Salah satunggaling warisan budaya ingkang adi
luhung sarta gadhah mengku teges ingkang wigati sanget inggih menika wayang kulit. Saged dipun
wastani wayang kulit amargi anggenipun ndamel wayang menika ngginakaken kulit
antawisipun kebo, saged ugi kulit sapi. Menawi kulit
menika sampun kapenthang watara 3 minggu, ing saklajengipun kulit menika nembe
saged dipun tatah manut blak utawi model corekan tartamtu. Menawi sampun lajeng
dipun tatah saha dipun sungging manut sifat saha karakter wayang. Seni
pagelaran wayang menawi dipun suraos
saged nuwuhaken raos tresna marang sakabehing aspek kabudayan.
Kasunyatan ing wayang menika wonten
nilai-nilai luhur bab seni sanes-sanesipun saha pangretosan kang nggadahi
mumpangat gayutanipun ing gesang bebrayan.Wonten ingkang langkung rumesep ing
batos menawi dipun midangetaken isinipun wayang. Ananging wonten ugi ingkang gadhah pamanggih menawi wayang menika menawi dipun suraos kirang
sekeco saha boseni. Tiyang jawi sampun nganggep bilih wayang menika minangka kelangenan.wayang kulit saged nresep wonten ing ati
tiyang jawi ingkang remen kaliyan wayang kulit,
Pagelaran wayang kulit menika dados hiburan
rakyat ingkang komplit, saged dipun wastani komplit amargi wonten unsur-unsur
ingkang ndadosaken pagelaran wayang saged gayeng, kadosta seni drama, seni
lukis/pahat, seni sastra, seni swara, seni karawtitan, seni gaya.sedaya
cabang-cabang seni menika mboten saged madeg piyambak, menika dados setunggal
kanthi garap ingkang endah lan laras. Dados
wayang menika gadhahi daya tumrap psikologi. Tiap lakon ingkang dipunpentasaken menika
wonten nilai-nilai luhur ingkang saged kapethik.
Kanthi midhangetaken wayang saged dadosaken tiyang menika mangertosi isinipun pagesangan ingkang saged dipun
pendhet ing lakon tartamtu. Sedaya
tokoh wayang menika gadhah karakter saha sifatipun
piyambak – piyambak. Ingkang dados titikan wayang setunggal kalihan wayang sanesipun
inggih menika bentuk, peraupan, sandhangan, werni
pasuryanipun. Pranyata wayang kulit kathah mumpangatipun. Kasunyatan wayang menika Saged dados panglipur dhumateng para tiyang,
saged dados srana ruwat
kangge tetiyang ingkang nandhang sukerta, lan saged dados media pendidikan ing sekolahan mliginipun ing studi sastra budaya
Kalamun dipunginaaken wonten ing
acara sakral utawi upacara tradisional wayang saged
damel srana panolak bebaya. Kadosta ing upacara rasulan/bersih desa, wayang kulit ingkang dipun giyaraken damel srana
panolak saking sedaya bebendu, saha minangka pralampita raos syukur dhumateng gusti
ingkang sampun paring rejeki. Wonten
ing upacara ruwatan, kanthi pagelaran wayang saged
nebihaken saking godaning jim, peri perayangan saha gangguan tenung lan nguwali sukerta tiyang ingkang dipun ruwat.
Ing pagelaran wayang ugi ngemu basa, sastra saha budaya sahingga saged nambahi pangertosan bab tembung-tembung ingkang endah. Sastra ing wayang menika nambahi kawruh sastra tuwin budaya ing samangke nggadhahi ancas amrih wayang menika
saged lestantun saha kuncara ing wekdal sakterasipun. Tiyang ingkang sinau babagan wayang nggadahi ancas nglaraseken babagan jaba jero, inggih menika rasa lahir saha batin.
Raos menika saged tumuju wonten ing wardaya menawi nilai-nilai utawi isinipun wayang saged mahanani ayem tentrem ing batos. Amargi kanthi prasaja tiyang menika badhe
milah sedaya awon saha kesaenan ingkang kagambaraken ing pagelaran wayang
Nalika tiyang badhe ngringgit ugi kedah nglarasaken batos
kalihan pribadinipun, badhe mbeber lampahan menapa. Bab ing nginggil menika kedah dipun suraos ing
manah sakderengipun mbeber pagelaran wayang. Nguwaosi saha mangertosi titilaras
gayutanipun kalihan suluk, cakepan gayutanipun kalihan antawecananipun wayang,
satemah menawi titilaras saha cakepan menika kalampahan kanthi trep mila ndadosaken
uriping pagelaran wayang ingkang kababar.
Jaman sakmenika inggih jaman ingkang
majeng. Wonten ing babagan menapa kemawon sekmenika sampun majeng. Menawi nitik
perkembanganipun teknologi pancen kathah mumpangtipun ananging kita minangka masyarakat ingkang gadhahi budaya kedah njumbuhaken teknologi menika menapa selaras kaliyan
budaya kita. Ananging sakmenika budaya
daerah sampun dipunsingkiri dening masyarakat amargi sami katungkul ing
kemajengan jaman. Saged dipun uningani
sakmenika
lare ingkang remen dhateng budaya jawa mliginipun wayang langkung sekedhik. Kacihna kathah lare boten mangertosi babagan tokoh wayang kadosta Yudhistira, Werkudara, janaka, Baladewa,
Kumbakarna lan sakpanunggalanipun.
Kemajengan jaman lan teknologi ingkang
sedayanipun serba modern ndadosaken Lare sakmenika langkung remen dhateng lagu-lagu
band pop, rock ingkang saking negara manca, malah-malah kathah lare anem ingkang
sampun mboten klenggut kaliyan budaya-budaya kagunganipun bangsa piyambak, mboten
mawas menika saking kabudayan Indonesia utawi lagu mancanegara. Menawi mboten mangertosi
tembang manca kasebat dipun anggep ketinggalan
jaman. Saestu perkawis menika kedah ndadosaken
pirembagan
tumrap pemerintah menawi ing tembe nggadhahi ancas badhe
nglestantunaken budaya mliginipun wayang.
Senajan jaman langkung majeng, ananging kita
sampun ngantos nilareken budaya akar ingkang sampun dipunjagi awit jaman kina rumiyin. Saklajengipun kita kedah saged milih pundi budaya ingkang sae
dipun anut lan budaya ingkang ngrisak nilai moral tiyang jawa. Sakmenika
pawiyatan ingakang ngudi ketrampilan wayang
saged dipunetang wonten ing Jawa Tengah. Bab perkawis ingkang mekaten kawontenanipun sejatosipun mboten ndadosaken raos minder ananging
mangga sami sesarengan nyengkuyung amrih budaya jawa ngrembaka lan dipunugemi ing papan pundi kemawon
. Komunitas pandhemen wayang ing Jawa Tengah ugi saged dipunetang wilanganipun. Mracihnani kalamun
pandemen wayang ing Jawa tengah taksih kirang. Menika dados tugas kita sedaya
minangka tiyang jawa nglestantunaken seni pagelaran wayang ing tlatah jawa mlgiginipun Jawa Tengah. Kawontenaning saben pagelaran wayang ing Ngayogyakarta
kalian Jawa Tengah mboten beda
adoh. Sedaya menika inggih awit saking pengaruh budaya manca ingkang sampun
ngambra-ambra lan nilaraken kita dhumteng budaya asal. Begjanipun Ngayogyakrata
menika kalebet kasultanan utawi awujud keraton saengga
ing sakiwa tengenipun keraton taksih kathah ingkang nguri-uri budaya asli.
Kados ing babagan wayang ing keraton ngawontenaken pamulangan khusus wayang. Wonten ugi lembaga ingkang taksih ngugemi dhateng budaya asli
kados taman siswa ingkang ndidik lare-lare jawa dados tiyang ingakang njawani. Wonten
ugi komunitas pandemen wayang ingkang asring ngawontenaken pagelaran wayang saben wonten adicara ingkang wigati.
Papanipun ugi kagantos – gantos, kala mangsanipun
wonten ing pendapa, kala mangsa wonten ing universitas lan sakpinunggalanipun.
Pamulangan babagan wayang wonten ing papan pundi kemawon wonten. Ing sanggar-sanggar ugi mbikak pamulangan bab
wayang. Ingkang mbikak sanggar adaanipun para dalang ingkang saestu tresna
kaliyan budaya jawi. Masyarakat
ugi milih dalang ingkang dipunanggep mumpuni babagan basa, sastra saha budaya
tumuli badhe mbabar pagelaran ing adicara tartamtu. Kanthi cara mekaten saged nuwuhaken
maneka
warni paguyuban ing tembe budaya wayang saged lestantun.
Kesenian wayang kulit sampun ngrembaka dumugi mancanegari. Mboten
namung ing adicara sakral kemawon, kados pementasan wayangan ing
salah setunggaling papan pendapa agung saha komunitas
pandemen wayang ananging ugi saged dipunwontenaken ing tlatah pundi kemawonSaged dipun wastani kemajengan wayang kulit
menika sampun ngalami ewah-ewahan menawi dipun tingali saking segi pertunjukan, ancas saha gregetipun. Kados ing kampus- kampus sampun mapinten-pinten ngawontenaken giyaran wayang kanthi sae saha dipungabung kaliyan seni sanesipun kadosta tari, theater, saha karawitan.
Instansi
pemerintah kados Balai Bahasa
saha Dinas
Kebudayaan
DIY tansah nyengkuyung wontenipun adicara
wayangan. Menika salah setunggaling cara murih lesatarining budaya arupi kesenian wayang. Pembinaan babagan wayang mboten
cekap dumugi papan menika kemawon, ananging ugi kapaes kanthi kreatif pihak pemerintah
ngawontenaken lomba-lomba pedalangan ing
sadengah papan tartamtu,
ingkang kaperang tingkat SD,
SMP, SMK. Kanthi srana
menika saged nuwuhaken raos tresna dumateng kesenian wayang sumrambahipun tumrap sedaya masayarakat jawi saking lare alit dumugi tiyang
dewasa.
Kita saged mangertos piyambak kados pundi
kawontenaning masyarakat ing jawi menika. Kasunyatan ing
babagan budaya masyarakat jawi ing jaman sakmenika kirang nggadhahi raos remen
hangleluri amrih lestarining budaya ing Nuswantara. Nyinaoni
babagan pewayangan mboten
mbetahaken
ubarampe ingkang awrat cekap niat ingkang
kuat, inggih menika adedhasar tresna mring budaya jawi. Kagem para pandemen wayang
kedah nggatosaken
bab-bab pakeliran saha isining pewayangan. Kathah ugi
srana nyinaoni bab wayang, tuladhanipun latihan ing sanggar, menawi dipun
tingali saking kemajengan teknologi saged share
data ing internet babagan wayang, tokoh, ugi karakteripun.
Ing papan-papan tartamtu ugi asring dipun
wonteni pagelaran wayang kulit, lha menika salah satunggaling srana kagem kita
supados kenal marang wayang. Seserepan bab isining pagelaran wayang menawi dipun
raosaken ing batos tansaya nambahi kawruh panguripan, awit wontening pagelaran
wayang nggambaraken awon saening tumindak manungsa ing pagesangan bebrayan.
Sedaya menika wau saged kalampahan inggih awit saking diri pribadinipun
piyambak ingkang samangke saged nularaken dhateng tiyang sanes.
oleh : Imam fauzi (10205244003)
Sumber referensi: Mulyono, Sri.1989.Simbolisme dan mistikisme
dalam wayang. Jakarta: Haji Masagung
0 komentar:
Posting Komentar