Selasa, 04 Desember 2012

KEKANCAN KANG ORA JUJUR

Kekancan Kang Ora Jujur - Ana ing sawijining alas gedhe, alas Praya jenenge utawa alas kethek, sebab akeh kethek keng urip ing ngriku. Salah sijine kethek mau kaceluk Monyet. Sebabipun yaiku ana ing sawijining dina kethek kasebut nyolong gedhang ing kebone Pak Tani, ing pinggir alas. Amargi serakah anggene mangan, kethek mau boten ngerti yen Pak Tan iwis ana ing ngingsoring wit. Ndelok akehe kulit gedhang kang morak – marik, Pak Tani banjur nesu lan misuh – misuh.
“ dhasar monyet, isane mung nyolong !”
“ krak!” keprungu debog gedhang tugel dibabad parange Pak Tani.
Kethek kuwi keri telat anggone lunga. Dheweke katut kagawa debog gedhang sing dipenek.
“ nek meh mangan gedhang, nandura dhewe !“ bengoke Pak Tani sinambi mburu si kethek mau. Kethek kang kelaran amarga tiba mau ngerti yen bebaya ngancam dheweke. Dheweke mlayu ra karuan lan mlebu neng alas.
“ ha … ha… ha… “ keprungu guyu kang ndhuwur wit nang alas.
Kethek kuwi kaget. Dheweke mandheg lan ndelok mandhuwur. “ asem kowe ! kanca meh cilaka, malah diguyu, “ bengoke si kethek kuwi.
“ he, he, he, sang Monyet.
Nengapa kowe mlayu kaya ngana kuwi ?”
“Kepiye aku ora mlayu kaya ngene.
Aku meh mati dibabad.”
Kethek kuwi sangsaya nesu krungu kancane padha nembang ngece dheweke. Jebule kanca – kancane ndelok kabeh kang dialami dening monyet. Saking kedadeyan kuwi dheweke diparabi si Monyet.
Si Monyet mlaku terus ngadohi kanca – kancane. Dheweke sengit marang kanca – kancane sing wis marabi si Tukang Mangan. Ana uga kang njenengi si Serakah.
Ijig – ijig githoke mrinding kelingan yen dheweke meh wae dipateni Pak Tani. Nyolong gedhang pancen bebayane gedhe. Si Monyet kelingan terus omongane Pak Tani.
“ ah, aku kudu goleki kancaku. Muga – muga gelem dak ajak nandur gedhang. “
Kethek mau mbatin karo terus mlaku. Dugi neng pinggir kali dheweke mandheg. Kethek kuwi nembang nyeluk kancane. Ora let suwe Kodhok kancane Kethek metu.
Kewan sakloron seneng ketemu. Nakekaken keslametan siji – sijine. Sawise kuwi, Kethek ngajak Kodhok nandur gedhang. Si Kodhok mau sarujuk.
“ ayo goleki bibite ?” pangajake si Monyet.
“ awake dhewek nunggu bibit gedhang neng pinggir kali, biasane ana wit gedhang kan kagawa banyu. “ jawabe Kodhok.
Ora let suwe ana wit gedhang kang kagawa banyu, banjur Kodhok narik wit kuwi. Sasuwene dienteni wis ora ana wit gedheng kang keli meneh. Banjur Kethek karo Kodhok sepakat mbagi loro wit mau.
“ ayo ditugel dadi loro ? kowe sing ngingsor, aku sing ndhuwur. “ si Monyet ngrayu.
“ ah, aja curang to, sing bisa who kan bagian ndhuwur sing ana godhonge .” si Kodhok nolak. “ karo kanca masa ribut, sing ngingsor ya padha wae isa who og.” Si Monyet ngrayu meneh.
Sang Kodhok sidane ngalah. Kewan sakloron mau nandur wit gedhang neng kebone dhewek – dhewek.
Sewulan sepisan si Monyet tilik si Kodhok.
“ piye tanduranmu ?” takone si Monyet. “ subur banget. Godhonge lemu – lemu.” Jawabe Kodhok.
“ padha.” Jarene si Monyet.
Sing kaping telu anggone tilik si Monyet takon.
“ kepiye tanduranmu?”
“ uh wis who uakeh bianget.” Jawabe si Kodhok kanthi rasa bungah.
“ padha karo gedhangku,” jawabe si Monyet.
Si Monyet tilik maneh kang kaping nem.
“ kepiye tanduran gedhangmu?”
“ wis mateng kuabeh gedhange “
“ padha karo gedhangku. “
“ Nyet tulung jupukna gedhangku. Aku ra isa menek e.”
“ beres. Ayo ndang rana !”
Kethek karo Kodhok banjur menyang kebon. Si Monyet mangan gedhange si Kodhok lan ngentekke. Si Kodhok ora dikei gedhange babar blas. Banjur si Kodhok nesu lan mbabad wit gedhange. Banjur si Monyet tiba neng krusekan wit – witan sing akeh ri – riane. Wetenge si Monyet sing isi gedhang sowek lan getihe mili.

Dening : Wening Tyas Mustikasari
NIM : 10205244015

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •