Selasa, 13 November 2012

Kisruh Susulan Lampung Kidul,70 omah diobong, 6 Mati




KALIANDA-Kisruh antawisipun padusunan ing Lampung Kidul tambah nggegirisi.70 omah warga Padusunan Balinuraga,Kecamatan Way Panji,diobong ewonan warga Kecamatan Kalianda,Senin (29/10).Sedaya korban ingkang pejah amargi kerusuhan menika dipunbiwyarakaken ngantos enem tiyang.
Kisruh antar padusunan menika wiwit jam 14.00 wib,enjang.Sekitar 2.000 aparat keamanan setempat boten saged mbendung amuk puluhan ewu massa.Sakderengipun aparat Brigade Mobil saha TNI ngusada ngusir massa ingkang dugi saking arah Padusunan Agom,Kalianda,dibarengi kanthi rentetan tembakan saha gas air mata.Amargi kalah jumlah personil,brikade aparat saged dipunjebol warga ingkang mbekta mawarna-warna senjata tajam saha bom Molotov.Setunggal mobil aparat kepolisian inggih dados amukan massa.
Warga ingkang nyerang menika nuntut balas amargi tiga tiyang kanca warga ingkang nyerang kaliyan sedasa tiyang ingkang cidera kengingt luka tembak ing kerusuhan dinten kapisan,Minggu (28/10).Massa terus-terusan ngobongi omah-omah warga ingkang sampun dipuntilar ingkang gadhah.Aksi balas dendam menika sampun kraos sabibaripun prosesi pemakaman  tiga warga ingkang pejah wonten ing kerusuhan kalawingi.Mobilisasi massa ingkang dipunwiwiti jam 10.00 WIB menika nyebabaken polisi nutup dalan lalu lintas ing sekitar Dusun Balinuraga ingkang jarakipun 30 menit saking pelabuhan Bakauhuni ingkang biasa dipunlewati badhe tumuju ing Sumatera.Ananging sekitar jam 14.30 WIB saged dipunbikak merginipun.
Gelombang para pengungsi inggih tambah kathah sanget.Sanesipun para wanita ugi kathah para lare-lare,warga ing sekitar Dusun Balinuraga kathah ingkang pados papan ingkang aman lan tentrem saking kerusuhan.
Kerusuhan antarwarga ing dinten Senin kalawingi,ngantos ngrenngut korban jiwa.Sekawan warga Desa Balinuraga pejah kanthi luka ingkang parah lan ngenes sanget.Setunggal jenazah menika gemletak ing dalan kanthi ngenes.
Ewonan warga ingkang dugi nyerang dusun menika sisah sanget menawi dipuntahan.Para warga mlebet lewat galengan sawah lan dalan tikus ing padusunan.Kapolres Lampung Kidul AKBP Tatar Nugroho dereng saged maringi katerangan ngenani kadadean menika ing lapangan.”mangke nggih mangke!!” kula taksih wonten ing papan menika”jelasipun Tatar.
Nanggepi kerusuhan menika,Menko Polhukum Djoko Suyanto badhe nambah personil kangge njagi supados wilayah,situasai papan padusunan menika sage daman lan wangsul normal kados dinten-dinten biasanipun.Pengendalian massa menika akhiripun inggih pikantuk kasil ingkang sae.Para massa lan warga saged bubar lan wangsul piyambak-piyambak kanthi aman.(tempo.co,detik.co)





Pawartos
Dening: Angga Dicky K
(10205244029)

Lagu Rohani mawi Basa Jawa


Tumrap para tiyang ingkang nganut agami Kristiani,wonten ing laladan Jawa Tengah lan saperangan wonten ing Jawa Timur.Anggenipun nindakaken tata cara peribadatan ngginakaken basa Jawa.Para sedulur Kristiani ingkang nindakaken tata cara peribadatan menika dipunsebat umat GKJ inggih menika cekakan saking (Gereja Kristen Jawa).Kula minangka salah satunggaling umat GKJ wonten ing cabang Kecamatan Pedan Kabupaten Klaten,rumaos suka saha bombong tumrap anggenipun umat GKJ wonten ing tlatah Jawa Tengah saha saperangan Jawa Timur.Awit para umat nindakaken peribadatan wonten ing gereja menika ngginakaken basa Jawi,mirsane kahanan mekaten basa Jawi saged dipunsinaoni para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare anggota GKJ.Para kulawarga ing gereja saged ngleluri basa Jawi saengga basa Jawi menika saged lestari tumekeng wuri.
Wonten ing dinten setu saha minggu para sedulur Kristiani GKJ nindakaken peribadatan,anggenipun nindakaken peribadatan mliginipun sorak-sorak kanthi pujian-pujian lagu ingkang mawa basa Jawi.Pujian-pujian lagu rohani menika dipuniringi alat-alat musik ingkang tradisional kadosta kendhang,demung,saron lsp saha campur kaliyan alat musik modern kadosta keybord,gitar listrik,flute lan sanes-sanipun.Anggenipun memuji kanthi lagu abasa Jawa, para sedulur Kristiani ing GKJ menika boten dipunbarengi kaliyan tepuk tangan.Wonten ing umat GKJ menika anggenipun memuji kanthi lagu langkung tenang boten ngangge tepuk tangan kadosta gereja-gereja umumipun.Miterat pamanggih kula,peribadatan mawa basa Jawa menika langkung ngresep ing ati,ati menika saged wening anggenipun komunikasi kaliyan Gusti ingkang Maha Agung.Doa utawi pandonga ingkang dipunginakaken mawa basa Jawa krama inggil,amargi para umat Kristiani kang nyeyuwun kanthi komunikasi kaliyan Gusti.Anggenipun Pandeta utawi Rama ingkang khotbah ing mimbar ngginakaken basa Jawa,langkung alus saha inggih kraos langkung ngrumesep ing batin.Ananging taksih kathah para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang boten mangertos arti utawi teges saking khotbah Pandeta/Rama.Pramila mekaten dampak ingkang positif para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang nderek peribadatan saged sinau basa Jawa,menawi wonten tembung ingkang boten mangertos saged dipunserat lan saged nyuwun pirsa kaliyan Pandeta/Rama saha bapak/ibu wonten ing dalem.
Lagu rohani mawa basa Jawa menika langkung sae dipunginakaken wonten ing peribadatan sekolah minggu(peribadatan kangge anak-anak) supados para lare langkung mangertos sekedhik-sekedhik tembung-tembung basa Jawa saha arti utawi tegesipun.Para lare uga langkung wiyar anggenipun mangertos tembung-tembung basa Jawa saha saged dipunangge bahan pemucalan wonten ing sekolah.Peribadatan para sedulur GKJ menika langkung prayoga saben anggenipun miwiti peribadatan mliginipun lagu rohani,para umat dipunparingi teks seratan/cetakan supados para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang ndherek peribadatan saged gampil


anggenipun ngucapaken lafal saha kanthi intonasi,ritme,dinamika ingkang pas.Menawi sampun cekap anggenipup peribadatan teks menika saged dibeta wangsul lajeng saged dipunsinaoni menapa wonten tembung-tembung ingkang mboten mangertos,lajeng saged nyuwun pirsa kaliyan Pak Guru saha Ibu Guru ing sekolahan.Langkah mekaten saestu saged nambah kosa kata saha tetembungan basa Jawa sarta ndidik para lare-lare saha kadang mudha lan mudhi kangge ngleluri basa Jawa menika.

Lagu rohani basa Jawa menika inggih ngginakaken basa endah kadosta basa inggang dipunginakkaken ing tembang Macapat.Basa ing lagu rohani dipunpilih/dipunpasaken basanipun kanthi irama,nada,ingkang pas ing lagu menika.Lagu rohani mawa basa Jawa menika kathah sanget modelipun,saking lagu ngamanca dipungubah kanthi basa Jawa,ananging mboten ngubah nada lagu aslinipun,lagunipun tetep ngangge lagu asli ngamanca menika namung cakepanipun ingkang bedha.Miterat para sedulur Kristiani wonten ing Gereja Kristen Jawa,senadyan tumrap lagune padha,bedha cakepane ananing tetep langkung religius tur nengsemaken basa-Jawanipun.Para umat Gereja Kristen Jawa rumaos langkung prayoga,langkung rumesep ing wening anggenipun memuji lagu ngangge basa Jawa.Kathah umat ingkang memuji kanthi lagu rohani basa Jawa ngantos saged tumetes banyuing mata,amargi tembung-tembung ingkang dipunginakaken wonten ing lagu pujian menika ngangge basa endah lan basa Jawa krama ingkang langkung kraos ing manah.Miterat Rama Sudi Yatmana salah sawijining pakar basa Jawa,kapratelakaken basa menika vertiakal miterat mangsa kalanipun,horisontal miterat empan papanipun,saha integral miterat kahananipun.

Awit saking sipat basa yaiku vertikal,horisontal,lan integral kita kedah ngatos-atos anggenipun ngginakaken.Pramila mekaten paedah saking lagu rohani mawa basa Jawa sampun sebagian kapapar wonten ing wacan inggil menika,kita kedah was-was saha ngatos-ngatos saking budaya ngamanca mliginipun ingkang awujud basa.Basa Inggris ingkang membumi menika sampun nggeser basa Jawa,kadosta para lare-lare sakmenika sampun dipunkenalaken basa Inggris ing sekolah.Sekolah Dasar wonten ing tlatah Jawa Tengah saperangan Jawa Timur para siswa menika sampun angsal pelajaran bahasa inggris ingkang jam pamucalanipun langkung kathah katimbang basa Jawa ingkang dumados basa ibu ing tlatah Jawa Tengah saha saperangan Jawa Timur.Wonten Sekolah Menengah Atas jam pamucalan basa Inggris seminggu saged angsal 4jam ananging basa Jawa saben seminggu angsal 1jam.Saking kahanan menika kita sedaya kedah prihatin ngengingi basa Jawa ingkang samya sisah dipungladhi dening para siswa lan masarakat umumipun.Pramila mekaten kita kedah sami ngusada nguri-uri basa Jawa supados tetep lestari wonten ing bumi nuswantara saha dados karakterisitik masarakat Jawa Tengah saha Saperangan Jawa Timur.

Kanthi langkung gamblang,ngandhap menika wonten tuladhanipun lagu rohani mawa basa Jawa.

          1=f 4/4                                          Rawuhipun Gusti

Saking dampar kang mulya
Lan kluhuran swarga
Tuwan tedhak ing donya
Nunggil lan pra jalma
Tumut nandhang sangasara
Ngrembat Kasusahan
Ngrukunken tiyang dosa
Dhumateng Pangeran

Lagu menika sanes gubahan saking lagu ngamanca ananging asli saking lagu Kriste Jawa ingkang sinerat wonten ing Kidung Pujian  kaca 56.
Menawi wonten ngandhap menika lagu Natal saking ngamanca ananging sampun dipungubah mawa basa Jawa.


Dalu Suci

Dalu suci,tidhem sami
Jeng Gusti Pamarta
Tedhak manjalma krana kita
Miyos wonten kandhang Betlehem
Gustining dumadi,Gustining dumadi

Lagu menika sami nadanipun kaliyan lagu Natal wonten ngamanca ananging namung bedha cakepanipun.Anggenipun ngubah basa ngamanca dados basa Jawa kados tuladha lagu wonten ing inggil menika ingkang dipunraoskaen para sedulur Kristiani Gereja Kristen Jawa langkung rumaos nengsemaken saha rumaos ing manah,langkung caket anggenipun komunikasi nyenyuwun kaliyan Gusti Sang Pangeran.

Dudutan pungkasan utawi kesimpulan penulis wis sapantese menawi basa Jawa menika kedah dipunuri-uri supados lestari.Semono uga tumrap kadang mudha lan mudhi kedah ngusada ngleluri basa Jawa menika,supados boten kageser kaliyan basa ngamanaca.Para siswa uga kedah mbudidaya basa Jawa,anggenipun sinau boten wonten ing sokalahan kemawon ananging wonten njawi menika taksih kathah papan ingkang wiyar saged dipunsinaoni saha saged dados bahan kangge pamucalan.Sedaya kedah wajib melu cawe-cawe,pro-aktif kangge nyengkuyung basa Jawa supados tetep lestari wonten bumi nuswantara Indonesia.

                                                                                                                                 Dening
                                                                                                                        (Angga Dicky K)

                                                                                                                        NIM:10205244029

Perda Pelarangan Pelacuran wonten ing kabupaten Bantul No. 5 Taun 2007



Perda Pelarangan Pelacuran wonten ing kabupaten Bantul No. 5 Taun 2007 wonten dampakipun dhumateng transaksi seksual kaliyan para PSK saking Kabupaten Bantul tumuju Kabupaten Gunungkidul. Transaksi seks ing Gunungkidul utaminipun wonten ing Panggang langkung kathah sak bibaripun wonten perda kasebut saha para pekerja seks kathahipun saking Kabupaten Bantul.
"Menika asil saking pemantauan tim, ananging tim dereng nemokaken pemetaan ingkang valid. Rencananipun saking KPAD (Komisi Penana sasi menika penggulangan HIV & AIDS Provinsi DIY kerja sama kaliyan KPAD Kabupaten Gunungkidul saha Yayasan Kembang badhe ngawontenaken survei kagem pemetaan babagan realitas fenomena pekerja seks komersial ing kabupaten Gunungkidul saha pinten ingkang asalipun saking Kabupaten Bantul," ngendikanipun Pengelola Program KPAD Provinsi DIY Ana Yuliastanti wonten Republika, Selasa (13/9).  

Miturut piyambakipun, sakderengipun wonten Perda Pelarangan Pelacuran, ing Kabupaten Bantul wonten sekitar 400-500 pekerja seks. Menika kasebar ing Segara Parangkusumo, Parangtirits, Samas, Pandansimo, ananging ingkang paling kathah wonten ing Parangkusumo.

"Menika data saking Dinas Kesehatan Kabupaten Bantul ingkang rutin nindakaken pangecekan rah saha sosialisasi dhumateng sedaya PSK," Ngendikanipun Ana. Sak bibar wontenipun Perda Pelarangan Pelacuran langkung angel dipun laksanakaken intervensi para PSK kanthi langsung wonten ing lokasi. Jumlah pekerja seks ingkang kepantau sakmenika naming250orang.
"Para PSK sakmenika menawi berobat langsung tindak wonten Puskesmas ingkang langkung caket kadosta Kretek, Puskesmas Sanden saha Puskesmas Srandakan," ngendika piyambakipun.

"Amarga wonten Perda kasebut, para pekerja seks ngamar (nindakaken transaksi seksual) tumuju Panggang, amarga lokasi kasebut papan wonten ing Kabupaten Gunungkidul ingkang caket saking kabupaten Bantul (Parangkusumo lan Parangtritis)," ngendikanaipun Ana ugi.

Ana ngandaraken Perda Pelarangan Pelacuran wonten saking 2007, ananging wonten akhir 2008 saweg lekas dipunimplementasekaken lan 2010 lekas dipun galakaken operasi penagkapan PSK saben setunggal minggu sepisan. Sanajan kados menika, ngendika piyambakipun, saben Selasa Kliwon lan Jum'at Kliwon ing Parangkusumo tasih wonten transaksi seksual sananging kanthi ndelik-ndelik lan boten ketingal dhumateng masyarakat kathah. Menawi rumiyin sakderengipun wonten Perda No. 5 Taun 2007
Transaksi seksual menika dipunlakoni kanthi terang-terangan. Lajeng saking Sekretaris KPAD Kabupaten Gunungkidul Iswandi wetu dipunhubungi Republika ngendika KPAD Kabupaten Gunungkidul saweg saweg kabentuk wonten 2010 lan dereng wonten kegiatan pemantauan dhumateng para PSK ing Kabupaten Gunungkidul, amarga dereng wonten anggaranipun.
 "Dumugi sakmenika kula naming nindakaken koordinasi menawi wonten kegiatan ingkang wonten kaitanipun kaliyan HIV/AIDS. Kula sak tim naming badhe nindakaken pemetaan PSK wonten ing kabupaten Gunungkidul wonten pertengahan november menika, kerjasama kaliyan KPAD Provinsi DIY. Mugi mugi taun 2012 sampun wonten anggaran kagem KPAD Kabupaten Gunungkidul," ngendika piyambakipun.

Wonten ing topic kalawarti menika saged dipun pendhet isinipun bilih kegiatan prostitusi menika sampun angel menawi dipun tangani. Bab menika amargi sampun njalar lan mbudidaya dhumateng sadaya masyarakat ugi kalebu para PSK nipun. Kedahipan pamarentah kerjasama kaliyan dinas provinsi langkung cak cek anggenipun mundhut keputusan supados langkung cepet rampungipun. Amargi menawi kedangon para PSK menika langkung nyebat lan boten terfokus wonten setunggal tlatah kemawon.

Dening : Iriana Famuji Widodo 
(10205244001)
Sumber Referensi : www.republika.co.id

Wayang Kulit kedah dipunlestantunaken


Salah satunggaling  warisan budaya ingkang adi luhung sarta gadhah mengku teges ingkang wigati sanget inggih menika wayang kulit. Saged dipun wastani wayang kulit amargi anggenipun ndamel wayang menika ngginakaken kulit antawisipun  kebo, saged ugi kulit sapi. Menawi kulit menika sampun kapenthang watara 3 minggu, ing saklajengipun kulit menika nembe saged dipun tatah manut blak utawi model corekan tartamtu. Menawi sampun lajeng dipun tatah saha dipun sungging manut sifat saha karakter wayang. Seni pagelaran wayang menawi dipun suraos saged nuwuhaken raos tresna marang sakabehing aspek  kabudayan.  
Kasunyatan ing wayang menika wonten nilai-nilai luhur bab seni sanes-sanesipun saha pangretosan kang nggadahi mumpangat gayutanipun ing gesang bebrayan.Wonten ingkang langkung rumesep ing batos menawi dipun midangetaken isinipun wayang. Ananging wonten ugi ingkang gadhah pamanggih menawi wayang menika menawi dipun suraos kirang sekeco saha boseni. Tiyang jawi sampun nganggep bilih wayang  menika minangka kelangenan.wayang kulit saged nresep wonten ing ati tiyang jawi ingkang remen kaliyan wayang kulit,
Pagelaran wayang kulit menika dados hiburan rakyat ingkang komplit, saged dipun wastani komplit amargi wonten unsur-unsur ingkang ndadosaken pagelaran wayang saged gayeng, kadosta seni drama, seni lukis/pahat, seni sastra, seni swara, seni karawtitan, seni gaya.sedaya cabang-cabang seni menika mboten saged madeg piyambak, menika dados setunggal kanthi garap ingkang endah lan laras. Dados wayang menika gadhahi daya tumrap psikologi. Tiap lakon ingkang dipunpentasaken menika wonten nilai-nilai luhur ingkang saged kapethik.
Kanthi midhangetaken wayang saged dadosaken tiyang menika mangertosi isinipun pagesangan ingkang saged dipun pendhet ing lakon tartamtu. Sedaya tokoh wayang menika gadhah karakter saha sifatipun piyambak – piyambak. Ingkang dados titikan wayang setunggal kalihan wayang sanesipun inggih menika  bentuk, peraupan, sandhangan, werni pasuryanipun. Pranyata wayang kulit kathah mumpangatipun. Kasunyatan wayang menika Saged dados panglipur dhumateng para tiyang, saged dados srana ruwat kangge tetiyang ingkang nandhang sukerta, lan saged dados media pendidikan ing sekolahan mliginipun ing studi sastra budaya
Kalamun dipunginaaken wonten ing acara sakral utawi upacara tradisional wayang saged damel srana panolak bebaya. Kadosta ing upacara rasulan/bersih desa, wayang kulit ingkang dipun giyaraken damel srana panolak saking sedaya bebendu, saha minangka pralampita raos syukur dhumateng gusti ingkang sampun paring rejeki. Wonten ing upacara ruwatan, kanthi pagelaran wayang saged nebihaken saking godaning jim, peri perayangan saha gangguan tenung lan nguwali sukerta tiyang ingkang dipun ruwat.
Ing pagelaran wayang ugi ngemu basa, sastra saha budaya sahingga saged nambahi pangertosan bab tembung-tembung ingkang endah. Sastra ing wayang menika nambahi kawruh sastra tuwin budaya ing samangke nggadhahi ancas amrih wayang menika saged lestantun saha kuncara ing wekdal sakterasipun. Tiyang ingkang sinau babagan wayang nggadahi ancas nglaraseken babagan jaba jero, inggih menika rasa lahir saha batin. Raos menika saged tumuju wonten ing wardaya menawi nilai-nilai utawi isinipun wayang saged mahanani ayem tentrem ing batos. Amargi kanthi prasaja tiyang menika badhe milah sedaya awon saha kesaenan ingkang kagambaraken ing pagelaran wayang
Nalika tiyang badhe ngringgit ugi kedah nglarasaken batos kalihan pribadinipun, badhe mbeber lampahan menapa. Bab ing nginggil menika kedah dipun suraos ing manah sakderengipun mbeber pagelaran wayang. Nguwaosi saha mangertosi titilaras gayutanipun kalihan suluk, cakepan gayutanipun kalihan antawecananipun wayang, satemah menawi titilaras saha cakepan menika kalampahan kanthi trep mila ndadosaken uriping pagelaran wayang ingkang kababar.
Jaman sakmenika inggih jaman ingkang majeng. Wonten ing babagan menapa kemawon sekmenika sampun majeng. Menawi nitik perkembanganipun teknologi pancen kathah mumpangtipun ananging kita minangka masyarakat ingkang gadhahi budaya kedah njumbuhaken teknologi menika menapa selaras kaliyan budaya kita. Ananging sakmenika budaya daerah sampun dipunsingkiri dening masyarakat amargi sami katungkul ing kemajengan jaman. Saged dipun uningani sakmenika lare ingkang remen dhateng budaya jawa mliginipun wayang langkung sekedhik. Kacihna kathah lare boten mangertosi babagan tokoh wayang kadosta Yudhistira, Werkudara,  janaka, Baladewa, Kumbakarna lan sakpanunggalanipun.
Kemajengan jaman lan teknologi ingkang sedayanipun serba modern ndadosaken Lare sakmenika langkung remen dhateng lagu-lagu band pop, rock ingkang saking negara manca, malah-malah kathah lare anem ingkang sampun mboten klenggut kaliyan budaya-budaya kagunganipun bangsa piyambak, mboten mawas menika saking kabudayan Indonesia utawi lagu mancanegara. Menawi mboten mangertosi tembang manca kasebat dipun anggep ketinggalan jaman. Saestu perkawis menika kedah ndadosaken pirembagan tumrap pemerintah menawi ing tembe nggadhahi ancas badhe nglestantunaken budaya mliginipun wayang.
Senajan jaman langkung majeng, ananging kita sampun ngantos nilareken budaya akar ingkang sampun dipunjagi awit jaman kina rumiyin. Saklajengipun kita kedah saged milih pundi budaya ingkang sae dipun anut lan budaya ingkang ngrisak nilai moral tiyang jawa. Sakmenika pawiyatan ingakang ngudi ketrampilan wayang saged dipunetang wonten ing Jawa Tengah. Bab perkawis ingkang mekaten kawontenanipun sejatosipun mboten ndadosaken raos minder ananging mangga sami sesarengan nyengkuyung amrih budaya jawa ngrembaka lan dipunugemi ing papan pundi kemawon
. Komunitas pandhemen wayang ing Jawa Tengah ugi saged dipunetang wilanganipun. Mracihnani kalamun pandemen wayang ing Jawa tengah taksih kirang. Menika dados tugas kita sedaya minangka tiyang jawa nglestantunaken seni pagelaran wayang ing tlatah jawa mlgiginipun Jawa Tengah. Kawontenaning saben pagelaran wayang  ing Ngayogyakarta kalian Jawa Tengah mboten beda adoh. Sedaya menika inggih awit saking pengaruh budaya manca ingkang sampun ngambra-ambra lan nilaraken kita dhumteng budaya asal. Begjanipun Ngayogyakrata menika kalebet kasultanan utawi awujud keraton saengga ing sakiwa tengenipun keraton taksih kathah ingkang nguri-uri budaya asli.
            Kados ing babagan wayang ing keraton ngawontenaken pamulangan khusus wayang. Wonten ugi lembaga ingkang taksih ngugemi dhateng budaya asli kados taman siswa ingkang ndidik lare-lare jawa dados tiyang ingakang njawani. Wonten ugi komunitas pandemen wayang ingkang asring ngawontenaken pagelaran wayang saben wonten adicara ingkang wigati. Papanipun ugi kagantos – gantos, kala mangsanipun wonten ing pendapa, kala mangsa wonten ing universitas lan sakpinunggalanipun.
 Pamulangan babagan wayang wonten ing papan pundi kemawon wonten. Ing sanggar-sanggar ugi mbikak pamulangan bab wayang. Ingkang mbikak sanggar adaanipun para dalang ingkang saestu tresna kaliyan budaya jawi. Masyarakat ugi milih dalang ingkang dipunanggep mumpuni babagan basa, sastra saha budaya tumuli badhe mbabar pagelaran ing adicara tartamtu. Kanthi cara mekaten saged nuwuhaken maneka warni paguyuban ing tembe budaya wayang saged lestantun.
Kesenian wayang kulit sampun ngrembaka dumugi mancanegari. Mboten namung ing adicara  sakral kemawon, kados pementasan wayangan ing salah setunggaling papan pendapa agung saha komunitas pandemen wayang ananging ugi saged dipunwontenaken ing tlatah pundi kemawonSaged dipun wastani kemajengan wayang kulit menika sampun ngalami ewah-ewahan menawi dipun tingali saking segi pertunjukan, ancas saha gregetipun. Kados ing kampus- kampus sampun mapinten-pinten ngawontenaken giyaran wayang kanthi sae saha dipungabung kaliyan seni sanesipun kadosta tari, theater, saha karawitan.
 Instansi pemerintah kados Balai Bahasa saha Dinas Kebudayaan DIY tansah nyengkuyung wontenipun adicara wayangan. Menika salah setunggaling cara murih lesatarining budaya arupi kesenian wayang. Pembinaan babagan wayang mboten cekap dumugi papan menika kemawon, ananging ugi kapaes kanthi kreatif pihak pemerintah ngawontenaken lomba-lomba pedalangan ing sadengah papan tartamtu, ingkang kaperang tingkat SD, SMP, SMK. Kanthi srana menika saged nuwuhaken raos tresna dumateng kesenian wayang sumrambahipun tumrap sedaya masayarakat jawi saking lare alit dumugi tiyang dewasa.
Kita saged mangertos piyambak kados pundi kawontenaning masyarakat ing jawi menika. Kasunyatan ing babagan budaya masyarakat jawi ing jaman sakmenika kirang nggadhahi raos remen hangleluri amrih lestarining budaya ing Nuswantara. Nyinaoni babagan pewayangan mboten mbetahaken ubarampe ingkang awrat cekap niat ingkang kuat, inggih menika adedhasar tresna mring budaya jawi. Kagem para pandemen wayang kedah nggatosaken bab-bab pakeliran saha isining pewayangan. Kathah ugi srana nyinaoni bab wayang, tuladhanipun latihan ing sanggar, menawi dipun tingali saking kemajengan teknologi saged share data ing internet babagan wayang, tokoh, ugi karakteripun.
Ing papan-papan tartamtu ugi asring dipun wonteni pagelaran wayang kulit, lha menika salah satunggaling srana kagem kita supados kenal marang wayang. Seserepan bab isining pagelaran wayang menawi dipun raosaken ing batos tansaya nambahi kawruh panguripan, awit wontening pagelaran wayang nggambaraken awon saening tumindak manungsa ing pagesangan bebrayan. Sedaya menika wau saged kalampahan inggih awit saking diri pribadinipun piyambak ingkang samangke saged nularaken dhateng tiyang sanes.
                                                                                          oleh : Imam fauzi (10205244003)                    
Sumber referensi:  Mulyono, Sri.1989.Simbolisme dan mistikisme dalam wayang. Jakarta: Haji Masagung 

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •