Selasa, 04 Desember 2012

Dumadining Kali Serayu

Tembung serayu dumadi saking tembung Soroh utawi pasrah, kaliyan tembung Hayu utawi gesang, ingkang ateges pasrahing gesang tiyang Banyumas dhumateng alam sak isinipun. Menika awujud pangertosan kosmologi masarakat tradisional wonten ing wilayah menika, gesang wonten ing donya dados salah satunggaling pagesangan ingkang boten badhe kapisahaken saking alam sak isinipun.
Wonten ing jaman sumebaring agami Hindhu, lepen Serayu dipungambaraken dados analogi saking lepen Gangga ing India. Lepen Serayu dipundamel dening Bima namung kanthi palananganipun Sang Bima. Tukipun toya lepen menika wonten ing pagunungan Dieng ingkang dipunwastani Tuk Bima Lukar. Damelipun lepen Serayu menika amargi wontenipun lomba antawisipun Pandhawa kaliyan Korawa ingkang kathahipun 100 kanthi dipunpimpin dening Pandhita Drona. Bima damel lepen Serayu, lajeng Korawa damel lepen Klawing.
Gb. Kali Serayu rikala ketiga.
Dumugi wonten ing sawijining papan, Bima ingkang dipunestreni dening Punakawan gelaran klasa kagem papan lungguhan dhahar. Nanging saderengipun dhahar sangunipun ingkang sampun samekta, Bima lan Punakawan miring surak – surakipun Korawa ingkang rumaos sampun yakin dados juara lomba kasebut. Lajeng Bima boten sios leren. Papan ingkang kagem gelaran klasa menika lajeng dipunwastani Desa Gelaran.  Bima nyawang neng mangidul lan katingal para Korawa saweg pesta ngrayakaken menangipun. Papan kangge nyawang salajengipun dipunwastani Desa Sawangan, lan papan kangge bala Korawa ingkang ketingal saweg pesta dipunwastani Somakaton. Somakaton dumadi saking tembung kusuma wus katon. Papan – papan menika dumunung wonten ing Kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas, Jawa Tengah.
Ajrih kalah saking Korawa, lajeng Bima cepet – cepet anggenipun kinarya, ingkang pungkasanipun lomba menika dipunmenangaken dening Bima. Kalahipun Korawa ndadosaken Pandhita Drona dumados korban. Pandhita Sokalima menika diukum kanthi palananganipun ditugel lan dipunbucal wonten ing pinggiring lepen Klawing. Papan menika sakmenika dipunwastani kanthi nami Panembahan Drona, dumunung wonten ing Desa Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon, Kabupaten Purbalingga. Wonten ing papan menika taksih kasimpen lingga ingkang rumiyinipun dumados saking palananganipun Pandhita Drona.
Dening  : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •