya.
“Ooooo…bola-bali kowe Kalijaga,mungsuh
bebuyutanku.Isih urip ta kowe??”Suwarane santak,ngabangake kuping.Gregah, Suna
Kalijaga nurokake Nyi Sunan.” Yah!” Wangsulane cekak,anteb.”Jebul kowe ta sing
njalari bojomu ucul saka boponganku.Ooo..iya,ngedir-dirke kadigdayanmu
ta,genahe”.Sunan Kalijaga mentheleng.
“Sakarepmu! Wis ping pira kowe seneng
gawe rusak,ngganggu gawe kawulaku”.Ora kanyana buta Locaya wis kumleyang
kepelane tangan.Sunan Kalijaga siyaga.Nyi Sunan nekem dhadha,miris.
“Ayo tokna kemandhenmu!”Sunan Kalijaga
nyaut pusakane,teken Kyai Deling.Kasawatake buta Locaya,srettt….Kaya ana cahya
ngobong buta Locaya.Teken wis klakon nglumpuake buta Locaya.Tobat.”Aku kapok
Kalijaga,wis uripana, aku gelem mbantu sakabehing karepmu”.
“Ora goroh?”
“Ora!!” Sunan Kalijaga nyedhaki buta
Locaya.Nyi Sunan nyambungi rembug.”Pun pejahi sisan mawon.Buta Locaya menika
remen sembrana.Kapok niku rak teng ngarep sampeyan….” Sunan Kalijaga noleh,njur
mangsuli wicaksana.
“Pati kuwi dudu awake dhewe sing
murba.Karomeneh Locaya wis pasrah.Kejaba yen isih wangkot,kena dilunasi”.Nyi
Sunan manthuk,ngamini.
“Mung eling-elingen Locaya! Kowe tak
apura, nanging ora kena pisan-pisan meneh ngganggu bojone liyan.Ora kena
nggodha samangsa kawulaku lagi nindakake wajib ing papan ngibadah.Malah jaganen
jim setan prepriyangan sing sok nggubel kawulaku kae.Saguh? Kana balia!” Buta
Locaya manthuk.Nyi Sunan nggumun marang kawicaksanane garwane.
“Srengenge wis gumlewang.Buta Locaya
mlesat bali menyang gunung Merapi.Ora let suwe keprungu suwara adzan
makantar-kantar saka ereng-erenging gunung.
“Sampun manjing”.Sunan Kalijaga
ngiyani.”Nanging mboten wonten toya kangge wudlu,menika dos pundi?”.
“Ayo menyang sisih wetan kae.Mung
kanggo pangeling-eling wae Nyi,papan nggonku semedi nganti bisa ketemu kowe
meneh iki tak jenengke Panyawangan.Ya
papan kene aku bisa nyawang resiking batinmu.Bisa nyawang Locaya kang gelem
tobat,bisa nyawang kaendahaning alam.”
“Inggih kula nekseni.Mangga nunten
medhak”.Wong sakloron reruntungan,mudhun.Sinelingan ocehing manuk-manuk
trembuku.”Lha mboten wonten banyu ngaten”.Panyelane Nyi Sunan.
”Sabar”.
“Sabar pripun,napa tayamum mawon?”
“Ora aku sumuk banget.Butuh adus
dhisik”.
“Inggih nanging badhe siram napa.Genah
teng nggunung ngaten.”Sunan Kalijaga nudingi papan rungkut,ngisore kebak wadhas
plethas.”Teken iki tutna.Arep tak uncalke,mengko tibane ngendi copoten.Sapa
ngerti ana banyune”. Nyi Sunan semu maido.Teken cumlorot kaya kilat,ana cahya
sembirat ing pucuking teken Kyai Deling.Nyi Sunan tutwuri.
“Prolll….currrrrr…..” Nyi Sunan lagi
percaya.Teken kang dicopot saka watu karang kuwi muncrat,ngetokake banyu bening
kincling.Sunan Kalijaga nyedhaki.Ilining banyu saya gedhe,njur digawekake
clekodhekan.”Adus dhisik Nyi!” Nyi Sunan wiwit cucul.Wong sakloron
gebyar-gebyur.Anehe,jenggote Sunan Kalijaga okeh sing mrotholi.Semana uga
rambute Nyi Sunan.Ora gantalan wektu, rambut lan jenggot ilang ing banyu.Sing
Katon,ana sawenehing iwak kang duwe sungut.Grameh,lele,urang pating sliri
rana-rene.Slulum lelumban ing clekodhekan.
“A……tho,apa iki!”Nyi Sunan
ngadhuh.”Eitttt…. nekad tenan iki.”Wong sakloron kelaran,disapit Urang .Mangka
nyapite milih ,perangan tartamtu.
“Mula Nyi, kanggo ngeling-eling mbesuk
tekan anak putune dhewe,yen wis dewasa kudu disupit.Yen putri ya
ditetesi.Soale,awake dhewe disapit Urang nakal”.Nyi Sunan setuju.Bubar adus
banyu dibabral,disabet teken.Byakkkk…..banjir bandhang,dadi kali sing kebak
Urang.
“Malah prayogi kali lan papan ngriki
kanakna Kali Urang,nika kathah urangipun.”Sunan Kalijaga terus ngajak nindakake
wajib.Mung nggelar surban.Kahanan nyandhak sembirat abang.Srengenge ngajak
angrem ing petarangan.Layung-layung ngawe sakloron bali,tilik omahe.
Yogyakarta,15
Oktober 1991
Pethikan Sega Rames kaca 49.
ANGGA DICKY KRISNAWAN
10205244029
PBD KELAS G 2010
0 komentar:
Posting Komentar