Selasa, 04 Desember 2012

KEKANCAN KANG ORA JUJUR

Kekancan Kang Ora Jujur - Ana ing sawijining alas gedhe, alas Praya jenenge utawa alas kethek, sebab akeh kethek keng urip ing ngriku. Salah sijine kethek mau kaceluk Monyet. Sebabipun yaiku ana ing sawijining dina kethek kasebut nyolong gedhang ing kebone Pak Tani, ing pinggir alas. Amargi serakah anggene mangan, kethek mau boten ngerti yen Pak Tan iwis ana ing ngingsoring wit. Ndelok akehe kulit gedhang kang morak – marik, Pak Tani banjur nesu lan misuh – misuh.
“ dhasar monyet, isane mung nyolong !”
“ krak!” keprungu debog gedhang tugel dibabad parange Pak Tani.
Kethek kuwi keri telat anggone lunga. Dheweke katut kagawa debog gedhang sing dipenek.
“ nek meh mangan gedhang, nandura dhewe !“ bengoke Pak Tani sinambi mburu si kethek mau. Kethek kang kelaran amarga tiba mau ngerti yen bebaya ngancam dheweke. Dheweke mlayu ra karuan lan mlebu neng alas.
“ ha … ha… ha… “ keprungu guyu kang ndhuwur wit nang alas.
Kethek kuwi kaget. Dheweke mandheg lan ndelok mandhuwur. “ asem kowe ! kanca meh cilaka, malah diguyu, “ bengoke si kethek kuwi.
“ he, he, he, sang Monyet.
Nengapa kowe mlayu kaya ngana kuwi ?”
“Kepiye aku ora mlayu kaya ngene.
Aku meh mati dibabad.”
Kethek kuwi sangsaya nesu krungu kancane padha nembang ngece dheweke. Jebule kanca – kancane ndelok kabeh kang dialami dening monyet. Saking kedadeyan kuwi dheweke diparabi si Monyet.
Si Monyet mlaku terus ngadohi kanca – kancane. Dheweke sengit marang kanca – kancane sing wis marabi si Tukang Mangan. Ana uga kang njenengi si Serakah.
Ijig – ijig githoke mrinding kelingan yen dheweke meh wae dipateni Pak Tani. Nyolong gedhang pancen bebayane gedhe. Si Monyet kelingan terus omongane Pak Tani.
“ ah, aku kudu goleki kancaku. Muga – muga gelem dak ajak nandur gedhang. “
Kethek mau mbatin karo terus mlaku. Dugi neng pinggir kali dheweke mandheg. Kethek kuwi nembang nyeluk kancane. Ora let suwe Kodhok kancane Kethek metu.
Kewan sakloron seneng ketemu. Nakekaken keslametan siji – sijine. Sawise kuwi, Kethek ngajak Kodhok nandur gedhang. Si Kodhok mau sarujuk.
“ ayo goleki bibite ?” pangajake si Monyet.
“ awake dhewek nunggu bibit gedhang neng pinggir kali, biasane ana wit gedhang kan kagawa banyu. “ jawabe Kodhok.
Ora let suwe ana wit gedhang kang kagawa banyu, banjur Kodhok narik wit kuwi. Sasuwene dienteni wis ora ana wit gedheng kang keli meneh. Banjur Kethek karo Kodhok sepakat mbagi loro wit mau.
“ ayo ditugel dadi loro ? kowe sing ngingsor, aku sing ndhuwur. “ si Monyet ngrayu.
“ ah, aja curang to, sing bisa who kan bagian ndhuwur sing ana godhonge .” si Kodhok nolak. “ karo kanca masa ribut, sing ngingsor ya padha wae isa who og.” Si Monyet ngrayu meneh.
Sang Kodhok sidane ngalah. Kewan sakloron mau nandur wit gedhang neng kebone dhewek – dhewek.
Sewulan sepisan si Monyet tilik si Kodhok.
“ piye tanduranmu ?” takone si Monyet. “ subur banget. Godhonge lemu – lemu.” Jawabe Kodhok.
“ padha.” Jarene si Monyet.
Sing kaping telu anggone tilik si Monyet takon.
“ kepiye tanduranmu?”
“ uh wis who uakeh bianget.” Jawabe si Kodhok kanthi rasa bungah.
“ padha karo gedhangku,” jawabe si Monyet.
Si Monyet tilik maneh kang kaping nem.
“ kepiye tanduran gedhangmu?”
“ wis mateng kuabeh gedhange “
“ padha karo gedhangku. “
“ Nyet tulung jupukna gedhangku. Aku ra isa menek e.”
“ beres. Ayo ndang rana !”
Kethek karo Kodhok banjur menyang kebon. Si Monyet mangan gedhange si Kodhok lan ngentekke. Si Kodhok ora dikei gedhange babar blas. Banjur si Kodhok nesu lan mbabad wit gedhange. Banjur si Monyet tiba neng krusekan wit – witan sing akeh ri – riane. Wetenge si Monyet sing isi gedhang sowek lan getihe mili.

Dening : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

Dumadining Kali Serayu

Tembung serayu dumadi saking tembung Soroh utawi pasrah, kaliyan tembung Hayu utawi gesang, ingkang ateges pasrahing gesang tiyang Banyumas dhumateng alam sak isinipun. Menika awujud pangertosan kosmologi masarakat tradisional wonten ing wilayah menika, gesang wonten ing donya dados salah satunggaling pagesangan ingkang boten badhe kapisahaken saking alam sak isinipun.
Wonten ing jaman sumebaring agami Hindhu, lepen Serayu dipungambaraken dados analogi saking lepen Gangga ing India. Lepen Serayu dipundamel dening Bima namung kanthi palananganipun Sang Bima. Tukipun toya lepen menika wonten ing pagunungan Dieng ingkang dipunwastani Tuk Bima Lukar. Damelipun lepen Serayu menika amargi wontenipun lomba antawisipun Pandhawa kaliyan Korawa ingkang kathahipun 100 kanthi dipunpimpin dening Pandhita Drona. Bima damel lepen Serayu, lajeng Korawa damel lepen Klawing.
Gb. Kali Serayu rikala ketiga.
Dumugi wonten ing sawijining papan, Bima ingkang dipunestreni dening Punakawan gelaran klasa kagem papan lungguhan dhahar. Nanging saderengipun dhahar sangunipun ingkang sampun samekta, Bima lan Punakawan miring surak – surakipun Korawa ingkang rumaos sampun yakin dados juara lomba kasebut. Lajeng Bima boten sios leren. Papan ingkang kagem gelaran klasa menika lajeng dipunwastani Desa Gelaran.  Bima nyawang neng mangidul lan katingal para Korawa saweg pesta ngrayakaken menangipun. Papan kangge nyawang salajengipun dipunwastani Desa Sawangan, lan papan kangge bala Korawa ingkang ketingal saweg pesta dipunwastani Somakaton. Somakaton dumadi saking tembung kusuma wus katon. Papan – papan menika dumunung wonten ing Kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah.
Ajrih kalah saking Korawa, lajeng Bima cepet – cepet anggenipun kinarya, ingkang pungkasanipun lomba menika dipunmenangaken dening Bima. Kalahipun Korawa ndadosaken Pandhita Drona dumados korban. Pandhita Sokalima menika diukum kanthi palananganipun ditugel lan dipunbucal wonten ing pinggiring lepen Klawing. Papan menika sakmenika dipunwastani kanthi nami Panembahan Drona, dumunung wonten ing Desa Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon, Kabupaten Purbalingga. Wonten ing papan menika taksih kasimpen lingga ingkang rumiyinipun dumados saking palananganipun Pandhita Drona.
Dening  : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

Asal usul jeneng Gumuk Gendero ing Desa Gesing Kecamatan Kandangan Kabupaten Temanggung

Dipuncariyosaken nalika jaman penjajah walanda ingkang mapan ing  ing wilayah tuk bandung desa Gesing  ingkang  miturut cariyos  tiyang sepuh ingkang bubak sembung gani utawi padukuhan  inggih menika  kyai akhmad daris kalihan nyai akhmad daris, wonten ing cariyos menika kyai akhmad daris dados  tokoh ing tuk bandung menika, nalika jaman semana ing padukuhan tuk bandung  urip tetanggan ingkang lumampah kalihan tiyang sanes ugi, ringkesaning cariyos wonten salah satunggaling tiyang namanipun  simbah kantor nitipaken kebo dhateng  pak kyai akhmad daris supados dipunopeni ,ing samangkih kebo saged manak, lan ugi dados kathah, sampun lumampah genep taunan anggenipun ngopeni kebo, lajeng simbah kantor nggenahaken kebonipun ingkang katitipaken dhateng kyai akhmad daris,menapa sampun mundhak menapa dereng.
Simbah kantor : “ kepiye kebone gon aku wis mundak opo durung
Pak kyai kyai akhmad daris:”kebone sopo”
Simbah kantor:”kebone ak leh mbiyen tak titipke neng awakmu mbiyen kae”
Pak kyai akhmad daris: “la wong kebo duweke aku dewe”
Simbah kantor: “ la awakmu ke kepiye arep ngejak dolanan opo arep ngejak kerengan,
dek  jaman semono aku nitipne kebo maring awakmu,saiki aku takon kuwi kebo dadi duwekmu kepiye karepe awakmu..................?
            kedadean ing mriku simbah kantor kalihan akhmad daris padu, amargi perkara kebo menika, mboten namung padu ananging lajeng kadean  kerengan, ngantos dumugi perang kyai akhmad daris kaliyan simbah kantor pun saged dipun kendalekaken, simbah lajeng nyingkir kemawon margi samangkih saged wonten ingkang dados korban, simbah kantor mlajar nitih jaran, jaran menika mlayu banter sanget, ngantos mboten saged dipunkendalekaken.jaran menika anjrung ing jurang simah kantor tumut seda kalihan jaranipun.

Ringkesing cariyos saksampunipun simbah kantor seda, ki lurah  lurah karang seneng ngawontenaken kempalan ing  pademangan malebo, sasampunipun kepanggeh kalihan para warga, ngrembag anggenipun ngusir walanda saking tuk bandung menika.
Pak kyai akmad daris ngendika jembar wani rupek wani ingkang tegesipun sampun siap perang kalihan walanda, nalikane pasukan sampun siap sedaya, kedadosan perang kalihan walanda, saking pihak kyai akhmad daris menang, lajeng ing punthuk utawi gumuk wonten sekitar dusun tuk bandung menika, katancepaken gendero pralambang bilih warga menang ngusir walanda,  saking wiwitan dipun tancepaken gendera menika dumugi ing jaman samenika lajeng kasebut gumuk gendero.menika cariyos gumuk gendero ingkang wonten ing desa Gesing.

KANCIL KARO MERAK


Merak iku kewan kang seneng macak. Mula tansah katon nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!” 

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Ing kono erak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite 
Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. 
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Kanthilon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake 
Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathi ing mburine. 

Nama :Iriana Famuji Widodo
NIM   : 10205244001
Tugas  :Dongeng

ASAL MULANE DESA GUBUGRUBUH


Prabu Brawijaya V inggih meika Raja Majapahit ingkang mimpin wonten ing taun 1468-1478 Masehi inggih menika Raja Majapahit pungkasan saha putra putra ragil saking Prabu Sri Rajasawardhana ingkang jejuluk Brawijaya II. Prabu Brawijaya V anggadhahi permaisuri ingkang nami Putri Campa menika hadiah saking Kerajaan Tiongkok.
Kawontenanipun Putri Campa handadosaken padudon wonten ing keluarga istana lajeng Prabu Brawijaya V kapeksa paring bebungah arupa permaisurinipun ingkang saweg ngandhut menika dhumateng salah satunggaling putranipun inggih menika Arya Damar, ingkang njabat Adipati Palembang.
Lajeng Putri Campa nglahiraken putra saking asil perkawinananipun kaliyan Prabu Brawijaya V ingkang nama Jimbun (Raden Patah). Saksampunipun nglairaken Raden Patah, Putri Campa lajeng dipun rabi dhumateng oleh Arya Damar saha pikantuk setunggal putra ingkang nama Raden Kusen. Sak sampunipun dewasa, Raden Patah dipuntunjuk kagem nggantosaken bapak walonipun, Arya Damar, dados Adipati Palembang. Ananging, piyambakipun boten segah saha kesah dhateng Jawa kaliyan Raden Kusen.
Wonten ing Jawa, Raden Patah saha Raden Kusen lajeng maguru dhumateng Sunan Ampel ing Surabaya. Saksampunipun lajeng, Raden Kusen ngabdi wonten ing Kerajaan Majapahit kanthi tetep njagi rahasia jati dhiri piyambakipun. Dumugi piyambakipun dados  Adipati Terung.
Raden Patah kesah dhateng Jawa Tengah kagem babat alas saha mbangun setunggal pesantren ingkang dipun sukani nama Pesantren Glagahwangi ingkang saya dangu langkung sae..
Wonten ing setunggal dinten, Raden Kusen ingkang sampun dados Adipati Terung ngundhang Raden Patah wonten ing dalemipun. Piyambakipun gadhah maksud supados ngajak kakang walonipun kagem sowan kaliyan Prabu Brawijaya V wonten ing Kerajaan Majapahit. Ananaging, kasunyatan Prabu Brawijaya V piyambak dereng mangertosi menawa Raden Patah menika putranipu piyambak, saha Raden Kusen inggih menika putra saking Arya Damar.
Sampun dugi Majapahit, Raden Kusen langsung paring warta menawa Raden Patah inggih menika putranipun piyambak. Prabu Brawijaya bingung. Saksampunipun Raden Patah lan Raden Kusen cariyos babagan asal usul saking pyambakipun menawa pyambakipun putra saking Putri Campa, lajeng Prabu Brawijaya lekas percaya.
Piyambakipun sami cariyos saking Palembang ngantos dumugi Jawa.Prabu Brawijaya langkung percaya lan wonten pungkasan ngaku menawi Raden Patah dados putranipun. Raden Patah ugi dipunangkat dados Bupati Glagahwangi ingkang lajeng gantos nama Demak kanthi ibukota wonten ing Bintara.
Kanthi dipun rewangi kaliyan Pakdhenipun, Pangeran Sabrang Lor, Raden Patah ngembangaken Demak Bintoro dados pelabuhan dagang ingkang rame. Kalih tahun saklajengipun, Raden Patah ingkang sampun  diangkat dados Sultan Demak naklukaken Semarang ingkang kalebu wilayah bawahanipun.
Mireng warta menika, Prabu Brawijaya V lekas khawatir menawi putranipun brontak. Wekdal punika, Raden Patah estu niat nyerang Kerajaan Majapahit saha ngislamaken bapanipun kaliyan sedaya rakyatipun. Ananging, nalika warta menika dipun dugekaken kaliyan Sunan Ampel, sang Sunan malah nasehati supados boten nyerang Majapahit.
Raden Patah boten sios nyerang Majapahit. Ananging, saksampunipun Sunan Ampel seda, Raden Patah sios nyerang Kerajaan Majapahit. Wonten ing serangan menika, Prabu Brawijaya V saha para pasukanipun kalah. Amargi isin kaliyan putranipun, Brawijaya V ngungsi wonten ing Gunungkidul. Sang Prabu boten wanton mlayu ngaloramargi sampun dpun kuasai tentara Demak saha wontenn ing segara lor Jawa sampun dipun agem pemukiman para bakul-bakul ingkang ngrasuk agami muslim.
Raden Patah ingkang mangertosi playone bapanipun ngoyak karana kepingin bapanipun ngrasuk agami Islam. Lajeng  Prabu Brawijaya V kaliyan putranipun ingkang sampun dumugi wonten ing Gunungkidul mlebet wonten ing alas. Wonten ing sawijining dinten, saperangan pengikut sang Prabu mandeg wonten ing sawijining gubuk ingkang wonten ing tengah alas kagem leren.
Nalika saweg leren wonten ing gubuk menika, ujug-ujug pasukan Raden Patah nyerang. Lajeng, pasukan Prabu Brawijaya V ngalah lan dados Raden Patah, lajeng sang Prabu saged lolos. Kanthi nasihatipun Sultan Demak menika, pasukan Prabu Brawijaya V ingkang ketangkep menika ngrasuk agami Islam. Wonten ing gubuk menika, sedaya diajari cara nindakaken shalat.
Wiwit wekdal menika, tlatah menika dipunwastani Dhusun Gubukrubuh, ingkang dipun pendhet saking tembung gubuk inggih menika papan kagem papan pisanan nindakaken sholah, lan tembung rubuh ingkang tegesipun “runtuh” anggadhahi teges, inggih menika teges saking fisik saha kanthi batin. Kanthi fisik, tembung rubuh anggadhahi teges rubuhipun badan wonten ing posisi shalat saki ke posising posisi ngadeg, rukuk, lejeng wonten posisi sujud. Kanthi batin, rubuh anggadhahi teges runtuhipun iman utawa keyakinan sadaya saking keyakinan agama Hindu dados keyakinan agama Islam.

Tugas : Legenda
Makul :Jurnalistik Jawa
Nama  : Iriana Famuji Widodo
NIM    : 10205244001

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •