Minggu, 30 Desember 2012

Susis “ Suami Takut Istri “



Susis “ Suami Takut Istri “

Para sedulur masyarakat padesan tekan ing kutha – kutha, saubenge nuswantara wis ora asing meneh karo pelawak sing agi kondhang – kondhange, yaiku Sule. Lagu sing irah – irahane Susis, lagu kuwi wujude ora mung tembang, nanging dadi kasunyataning urip ing ndunya.
Ing Desa Dhadhapan, ana wong lanang sing mbangun keluarga. Wong mau jenenge Wirya. Pak Wirya ningkah karo Sati. Anggone kekeluargaan uripe ayem tentrem. Penguripane Pak Wirya sekeluarga saka asiling tetanen. Ora let suwi, sawise pirang taun Pak Wirya karo Bu Sati nduwe momongan anak lanang. Anake mau dijenengi Paimin. Keluarga kuwi tambah seneng meneh uripe amarga wis eneng momongan. Nanging Gusti Allah ngersakake sejen, Ibune Paimin yakuwi Sati dipundhut nang sing gawe urip. Pak Wirya sekeluarga ngrasa kelangan sing banget – banget. Sapa – sapa padha nangis nlangsa. Banjur uripe Pak Wirya saiki dadi dhudha. Urip mung wong loro karo anake lanang.
Sawie telung taun ndhudha, banjur Pak Wirya kenalan karo prawan sing jenenge Wantinah. Sengsaya suwi srawunge tambah raket. Si Wantinah digawa meng umaeh Pak Wirya, dikenalke meng anake lanang. Pancen Wantinah kuwi omonge manis, nyenengake ati, tur wonge ya ayu, cilik dhuwur. Wantinah nukokake jajan, dolanan, lan liya – liyane. Sawise let seminggu si Wantinah njaluk dilamar. Panjaluke Wantinah disanggupi Pak Wirya. Nalika nglamar, Pak Wirya aseng kakang lan mbakyune kanggo seksi. Pak Wirya njaluk janji marang si Wantinah.
“ Pak Wirya : aku gelem ningkah karo kowe, nanging kowe kudu gelem nampa, ngrumat aku lan anakku. “
“ Wantinah : ya aku gelem nampa, aku sanggup ngrumat njenengan lan anake njenengan. “ jawabe Wantinah karo mesem.
Sawise lamaran let seminggu, banjur njaluk diningkah. Uripe wong telu mau guyub rukun, ayem tentrem. Ora let suwi si Wantinah diparingi momongan, lair anak wadon sing dijenengi Sarni. Wiwit saka kuwi sengsaya suwi sengsaya ketok sifat asline Wantinah. Sithik mbaka sithik sing maune apik saya luntur. Sing maune nggatekake Paimin saiki wis ora, kasarane dibuwang. Wong sing apik dadi kejem, kaya macan manak galake. Ora mung cukup semana, Pak Wirya uripe saiki nganti di setir nang bojone, amarga wedi. Paimin mau nganti diselehke neng umaeh Pak Dhene. Amarga saking sengite Wantinah karo si Paimin. Yen Pak Wirya kepengin ketemu karo anake lanang ndadak umpet – umpetan. Kuwi lumaku kanthi teterusan. Anake wadon diugung – ugung, dialem – alem, apa kang dadi panjaluke mesthi dituruti. Nanging kosok balike, si Pimin disia – sia. Kaya bebasan Jawa “ emban cindhe emban ciledhan “.
Nuju sawijining dina, Pak Wirya kewenangan nang si Wantinah lagi nemoni anake lanang. Banjur si Wantinah “ morot – morot “ ( padu ). Suarane Wantinah ora trima lirih, nanging seru, gampangane wong se RT krungu kabeh. Nanging si Wantinah ora nduwe krasa isin karo tangga teparone. Padinane padu terus. Pak Wirya sing maune lemu saiki dadi gering, ora mitayani, amarga akeh mikir karo batine kedereng. Sawise kedadeyan kuwi, uripe Paimin kelunta – lunta, sengsara, kaya dhewekan. Nanging isih beja, amarga saben dinane diopeni karo Pak Dhene. Manggone ya nang umaeh Pak Dhene. Banjur si Wantinah nyatru, nesu, ora wawuh karo kakange Pak Wirya sekeluarga. Uripe Pak Wirya saiki mung tansah manut, nurut karo si Wantinah.
Suami takut istri ora mung nang sinetron, lagu, nanging dadi kasunyataning urip. Yen wong lanang sing wewatone ora kuat, bisa nduweni sifat ala, sebab dene kegawa kelakuan lan tindakan bojone sing ala. Bebojoan ora mung tansah golek apik rupane, nanging sing paling utama kudu apik atine. Aja nganti milih kedhondhong, alus rupane nanging ala njerone. Dadiya wong lanang sing nduwe adeg – adeg jejeg, kanggo mimpin keluargane, aja nganti kedadeyan kaya ing tembang mau.

Agnes Erma Hevitayanti



Agnes Erma Hevitayanti
 Penyanyi Campursari
Agnez Erma Hevitayan,mangkono jeneng jangkepe penyanyi campursari saha sindhen kawentar ing kutha Klaten lan sekitare.Penyanyi kang nduweni bintang Gemini,kelairan Klaten ,17 Mei 1988,wiwit nyanyi umur 10 taun.Ngancik umur 10 taun,Erma(jelukane) menang Juara 1 lomba nyanyi Campursari ing Kecamatan Pedan Kabupaten Klaten.Nalika umur 12 taun,Erma uga menang Juwara 1 lomba Campursari  Piala Bupati,Kabupaten Klaten.

Sakjane wiwit kelas V SD nganti tekan SMP Erma wis bisa golek dhuwit dhewe kanthi nyanyi campursari.Saya-saya bareng ngancik kelas 1 SMK (SMEA) jurusan Akuntansi perkontoran malah saya nenani anggone nyanyi campusari lan saya bisa ngopeni awake dhewe lan mbantu-mbantu ekonomi kulawarga.Nalika ditakoni penulis,”kenging menapa kog milih dados penyanyi campursari?”Anggone mangsuli,”amargi menika panggilan saking manah saha remen kaliyan lagu-lagu Jawa”.
Akeh sing bisa ditempuh yen kepingin dadi artis kondhang lan ngetop.Ana sing jenenge diganti supaya gampang dieling-eling para penggemare.Saiki wis lumrah yen artis-artis sing pingin cepet ngetop kuwi padha nggunakake”jeneng panggung”.Ananging ora kanggo penyanyi kang  pawakane lencir tur manis.Dheweke ora gelem neka-neka,lan rumangsa ora perlu ngrubah jeneng supaya bisa dadi penyanyi kang ngetop.”Gek ya kanggo apa mas?,jeneng wae kog ndadak diganti-ganti barang!”celathune Erma.Jeneng sing alami lan orisinil ya Erma kuwi.


Wiwit SD tekan SMEA sekolahe ing Klaten,dheweke ora gelem kuliyah amarga pingin fokus wae ana ing padamelan campursari.Minangka penyanyi kang kalebu laris utawa payu lan kerep banget ditanggap,sing penting kuwi penampilane lan swarane.Ing bab kostum ora seneng sing katon ngejreng ,ananging luwih seneng sing kalem-kalem warnane.Ing bab kostum kuwi mau,Erma seneng ndesain klambi kang modele padha le dikarepake.Jan pancen penyanyi kretif tenan.
Erma sing manggon karo garwane ing Desa Ngemplak,Tambakbaya,Pedan Klaten.Gadhah gegayuhan utawa pangarep-arep supaya dheweke bisa kepingin luwih suwe anggone nyanyi ngehibur para penggemare.Karo duwe pepinginan ngentasake adhi-adhine kang cacahe 2 bisa sekolaha tekan bangku kuliyah.
Penulis:
Dening,: ANGGA DICKY KRISNAWAN
                 10205244029/PBD G 2010

Setya Nganti Tekane Pati


Dongeng

            Setya Nganti Tekane Pati
Roki jenenge, yaiku asu kang duweni ules putih sajroning awak sak sikile,lan buntute ananging sirahe ulese coklat.Roki kagolong jinis asu Jawa,ora gedhe lan ora cilik yo sedhengan awake.Ananging manut/lulut banget karo sing duwe.Sing duwe Roki asmanipun Pak Bambang,yaiku salah satunggaling prajurit Indonesia kanggo nantang penjajah walanda ing nagara Indonesia.Saiki umure Roki wis ngancik 3 taun,kanggone umur asu wis kagolong dhewasa.Saben dina pak Bambang sesrawungane mung karo Roki ,amarga urip ijen lan ora duwe sanak kulawarga kang isih ana.Mlaku ngetan-ngulon,ngalor-ngidul yo sing ngetutake  namung asu Jawa kuwi.Pak Bambang anggone ngopeni Roki kanthi gemati,saben esuk lan sore dipakan.Jan kaya bateh tenan,angger mangan yo mangan bareng.
Saben pak Bambang anggone ngemban kuwajiban bela nagara Indonesia,yaiku perang marang walanda,Roki namung nunggu omah.Sawise balik perang pak Bambang mesthi langsung balik omah.Roki wis nunggu kanthi dlosoran ing lemah,banjur ngerti pak Bambang bali,langsung dilunjak lan didilati tangane lan sikile.Pak Bambang rasane yo seneng banget,atase kewan kog kaya menungsa,senengane mbagekke sawise balik omah.Nganti anggone turu wae Pak Bambang dikancani Roki,jan kaya mimi lan mintuna tenan.Saben subuh utawa sloroting cahyo wis katon metu,Roki mesthi nggugah pak Bambang.
Ora krasa wis meh wolung taun Roki diopeni pak Bambang.Saben dina yo mung ngono wae,tetep ora iso pisah karo klangenane kang digemateni.Ora kaya dina-dina biasane,Roki anggone dipakan pak Bambang kog ora gelem dipangan,diwenehi lawuh apa-apa kog yo ora dipangan.Jan aneh tenan,pak Bambang wae nganti meksa-meksa,yo tetep wae ra gelem magan.Pak Bambang nyelathu “ ki,,,apa kowe lara po yo?”kog ra gelem mangan blas…’’.Wis rong dina iki Roki ora gelem mangan babar blas,dheweke mung gelem ngombe thok.Bengi kuwi walanda nyerang kutha Klaten,para prajurit-prajurit padha mlayu lan siap-siap perang nglawan penjajah walanda,tanpa kecuali pak Bambang.Bedhil,tombak saha piranti-piranti perang wis disiapke,pak Bambang banjur gage-gage mangkat.Sadurunge mangkat perang ing petenging wengi kacampur udan gremis,pak Bambang nyelathu “ ki tunggu omah lho !! aja lunga-lunga,entenana aku bali ki”.Banjur pak Bambang budhal ing papan paprangan kanthi ati kang teteg,tatag,tutug kanggo semangat ngusir walanda ing nagara Indonesia.
Wis wayah esuk, paprangan uga rampung,walanda bisa diusir lan menyat saka kutha Klaten dhumateng para pejuang utawa prajurit-prajurit kang bela nusa lan bangsa.Roki anggone nunggu pak Bambang kog ora bali-bali ora katon-katon,dienteni nganti sore kog yo ora bali-bali.Tetep wae Roki dlosoran ana ing lemah nunggoni juragane.Ora ngertio lha kog saka kidul para warga saha prajurit padha ngusung jasade Pak Bambang,Pak Bambang seda ing paprangan amarga kena bedhil ing dadha sisih kiwa lan gegere.Para kanca prajurit padha tetangisan anggone ngubur jasad Pak Bambang.Roki uga ana lan nunggoni ing pamakaman mandore,atase dheweke asu,nanging kayane bisa ngerteni rasa kaya manungsa.Swarane Roki namung kaing-kaing lan jegug-jegug ora genah.Sing marakake padha nggumun yaiku Roki netesake iluh ing mripate.Wayah wis samsaya sore,para pelayat uga padha bubar.Ananging Roki isih wae nunggoni dlosoran ing makame Pak Bambang.Ora suwe udan gedhe,Roki uga ora menyat balik ing omah,isih tetep wae nunggoni makam juragane.Dina esuke Roki gelem bali omah,tanggane pak Bambang sing asmane pak Banu sing mesakake Roki lan diparingi panganan saben dinane.Jebule ora pak Banu thog sing maringi panganan,nanging para warga dhusun kang welas karo Si Roki.Ing sawijining dina Pak Banu mendhem klambi-klambi lan kathok-kathok suwargi Pak Bambang ing buri omah.Eh lha kog ora let suwe Roki ndukeri lemah anggone mendhem klambi lan kathok mau.Sajake Roki ora gelem yen klambi lan kathoke pak Bambang dipendhem.Banjur klambi lan katho mau digondhol Roki menyang emper.
Wis rong taun Pak Bambang seda,Roki sewektu-wektu mara menyang makame pak Bambang kanthi dedlosoran nunggoni na sandhik makam,yo kaya wong kang ziarah kae.Ora let suwe saka dina kuwi,pak Banu golekki Roki kog ora ana,biasane ya jedal-jedul gawa balung.Banjur pak Banu niliki na makam lan nemoni Roki wis mati.Roki mati ana sandhik makame juragane,yaiku Pak Bambang.Nonton kadadeyan kuwi pak Banu langsung ngelus dadha lan nyelthu”dhuh kog yo asu kog kaya ngluwihi menungsa,setya marang sing duwe nganthi mati”.Banjur kuwi pak Banu crita marang tangga teparo lan padha ngubur Roki.

Dening : Angga Dicky K
               10205244029 PBD G 2010

Jebule Sing Ketilang Ora Mung Aku


“Jebule sing ketilang  ora mung aku”


Dina minggu kang ora kaya minggu-minggu biasane,awak kog rasane abot,kesel,lungkrah sawise melu kemah saha MaKrab (Malam Keakraban) sing mapan ing satunggaling tlatah Jogja.Saka dina setu esuk tekan minggu ora bisa turu kepenak ing papan kemah,awit esuk mandu para peserta kemah,eh bareng wengine oleh bagian jaga wisma.Hawa adhem kang dadi kanca ing wengi kuwi.Minggu awan jam 1,para peserta saha panitiya kemah/MaKrab wis padha siap-siap tata-tata lan cepak-cepak budhal ing omahe dhewe-dhewe.Ing sekitar papan kono mendhung wis katon ngglayut,ora suwe para peserta saha panitia mungkasi acara kemah.Para peserta kemah saha sebagiyan panitian bali numpak bis.Dene aku,Danu,Primas,lan sebagiyan panitiya nggawa montor.Bis 4 cacahe wis padha bali ninggalke papan kemah,ora let suwe Danu pamit marang aku arep bali dhisik,Danu nyelathu”Cil tak balek sek yo selak udan ki,awakku yo kesel je”,tak wangsuli ho’o ati-ati yen numpak montor.Sisane aku karo Primas kang sing padha sejalur dalan kanggo bali.Aku ngajak Primas bareng bali,ananging Primas jebul isih ana urusan nglempit klasa-klasa.Amerga selak ngrasakke kesel lan ngantuk ora karuan,aku pamit dhisik anggone bali.Ing satengahing dalan aku kog bingung,dalan anggone mangkat kemah lan balek kog ora padha,selak kemrungsung anggonku numpak montor ditambah udan gremis,aku golek dalan sing rumangsaku paling cedhak.Mak jegagig,,,,montor tak rem,ing protelon kog aku diendheg karo polisi kang gagah pidegsa,gedhe dhuwur sisan.

            Pak Polisi”maaf tau kesalahan anda apa”aku bingung ,,pak salah kula menapa pak?Pak polisi mangsuli”anda sudah melanggar jalan overbodden atau jalan searah!!!’’Aku tetep ngeyel,”lho pak disana tidak ada tulisannya kog…”Pak polisi”disana ada tulisan kecil jam 8 pagi sampai jam 6 malam tidak boleh lewat jalur searah ini!!”Aku karo nada nyentak nylathu”loh kog tulisannya cuma kecil!!jadi orang yang bukan daerah sini nggak tahu donk pak!’’.Pokoknya anda saya tilang!,,perlihatkan SIM,STNK mana??!!,celathune pak Polisi.Ora let suwe tak wenehne SIM lan STNK,,Anda mau sidang apau bayar denda??Celathu Pak Polisi.Wah pak denda mawon kula boten gadhah wektu kathah,kula taksih kuliyah,menawi denda pinten???,,,Pak Polisi”kalau denda Rp50.000.,,wangsulanku” Pak kula boten gadhah arta,wonten dompet namung wonten selawe uwu,,pripun?kula nembe wangsul kemah niki pak.Ya sudah masuk sini dulu duduk,,mana uang!??saya kasihan sama kamu’’celathu polisi.Batinku wah iki polisine rung sarapan,dwit selawe na dompet sidha dipalak,tapi yo ra popo dari padha disidang malah ora ana wektu.Sinambi ngelungke duwit selawe ewu marang pak Polisi lha koh aku ngguyu kepingkel,saka jaba pos kog teka Primas,mlaku nggujengi montore kang dituntun Pak polisi liya kang jaga papan kuwi.Jebule Primas uga nglanggar dalan searah,nang pos dadi rame kae,Primas uga kena selawe ewu merga jare Pak polisi ben padha karo aku,jan ra nalar blas lah.Banjur urusan tilang wis rampung,aku karo Primas nerusake balek na omahe dhewe-dhewe.Ing dalan malah cengengesan anggonku ngguya-ngguyu amarga ana sing ngancani aku,melu-melu ditilang.

            Ing dina esuke ana ing kampus aku crita marang Danu lan kanca-kanca kelas sing padha kumpul,””Dan aku wingi karo Primas kena tilang polisi merga salah dalan,dalan searah tak trabas,lha wong aku ra ngerti kog,ra tau lewat kono lan ora apal daerah kono’’celathuku.Sakbubare crita ,,Eh lha kog malah Danu nggyu kepingkel-kepingkel,lan nyelathu”ora mung kowe tog cil,,hahahaha aku pamit bali dhisik wingi yo ketilang malah kena Rp.50.000 je,,” aku,lan kanca-kanca padha ngguyu kepingkel-pingkel kae jan,rame tenan,mosok ketilang iso wong telu.Ealah jebule sing ketilang dudu aku!!!!!hahahaha




Asal-usule Kaliurang



Asal-usule Kaliurang
                Panase kaya ndilat mbun-mbunan.Nanging ora digawe rasa.Sikil kaya ana sing nguncalke.Jangkah sing sabene cekak-cekak,rasane sejangkah luwih saka semeter.
                Nyi Sunan thingak-thinguk.Nguping kiwa tengen mung suwarane kethek rebutan who-wohan.Sing digoleki durung katon.Atine sumelang.Mengko gek garwane dimangsa bekasakan alas.
“Kangjenggggg….” Karepe mono mbengok sak kayange.Sing dibengoki ora njedhul.Lakune saya munggah,tekan ereng-erenging gunung.Ewasemono durung ana jlarit-jlarit,tepak tilas sing cetha.
“Ha…ha….ha…” Jegagik! Nyi Sunan atine nratap krungu suwarane ngakak.Saya nyedhaki.Jlegggg…..! Slendange krasa abot,ana sing nggeret.
“Ayo…melu aku…ha…ha…! Plak ketiplak timpling…plak ketiplak timplung.”Suwarane nggodha , ngleleda.
“Hus…ora sembrana! Sapa kowe?” Kambi narik slendang sing dieneng-eneng.
“Aku sing tunggu alas iki.” Wangsulane karo mbalik,ngubengi Nyi Sunan.Kaya arep nguntal-untala.
“Jenengmu?”
“Buta Locaya.” Nyi Sunan tambah giris.Ndredheg.Nedya nyingkang kang arep kurang ajar.Lenggggg…….brabat…..siyutt….
Nyi Sunan sambat ngaruhara.Jebul awake wis ora ngarabah lemah,disaut buta Locaya.Mabur,bleberrrrrr..kaya angin.
Arep tulung-tulung,klakep,cangkem kaya dibungkem.Atine nitir,was.Panas saya ngetap.Abure saya dhuwur,srengenge tambah ngetap.Kaya ngobong klambi.
“Kowe kudu dadi bojoku.Wis dadi padatan,angger ana wanita leledhang dhewe iku bageyanku.”Sing dijak guneman sidhem.Pasrah pati urip. Durung nganti tekan pucuking gunung Merapi,buta Locaya rada kuwalahen. Wanita sing dibopong kaya tambah abot.Ora kewuhan,njur matak aji Septiangin ,ngeplas meneh.Mundhak entheng.
Ora ngertia bareng tekan sakiduling gunung Merapi, wanita kang digawa saya anteb. Prasasat diboboti gunung.
“Hem….iki dayane apa? Apa wanita iki turuning dewa? Kok abote ora jamak.” Batine buta Locaya,nganti pringisan.”Eittt….brokkkkk…..krosakkkk!” Nyi Sunan ucul saka regemane buta Locaya. Awake kumleyang,tiba ing wit gedhe.Buta Locaya nututi.Lhadalah!!! Jebul ing dhangkeling kayu Preh gedhe ngrembuyung,ana wong lagi semedi. Nyi Sunan tiba ing ngarepe, sing tapa jugar.Kaget sakal. Njola.
“Piye ta iki mau,kok bisa ngene?” Sunan Kalijaga miterang, kambi ngelus garwane sing lemes, awake kuku lumbu.Sing ditakoni mung amem, durung ilang getering dhadha.Sanajan atine wis rumangsa nampa kamulyan bisa ketemu garwane,guru lakine sejati.
“Kosik ta,piye….piye.Aku ki lagi tapa kok disusul.”Sing ditakoni nata ambegan.Bareng arep keclupe lambe,ndadak wis kesusul buta Locaya.
“Ooooo…bola-bali kowe Kalijaga,mungsuh bebuyutanku.Isih urip ta kowe??”Suwarane santak,ngabangake kuping.Gregah, Suna Kalijaga nurokake Nyi Sunan.” Yah!” Wangsulane cekak,anteb.”Jebul kowe ta sing njalari bojomu ucul saka boponganku.Ooo..iya,ngedir-dirke kadigdayanmu ta,genahe”.Sunan Kalijaga mentheleng.
“Sakarepmu! Wis ping pira kowe seneng gawe rusak,ngganggu gawe kawulaku”.Ora kanyana buta Locaya wis kumleyang kepelane tangan.Sunan Kalijaga siyaga.Nyi Sunan nekem dhadha,miris.
“Ayo tokna kemandhenmu!”Sunan Kalijaga nyaut pusakane,teken Kyai Deling.Kasawatake buta Locaya,srettt….Kaya ana cahya ngobong buta Locaya.Teken wis klakon nglumpuake buta Locaya.Tobat.”Aku kapok Kalijaga,wis uripana, aku gelem mbantu sakabehing karepmu”.
“Ora goroh?”
“Ora!!” Sunan Kalijaga nyedhaki buta Locaya.Nyi Sunan nyambungi rembug.”Pun pejahi sisan mawon.Buta Locaya menika remen sembrana.Kapok niku rak teng ngarep sampeyan….” Sunan Kalijaga noleh,njur mangsuli wicaksana.
“Pati kuwi dudu awake dhewe sing murba.Karomeneh Locaya wis pasrah.Kejaba yen isih wangkot,kena dilunasi”.Nyi Sunan manthuk,ngamini.
“Mung eling-elingen Locaya! Kowe tak apura, nanging ora kena pisan-pisan meneh ngganggu bojone liyan.Ora kena nggodha samangsa kawulaku lagi nindakake wajib ing papan ngibadah.Malah jaganen jim setan prepriyangan sing sok nggubel kawulaku kae.Saguh? Kana balia!” Buta Locaya manthuk.Nyi Sunan nggumun marang kawicaksanane garwane.
“Srengenge wis gumlewang.Buta Locaya mlesat bali menyang gunung Merapi.Ora let suwe keprungu suwara adzan makantar-kantar saka ereng-erenging gunung.
“Sampun manjing”.Sunan Kalijaga ngiyani.”Nanging mboten wonten toya kangge wudlu,menika dos pundi?”.
“Ayo menyang sisih wetan kae.Mung kanggo pangeling-eling wae Nyi,papan nggonku semedi nganti bisa ketemu kowe meneh iki tak jenengke Panyawangan.Ya papan kene aku bisa nyawang resiking batinmu.Bisa nyawang Locaya kang gelem tobat,bisa nyawang kaendahaning alam.”
“Inggih kula nekseni.Mangga nunten medhak”.Wong sakloron reruntungan,mudhun.Sinelingan ocehing manuk-manuk trembuku.”Lha mboten wonten banyu ngaten”.Panyelane Nyi Sunan.
”Sabar”.
“Sabar pripun,napa tayamum mawon?”
“Ora aku sumuk banget.Butuh adus dhisik”.
“Inggih nanging badhe siram napa.Genah teng nggunung ngaten.”Sunan Kalijaga nudingi papan rungkut,ngisore kebak wadhas plethas.”Teken iki tutna.Arep tak uncalke,mengko tibane ngendi copoten.Sapa ngerti ana banyune”. Nyi Sunan semu maido.Teken cumlorot kaya kilat,ana cahya sembirat ing pucuking teken Kyai Deling.Nyi Sunan tutwuri.
“Prolll….currrrrr…..” Nyi Sunan lagi percaya.Teken kang dicopot saka watu karang kuwi muncrat,ngetokake banyu bening kincling.Sunan Kalijaga nyedhaki.Ilining banyu saya gedhe,njur digawekake clekodhekan.”Adus dhisik Nyi!” Nyi Sunan wiwit cucul.Wong sakloron gebyar-gebyur.Anehe,jenggote Sunan Kalijaga okeh sing mrotholi.Semana uga rambute Nyi Sunan.Ora gantalan wektu, rambut lan jenggot ilang ing banyu.Sing Katon,ana sawenehing iwak kang duwe sungut.Grameh,lele,urang pating sliri rana-rene.Slulum lelumban ing clekodhekan.
“A……tho,apa iki!”Nyi Sunan ngadhuh.”Eitttt…. nekad tenan iki.”Wong sakloron kelaran,disapit Urang .Mangka nyapite milih ,perangan tartamtu.
“Mula Nyi, kanggo ngeling-eling mbesuk tekan anak putune dhewe,yen wis dewasa kudu disupit.Yen putri ya ditetesi.Soale,awake dhewe disapit Urang nakal”.Nyi Sunan setuju.Bubar adus banyu dibabral,disabet teken.Byakkkk…..banjir bandhang,dadi kali sing kebak Urang.
“Malah prayogi kali lan papan ngriki kanakna Kali Urang,nika kathah urangipun.”Sunan Kalijaga terus ngajak nindakake wajib.Mung nggelar surban.Kahanan nyandhak sembirat abang.Srengenge ngajak angrem ing petarangan.Layung-layung ngawe sakloron bali,tilik omahe.
                                                                                                                                Yogyakarta,15 Oktober 1991
Pethikan Sega Rames kaca 49.

ANGGA DICKY KRISNAWAN
10205244029
PBD KELAS G 2010

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •