Selasa, 13 November 2012

Lagu Rohani mawi Basa Jawa


Tumrap para tiyang ingkang nganut agami Kristiani,wonten ing laladan Jawa Tengah lan saperangan wonten ing Jawa Timur.Anggenipun nindakaken tata cara peribadatan ngginakaken basa Jawa.Para sedulur Kristiani ingkang nindakaken tata cara peribadatan menika dipunsebat umat GKJ inggih menika cekakan saking (Gereja Kristen Jawa).Kula minangka salah satunggaling umat GKJ wonten ing cabang Kecamatan Pedan Kabupaten Klaten,rumaos suka saha bombong tumrap anggenipun umat GKJ wonten ing tlatah Jawa Tengah saha saperangan Jawa Timur.Awit para umat nindakaken peribadatan wonten ing gereja menika ngginakaken basa Jawi,mirsane kahanan mekaten basa Jawi saged dipunsinaoni para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare anggota GKJ.Para kulawarga ing gereja saged ngleluri basa Jawi saengga basa Jawi menika saged lestari tumekeng wuri.
Wonten ing dinten setu saha minggu para sedulur Kristiani GKJ nindakaken peribadatan,anggenipun nindakaken peribadatan mliginipun sorak-sorak kanthi pujian-pujian lagu ingkang mawa basa Jawi.Pujian-pujian lagu rohani menika dipuniringi alat-alat musik ingkang tradisional kadosta kendhang,demung,saron lsp saha campur kaliyan alat musik modern kadosta keybord,gitar listrik,flute lan sanes-sanipun.Anggenipun memuji kanthi lagu abasa Jawa, para sedulur Kristiani ing GKJ menika boten dipunbarengi kaliyan tepuk tangan.Wonten ing umat GKJ menika anggenipun memuji kanthi lagu langkung tenang boten ngangge tepuk tangan kadosta gereja-gereja umumipun.Miterat pamanggih kula,peribadatan mawa basa Jawa menika langkung ngresep ing ati,ati menika saged wening anggenipun komunikasi kaliyan Gusti ingkang Maha Agung.Doa utawi pandonga ingkang dipunginakaken mawa basa Jawa krama inggil,amargi para umat Kristiani kang nyeyuwun kanthi komunikasi kaliyan Gusti.Anggenipun Pandeta utawi Rama ingkang khotbah ing mimbar ngginakaken basa Jawa,langkung alus saha inggih kraos langkung ngrumesep ing batin.Ananging taksih kathah para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang boten mangertos arti utawi teges saking khotbah Pandeta/Rama.Pramila mekaten dampak ingkang positif para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang nderek peribadatan saged sinau basa Jawa,menawi wonten tembung ingkang boten mangertos saged dipunserat lan saged nyuwun pirsa kaliyan Pandeta/Rama saha bapak/ibu wonten ing dalem.
Lagu rohani mawa basa Jawa menika langkung sae dipunginakaken wonten ing peribadatan sekolah minggu(peribadatan kangge anak-anak) supados para lare langkung mangertos sekedhik-sekedhik tembung-tembung basa Jawa saha arti utawi tegesipun.Para lare uga langkung wiyar anggenipun mangertos tembung-tembung basa Jawa saha saged dipunangge bahan pemucalan wonten ing sekolah.Peribadatan para sedulur GKJ menika langkung prayoga saben anggenipun miwiti peribadatan mliginipun lagu rohani,para umat dipunparingi teks seratan/cetakan supados para kadang mudha lan mudhi saha lare-lare ingkang ndherek peribadatan saged gampil


anggenipun ngucapaken lafal saha kanthi intonasi,ritme,dinamika ingkang pas.Menawi sampun cekap anggenipup peribadatan teks menika saged dibeta wangsul lajeng saged dipunsinaoni menapa wonten tembung-tembung ingkang mboten mangertos,lajeng saged nyuwun pirsa kaliyan Pak Guru saha Ibu Guru ing sekolahan.Langkah mekaten saestu saged nambah kosa kata saha tetembungan basa Jawa sarta ndidik para lare-lare saha kadang mudha lan mudhi kangge ngleluri basa Jawa menika.

Lagu rohani basa Jawa menika inggih ngginakaken basa endah kadosta basa inggang dipunginakkaken ing tembang Macapat.Basa ing lagu rohani dipunpilih/dipunpasaken basanipun kanthi irama,nada,ingkang pas ing lagu menika.Lagu rohani mawa basa Jawa menika kathah sanget modelipun,saking lagu ngamanca dipungubah kanthi basa Jawa,ananging mboten ngubah nada lagu aslinipun,lagunipun tetep ngangge lagu asli ngamanca menika namung cakepanipun ingkang bedha.Miterat para sedulur Kristiani wonten ing Gereja Kristen Jawa,senadyan tumrap lagune padha,bedha cakepane ananing tetep langkung religius tur nengsemaken basa-Jawanipun.Para umat Gereja Kristen Jawa rumaos langkung prayoga,langkung rumesep ing wening anggenipun memuji lagu ngangge basa Jawa.Kathah umat ingkang memuji kanthi lagu rohani basa Jawa ngantos saged tumetes banyuing mata,amargi tembung-tembung ingkang dipunginakaken wonten ing lagu pujian menika ngangge basa endah lan basa Jawa krama ingkang langkung kraos ing manah.Miterat Rama Sudi Yatmana salah sawijining pakar basa Jawa,kapratelakaken basa menika vertiakal miterat mangsa kalanipun,horisontal miterat empan papanipun,saha integral miterat kahananipun.

Awit saking sipat basa yaiku vertikal,horisontal,lan integral kita kedah ngatos-atos anggenipun ngginakaken.Pramila mekaten paedah saking lagu rohani mawa basa Jawa sampun sebagian kapapar wonten ing wacan inggil menika,kita kedah was-was saha ngatos-ngatos saking budaya ngamanca mliginipun ingkang awujud basa.Basa Inggris ingkang membumi menika sampun nggeser basa Jawa,kadosta para lare-lare sakmenika sampun dipunkenalaken basa Inggris ing sekolah.Sekolah Dasar wonten ing tlatah Jawa Tengah saperangan Jawa Timur para siswa menika sampun angsal pelajaran bahasa inggris ingkang jam pamucalanipun langkung kathah katimbang basa Jawa ingkang dumados basa ibu ing tlatah Jawa Tengah saha saperangan Jawa Timur.Wonten Sekolah Menengah Atas jam pamucalan basa Inggris seminggu saged angsal 4jam ananging basa Jawa saben seminggu angsal 1jam.Saking kahanan menika kita sedaya kedah prihatin ngengingi basa Jawa ingkang samya sisah dipungladhi dening para siswa lan masarakat umumipun.Pramila mekaten kita kedah sami ngusada nguri-uri basa Jawa supados tetep lestari wonten ing bumi nuswantara saha dados karakterisitik masarakat Jawa Tengah saha Saperangan Jawa Timur.

Kanthi langkung gamblang,ngandhap menika wonten tuladhanipun lagu rohani mawa basa Jawa.

          1=f 4/4                                          Rawuhipun Gusti

Saking dampar kang mulya
Lan kluhuran swarga
Tuwan tedhak ing donya
Nunggil lan pra jalma
Tumut nandhang sangasara
Ngrembat Kasusahan
Ngrukunken tiyang dosa
Dhumateng Pangeran

Lagu menika sanes gubahan saking lagu ngamanca ananging asli saking lagu Kriste Jawa ingkang sinerat wonten ing Kidung Pujian  kaca 56.
Menawi wonten ngandhap menika lagu Natal saking ngamanca ananging sampun dipungubah mawa basa Jawa.


Dalu Suci

Dalu suci,tidhem sami
Jeng Gusti Pamarta
Tedhak manjalma krana kita
Miyos wonten kandhang Betlehem
Gustining dumadi,Gustining dumadi

Lagu menika sami nadanipun kaliyan lagu Natal wonten ngamanca ananging namung bedha cakepanipun.Anggenipun ngubah basa ngamanca dados basa Jawa kados tuladha lagu wonten ing inggil menika ingkang dipunraoskaen para sedulur Kristiani Gereja Kristen Jawa langkung rumaos nengsemaken saha rumaos ing manah,langkung caket anggenipun komunikasi nyenyuwun kaliyan Gusti Sang Pangeran.

Dudutan pungkasan utawi kesimpulan penulis wis sapantese menawi basa Jawa menika kedah dipunuri-uri supados lestari.Semono uga tumrap kadang mudha lan mudhi kedah ngusada ngleluri basa Jawa menika,supados boten kageser kaliyan basa ngamanaca.Para siswa uga kedah mbudidaya basa Jawa,anggenipun sinau boten wonten ing sokalahan kemawon ananging wonten njawi menika taksih kathah papan ingkang wiyar saged dipunsinaoni saha saged dados bahan kangge pamucalan.Sedaya kedah wajib melu cawe-cawe,pro-aktif kangge nyengkuyung basa Jawa supados tetep lestari wonten bumi nuswantara Indonesia.

                                                                                                                                 Dening
                                                                                                                        (Angga Dicky K)

                                                                                                                        NIM:10205244029

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •