Merak iku kewan kang seneng macak.
Mula tansah katon nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang.
Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi
busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya
kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing
awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan
njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud
rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku
bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak wingi nyawang
kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur
nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku
bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka
panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan
ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya
ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing
padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Ing kono erak
gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe
dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung
kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging
mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!”
panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan
wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak,
ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil,
Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak
udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina
sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak?
Iki wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis
diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu
awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang
minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!” Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.

Wis, Rak.
Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke
kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake
Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan.
Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur
edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing
diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang
ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha
kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan
endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku
nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung
bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung!
Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak
krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe
gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Kanthilon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathi ing mburine.

Nama :Iriana Famuji Widodo
NIM : 10205244001
Tugas :Dongeng
0 komentar:
Posting Komentar