Minggu, 30 Desember 2012

Surata KETUA Kelompok Tani NGUDI RAHARJO II


Surata lahir ing Gunungkidul, 22 Juli 1975, Surata pidalem wonten ing Dusun Plosokerep, Desa Bunder, Kecamatan Patuk, Kabupaten Gunungkidul. Surata menika lulusan saking SMK N 1 Wonosari kala semanten namanipun SMEA. Surata putra semata wayang, Surata menika remen babagan kepemimpinan lan wirausaha. Piyambakipun sakmenika dados ketua Kelompok Tani NGUDI RAHARJO II ingkang alamat wonten ing Plosokerep Bunder, Pat\uk Gunungkidul ingkang anggotanipun kirang langkung 70 tiyang. Surata menika sampun dangu anggenipun ngresaya Padukuhan Plosokerep supados warga masyarakatipun saged sami kompak. Awit kiyatipun usaha Surata sakelompok sakmenika padukuhan Plosokerep saged dados sejahtera masyarakatipun. Ugi saben tahun wonten ing pedukuhan menika wonten kirab budaya ingkang dados wujud syukur dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad.
            Minangka ketua kelompok tani NGUDI RAHARJO II wonten kiat suksesipun, inggih menika manfaataken peran sumber daya manusia, sadaya kedah saged nyambut damel sesarengan. Saksintena ingkang wonten kedah saged dipun berdayakaken kapinteranipun. Boten namung usaha ananging ugi kabudayan kedah dipun lestantunaken.

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •