Sabtu, 29 Desember 2012

Witoradyo

Suwitoradyo, lair ana ing Klaten 12 Desember 1958, Pak Wito pidalem ana ing Sraten, Trunuh Klaten Selatan, Klaten. Pak Wito ngasto dosen ana ing ISI Surakarta babagan Karawitan. enem-enemanipun Pak Wito sampun remen kalihan Seni Jawa kadosta karawitan lan ringgit. wonten ing griyanipun Pak Wito gadhah piranti karawitan saking Gong dumugi peking lan piranti kangge pagelaran ringgit. sedaya komplit. Panjenenganipun ugi mbikak kursus ndalang, ngrawit, tari, damel wayang lansakpanunggalanipun wonten ing wadhah PKBM Dewi Fortuna ana ing Sraten. kathah warga Sraten lan ugi tiyang manca ingkang kursus kalihan Pak Wito. saben Minggunipun ngawontenaken latiyan kangge pagelaran ingkang mbetahaken jasanipun Pak Witoradyo menika. Panjenenganipun asring sanget tindak ing negara Jepang amargi muridipun wonten saking nagara Jepang, Panjenenganipun ndampingi muridipun pentas ana ing Jepang.

Anggita Petra (10205244007) 

Garong Kelas Teri


Mahasiswi jaman saiki arang sing bisa nguripi awake dewe ana ing kuthane wong liyo, adoh saka rama biyunge. kuliah nganggo duite dewe, mangan, ngombe, jajan, dolan, mejeng kabeh nganggo duite dewe, bejo banget sing jenenge Wati, undang-undangane bocah wadon  kuwi saben dinane ditulungi budhene supaya deweke bisa ngeyup saben dinane nganti Wati lulus kuliah manggon ning griyane budhene mau. Nanging saiki budhene Wati wus ditimbali sing gawe urip, Wati tetep m anggon ana ing griyane budhene karo mbakyu sepupune. Nanging Wati sadhar dhiri deweke ora gelem ngrepoti mbakyu sepupune. Sawise budhene sedo, Wati kepingin kuliah sinambi kerja. Deweke golek lowongan ana ing koran-koran, jebul nemu konter ing jogja butuhake karyawan. Ora ngenteni suwe Wati banjur gawe surat lamaran dinggo sarat deweke mlebu kerja.
Telung dina sawise Wati ngirim lamaran, deweke ditelpun karo juragan kontere sing dileboni lamaran. Wati didhawuhi mangkat wawancara esuke, sedina sawise wawancara Wati banjur entuk SMS saka juragane nak Wati bisa mlebu kerja. Wati anggone adaptasi ana ing papan kerjane bisa cepet, juragane seneng karo Wati amarga Wati bocahe sregep, tliti lan duweni tanggeljawab gedhe.
Telung sasi anggone deweke nyambut gawe, Wati antuk musibah sing gawe geger lan sapa sing ngalami bakale ora gelem meneh nyambut gawe. Wati kerampokan, nalika Wati jaga konter dewekan kira-kira jam 10.15 esuk, Wati diparani bapak-bapak sing arep tuku charger hape, nanging charger hp kuwi mau ora eneng, banjur bapake takon regane hp sing dipajang ana ing etalase
“mbak, hp ne kuwi regane pira?” pitakone bapak mau.
“350, pak” semaure Wati
“lha sanding kuwi pira mbak?” pitakone maneh.
“menika 200 pak” wangsulane Wati
Ora duwe rasa sing neka-neka karo bapak mau Wati biasa wae anggone nanggepi pitakonane, itungan detik, Wati wus ditodong nganggo belati ne bapake mau, Wati isane naming bengok lan mbengok nanging rampoke banjur ngancem Wati, anggere Wati mbengok maneh Wati ameh ditusuk nganggo belati sing dinggo nodong gulune Wati. Apes, tukang parker sing biasane jam 9 wus ana ing ngarep kontere kok jam 10 durung ketok anggone nyambut gawe marker motor. Deweke ora ana sing nulungi. Bocah wadon namung bisa sesenggukan sinambi dicencang rampoke. Sawise Wati dicencang tangane nganggo raffia abang, rampoke langsung jupuk hp sing ditakonke mau.
Garong sing pengine nyekap wati ana ing ing lawang mburi konter sing dikirane WC nanging dudu WC, batine Wati bungah banget, amarga Wati menawa dibukake lawang kuning mau bisa cepet-cepet mlayu lan jaluk tulung karo tjah kos mburi sing ngekost ana ing mburi konter mau. Bener wae Wati dibukake lawang banjur mlayu genjrit bengok-bengok jaluk tulung. Ora suwe Wati ditulungi sing duweni kost, banjur rampoke dioyak nganti kecekel. Sawise kecekel rampoke digebugi karo wong-wong kiwa tengene konter sing dijaga karo Wati.
Lega atine Wati, deweke ara sida digarong wayah esuk uthuk-uthuk, lega atine Wati rampoke dipenjara kaya pepenginane Wati. Saka kedadeyan mau Wati ora kapok anggone nyambut gawe, deweke ora metu saka gaweane.

Dening: Anggita Petra A.D
10205244007 

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •