Jumat, 28 Desember 2012

Penjara Kayu Jati


Nalika golek muatan iseh akeh,dhepo kayu iseh padha sukses lan kayu-kayu alas iseh akeh,montor trek podho ngantri muat kayu jati sing arep dikirim gawa ning Jepara lan Klaten,saben dina kurang luwih sepuluh antri ana dhepone pak haji Supomo, juragan kayu ana daerah Kandangan Temanggung, nalika semono sopir sing dipercaya pak Supomo kuwi Narno lan kernete sing jenenge Teguh waluyo, bocah loro mau lagi antri muatan nang dhepo, sinambi karo omong-omongan rembugan golek muatan balen yen mengko sido muat nang Jepara,yen oleh muatan balen keno gawe imbuh-imbuh tuku solare. dheweke cerita yen nyambut gawe sopir kuwi ana penake yo ono susahe, penake bisa pengalaman weruh kahanan nang dalan lan daerah ngendi-ngendi,ora penake kuwe yo okeh, sopir kuwe yen kurang turu dadine awake pucet, kesehatane kurang, nanging kepriye maneh gawean kuwe ora ana sing kepenak, mung awake dhewe sing nglakoni kuwe kudu dilantari rasa ikhlas, Narno sing kawit bocah nyopir kuwi pancen wis pengalaman, bocah enom sing patut gawe tuladha nom-noman liyane, durung duwe bojo nanging nyambut gawene sregep.
            Wis ngenteni setengah jam, trek sing muat kayu jati wis kebak, banjur gaweane Teguh, nutup kayu jati sing dimuat nganggo terpal, Narno mau ngecek ban lan mesin, pancen sakdurunge mangkat biasane dicek kabeh, mengko yen nang dalan ora ana masalah, yen wis diterpali banjur laporan marang pak Supomo, yen barange siap diterke ,biasane yen arep mangkat karo laporan kuwe diwenehi ongkos muatan lan surat jalan karo surat kirim barang, ngenteni Narno sing lagi ngecek ban lan mesin, Narno kongkon Teguh sing njupuk ongkos muatan lan surat kirim barang, dhuwit dijupuk karo Teguh banjur montor distater, dipanasi sedela, Narno nyumet rokok langsung wae mangkat nyambut gawe kirim barang ana Jepara, pancen trek mau iseh  anyar dadine iseh rosa lan playune iya iseh banter, tumpakane iseh penak banget, trek mitsubishi intercooler sing variasine apik, bak trek sing ditulisi abadi makmur  sing disopir Narno kuwi, ketok gagah nang njero trek,dhasar bocah iseh enom nyupire iya banter mula pak Supomo seneng amarga yen kirim barang cepet,ora tau mulur wekktune.biasana yen wis arep mlebu kutho Jepara dheweke mangan nang warung,golek warung sing rada murah,mangan ben wareg,salebare mangan banjur nerusake laku.


            Wis mlebu mlebu kutha Jepara,mlakune rada disuda amarga nang kono ana polisi sing arep operasi trek, polisi nyemprit, montor sing disopir Narno dikon mandheg,Narno iya ora nderedhek amarga wis biasa yen arep mlebu kutha dicek karo polisi,sing penting surat dalan karo surat kirim barang digawa, Narno medhun omong-omongan karo polisine,surate ditakokake karo polisi banjur Narno njupuk nang njero trek,rada suwi nggoleki surat ora ketemu, Narno rada sumelang banjur takon Teguh.
Guh surate mau digawa apa ora?”pitakonane Narno”.kahanan bingung iya rada nesu
Teguh bingung kayane lali Nar”Teguh nyauri.
Waduh priye mau kae biasane diwadhahi stopmap”Ujare Narno”
Cilaka kiye,karo mara nang polisine, ditakoni surate ora ketemu banjur bocah loro mau digawa nang pos polisi, wis ngerti yen montor mau muatan kayu jati, Narno digawa nang kantor polisi amarga kayu jati kagolong kayu sing larang regane, kuwi kayu alas sing arep nebang wae kudu ana ijin saka pemerintah, apa maneh yen arep kirim kudu ana surat dalane, gandheng surate ora digawa, bocah mau di gawa menyang kantor polisi Jepara banjur  disidang,wis ora bisa ngenyang, polisi gelem mbebasake yen ana buktine surate dalan mau,dikira kayu jati sing ana trek kuwi kayu colongan, amarga akeh kayu jati sing ilang nang alas-alas duweke pemerintah, polisi Jepara nglebokake bocah loro mau ana penjara,rasa sing wedi lan melas sing dirasake Narno lan Teguh, iya salahe Teguh surate ora digawa, bocah loro mau mung kethap-kethip nang njero sel, omong-omongan kepriye bisane surat kuwi teka kene, dheweke ngubungi pak Supomo, ben surat mau dititipke padha supir sing arep kirim nang Jepara, nanging arep omong karo pak Supomo wedi.mung bisane bingung arak kepriye kiye, Teguh yo duwe salah sing banget dadi dileboke penjara amarga surate keri nang omah.
Wis rada suwi anggone omong-omongan,banjur ngubungi pak supomo,nyileh telepone pak polisi,bejone bocah loro mau pak supomo iya ora nesu, dimaklumi yen manungsa kuwi panggonane lali lan luput, ana telpon omong-omongan,Pak supomo ngendika yen surate bakal dititipake Pak suyatno sing podho kirim nang Jepara, dikon ngenteni sedina,krungu ngendikane pak Supomo, Narno wis rada lega,ngnetni sedino pak Suyatno teka,dheweke  bisa bebas

            Ngenteni sedina, Pak Suyatno teka nang kantor polisi Jepara, Narno plega dheweke seneng banget,atine bungah iya lega, Pak suyatno ngenehke surat nang pak polisi,wis ana buktine yen kayu jati mau ana surate komplit, bocah loro mau ditokake seka sel ditakoni maneh banjur kon nanda tangani surat saka polisi, Narno dhewe bingung surat apa, sing ana nang pikirane dheweke sing penting aku ora nggawa kayu colongan, surat wis komplit,polisi mbebasake Narno karo Teguh.karo metu saka kantor polisi mau bocah loro kuwi omong-omongan ngndhani Teguh mula yen arep apa-apa kuwe dieling-eling disik, aja grusa-grusu. Teguh karo mlaku mung pringisan ora bisa nyauri.


           
........!!........

Imam Fauzi(10205244003)




Ki Seno Nugroho


Seno Nugroho lahir ing Yogyakarta, 23 Agustus 1972, KI seno pidalem wonten Ia tinggal di Jl. Mangunsarkoro No. 52, Yogyakarta.Ki seno menika lulusan saking sekeloh menengah kesenian Indonesia  salah satunggaling dhalang kondhang ing Yogyakarta, Ki seno putra kaping sekawan saking gangsal putra, bakat dhalang KI seno menika turun saking Bapak lan ugi simbahipun.simbahipun ingkang asma Ki Bancak menika Ugi dhalang kondang nalikane tahun 1960-an, lan Ramanipun Ki Seno KI Suparman ugi dhalang nalika tahun 1970-an, lantaran asal-usul saking kaluwarga dhalang, awit saking lare alit sampun ngenal babagan pedhalangan,nanging wiwit umuripun sedasa tahun Ki Seno remen kaliyan pewayangan, Ki seno gadhah kelompok karawitan piyambak ingkang namanipun ‘Warga Laras’ ingkang anggotanipun kirang langkung 50 tiyang.
            Minangka dhalang kondhang I seno gadhah kiat wonten suksesipun, inggih menika manfaataken peran media masa, tokoh wayang ingkang dipun remeni wonten ing pedhalangan inggih menika Punakawan, lakon wayang ingkang wonten tokoh punakawan  menika remen dipun pentasaken, kadosta Semar bangun kahyangan. Ki seno nugroho menika dados seksi pagelaran wonten ing paguyuban dhalang-dhalang ing Yogyakarta. Anggenipun pentas wayang nglimputi Jawa lan luar jawa, mboten namung ing Indonesia kemawon, Ki seno Nugroho sampun nate ing luar negeri, Ki Seno Nugroho sampun nate pentas ing Belanda lan Belgia kanthi ngawontenaken kolaborasi tari kaliyan wayang.

Imam Fauzi (10205244003)







Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •