Minggu, 30 Desember 2012

Gara-gara Kupu





Parno bocah SD kelas papat kancane adhiku sekolah. Esuk-esuk dheweke dolan ing ngomahku ngampiri Agung, adhiku sing ragil. Parno kuwi seneng banget dolan karo adhiku amarga bocah cilik sing ana ing desaku ya gur cah loro kuwi. Ing sawijining dina, bocah loro kuwi padha sinau bareng. Padha  nggarap PR IPA. Ing kono eneng pitakonan babagan kewan.
 “Iwak ambegan nganggo apa ya mas?” Adiku takon. Banjur dak jawab,
” Iwak ambegan nganggo insang”, Banjur Parno nyaut,
 “Lha iwak paus kae nganggo paru-paru mas. Piye je?”.
“Ha iwak paus kae kalebu kewan mamalia. Kewan kang nyusoni. Dadi le ambegan nganggo paru-paru paru”.
 “ Yen biasane pitakonane kuwi gur iwak, ateges sing dimaksud kuwi iwak sing ambegan nganggo insang. Ngono? “
“Ha saiki dak betheki Par. Kupu-kupu ambegan nganggo opo Par..?”. Aku  le nyauri ya karo rada mangkel sithik.
“ Kupu-kupu ambegan ya nganggo trachea mas”. Jawabe adhiku. “Iyo mas, nganggo trachea”. Jaka sarujuk karo adhiku mau.
“Dudu..! durung mesthi, podho kaya iwak.  Yen iwak paus nganggo paru-paru. eneng kupu-kupu sing ambegan nganggo paru-paru”.  Cah loro malah padha gumreneng dhewe, banjur malah podo ora percoya. Adhiku lan Parno pengen weruh yen ono kupu sing ambegan nganggo paru-paru.
“Akh ora eneng mas mosok eneng, ha njur kupune gedhene sepiro..?” takone adhiku
Banjur dak jelaske menawa ana kupu sing ambegan nganggo paru-paru.
“Ora percaya..? Kono kowe menyang Parangkusumo.!  Mesthi okeh neng kana”.
“Tenane mas”. Wangsulane Parno karo rodo ora percaya.
“Haa.. trus jenenge spesies kupu apa kuwi mas?”. Adhiku melu nyaut
“Kuwi jenenge spesies kupu-kupu malam”. Dak jelaske maneh supaya tambah pengen weruh.
“Tenane mas? Haa.. kok bu guru ora ngendika ngono ya mas..?” Bocah loro kwi tambah pengen weruh.
“Ha ya embuh”. Wangsulanku karo ngguyu neng jero ati. Amarga pengen weruh, Parno dolan mangkat menyang parangkusumo dhewe. karo nggawa cundhit utawa jaring sing biasane kango golek kupu-kupu, karepe arep dienggo nyekel kupu-kupu kuwi mau. Dheweke nganggo motor, amarga omahe ya ora adoh saka parangkusumo. Senajan dheweke lagi kelas papat SD, dheweke wis pinter anggone numpak motor. Ana ing ndalan Parno ijih tansah pengen weruh karo sing jenenge kupu-kupu malam. Sawise ketuk parangkusumo motor distandarke banjur parkir ana ing papan parkiran sepeda motor.  Jam lima sore Parno neng segara, mlaku-mlaku karo nggowo jarring kupu neng tangane.
Lagi mlaku sedhelo Parno keroso kemrucuk wetenge amarga luwe. Banjur Parno marani bakul angkringan kang lagi wae tata-tata dagangane. Sinambi mangan sego kucing lan gorengan telung ewu Parno takon-takon karo bakule.
 ” Pak njenengan sampun dangu nyade angkringan ten mriki.?” Takone Parno
“Uwis suwe aku dhik neng kene, aku wis meh 3 taun iki dodolan angkringan ing kene”. Wangsulane bakul angkringan kwi mau.
“Pak menapa mriki kathah kupu ingkang mebur pak..?”. Parno nambahi pitakon karo bakule.
            “Ya eneng ananging yen pas lagi mangsa ungkrung  dadi kupu”. Le nyauri Pak sing dodolan angkringan mau. Nanging bakul angkringan mau durung ngerti yen sing digoleki Parno kuwi kupu-kupu malam.
“ Kupune sing paling gedhe sepiro ya pak?”. Takone Parno
“Ya nek sing paling gedhe, paling kupu gajah dhik”.
“Lha napa kupu gajah menika kathah ten mriki?” Takone Parno.
“Ya arang.. ha kwe ki rene arep ngopo’e og nggawa cundhit barang,,?
“Badhe pados kupu pak.. turene ten mriki kathah kupu malam”. Wangsulane Parno.
“Kupu malam..? apa kuwi.. ?” Pitakone bakul sega kucing.
“Nggiih kupu pak, kupu-kupu malam”. Parno nyauri.
“Wo lha cah gemblung, arep tok nggo ngopo? Cah cilik kaya kowe golek kupu-kupu malam”. Wangsulane Parno.
“Ha kepripun ta pak malah nggedak kie.. Takon apik-apik kok”.
“Anakke sapa to le. bapakmu marai kowe agama ora..?”. Parno meneng wae merga bingung, apa omongane mau luput.
Banjur eneng ibuk-ibuk mara saka mburine pak sing bakul angkringan kuwi mau karo mesem.
“Uwis to pak e.. ijh cah cilik.. durung ngerti apa-apa”.
Banjur ibuk kuwi ngandani karo si Parno. “Kowe ki lucu dhik, kupu-kupu malam kwi yen awan ora metu dhik.. le okeh metu yen wengi”.
“Ow.. mekaten to buk.. nuwun nggiih buk.. aku arep nunggu nganti wengi sopayane kupune padha metu”.
“Nggiih mangga.. Rene mau wis pamit bapak durung ”? Pitakone ibuk-ibuk mau.
 “Dereng buk.. kula namung sedhelo kok, yen wis entuk kupu lagsung dak bali.. hhe”. Wangsulane Parno.
Wetara wis jam setenah pitu wengi. Parno ijih nunggu njanggruk ana ngisor wit eyam kang ana ing pinggir segara.
“Jare okeh kupu-kupu malam..? kok ora eneng sing mabur ya”. Parno gumreneng dhewe..
Banjur ana bakul jagung godhog liwat, takon mbi  Parno.” Golek apa dhik kok nggawa cundhit barang..?”
“ Pados kupu pak. Jarene  neng kene okeh kupu-kupu malam, kok ket mau ora ana sing mabur ya pak..?”
Bakule jagung godhog gur ngguyu, merga dheweke ya ngerti Parno kuwi ijh cilik, durung mudheng kupu-kupu malam kuwi apa.
“Kupu-kupu malam kuwi ora nduwe swiwi, dadi ora do mabur.. tok pandengi nganti esuk ya ora ana sing mabur, wis saiki bali wae kana kowe”. Le ngakon bakule jagung godhog kuwi mau.
“Owwh.. ngono“. Parno mbatin sinambi ndeleng bakul jagung kuwi mau lunga.
Ora let suwe Parno ngadeg.. Banjur Parno nguripke senter sing digawa saka ngomah mau, sinambi mikul  jarring lan mlaku ngetan ngulon. Sirahe tansah ndungkluk wae ndelengi ngisor, kaya wong lagi nggoleki dhuit tumeblok ana ing pasir.
“Kowe golek apa le, wengi-wengi neng kene golek undur-undur po?“ Takone simbah-simbah sing biasa dadi juru kunci ing cepuri Parangkusumo kono.
Pados kupu-kupu malam mbah.
“We cah cilik ki ora pareng ngomong kaya ngono karo wong tuwa. Ora ilok“. Le ngandhani simbah-simbah kuwi mau.
 “Lha tenan kok mbah, arep golek kupu-kupu malam, malah diarani ora ilok”. Le nyauri Parno.
Lan uga ana ibuk-ibuk sing krungu gunemane wong loro kuwi mau.
“Cah cilik wani- wanine, piro umurmu ki. Gaduk kuping we urung kok arep golek wedokan”.
“Lah malah nyendak.. Aku ki ora golek wedokan.. Aku ki rene arep golek kupu-kupu malam. Budeg nggih sampeyan”. Parno ya rada mngkel.
“Wo lha bocah gendheng.. lunga kana- lunga.. duitmu pira wani golek kupu-kupu  malam kie..?”
“Lah apa regane larang..? Kula gadhah arta limang ewu angsal dereng..”? Parno takon.
“Woo lha bocah.. limang ewu go tuku  sego sebungkus we kurang”. Ibuk-ibuk mau nyauri.
“ Lah aku ki arep tuku kupu-kupu malam, ora arep tuku sego bungkus”! Parno le nyauri sinambi gregeten.
“We lah dala.. iki bocah ngeyel temenan.. bali kono..  Sekolah dhisik, nyambut gawe sing bener.
Banjur eneng bakul asongan kang adol majalah. “Pak wonten buku kumpulan serangga boten pak..”? Parno takon.
“Iki  eneng dek gari siji, arep tok tuku ora..”? Le nyauri bakul majalah mau.
“Regane piro pak..?”
“Limang ewu wae”. Le nyauri bakul majalah mau.
“Walah pak duitku gari Limang ewu nggo jajan mengko,  mosok entek. Telung ewu wae ya pak..”? Parno ngenyang.
“Ya wis nya lah dhik”. Sinambi ngulungke buku mau myang Parno.
Banjur buku mau dibukak lan diwaca, saka belalang, semut, lan bangsa serangga.
Ora let suwe mbengok..
“Lha iki.. ketemu..! Siklus hidup kupu-kupu.. Lha ning kok ora eneng spesies kupu-kupu malam ya, ojo ojo wis punah.. Nyatane aku nggoleki ket mau sere ora tau ketemu.. hadewh hadewh.. Ora popo.. semangat.. aku bakal dadi penemu hewan langka. Yen aku nemokake kupu-kupu malam kui bakal dak kembang biakake, dak ternakake supayane ora punah.. hha”. Parno dadi gumbregah maeh anggone golek kupu.
Banjur eneng wong adol Koran liwat.
Koran-koran : “Berita utama, puluhan kupu-kupu malam diamankan Sat Pol PP dari berbagai tempat dan diskotik”. Bakul koran mbengok-mbengok karo adol korane. Banjur bakul Koran mau diparani si Parno.
Parno takon : “Pak.. nyade Koran pak?”. Bakule njawab :” Genah no kok, aku bakul koran udu bakul sendhal”. Bakule Koran njawab rada mangkel.
Parno takon maneh: “ Pak lha mau jare  berita utamane puluhan kupu-kupu malam diamankan Sat Pol PP dari berbagai diskotik, lha napa kupu-kupu malam menika le saba ten diskotik pak?, lajeng regine setunggale pinten nggih pak?”.
“Hush.. kwe ki cah cilik takon-takon lonthe ra nggenah.. kana mantuk wae kana”. Le njawab bakul Koran karo mangkel.
Banjur Parno tetep wae ora rumangsa salah:
” Woo lha bakul Koran.. aku takon kupu le njawab lonthe, takon apik-apik malah di sengeni.. payah”.
Ora let suwe ngerti ngerti okeh ibuk-ibuk lan wong wadon padha mlayu ngalor ngidul, nabrak-nabrak wong kang pada mlaku. Uga ana mobil lan trek warnane ijo-ijo rada ireng eneng tulisane Sat Pol PP. Sing numpak ing kono wong- wong wadon pada nangis. Merga Parno pengen weruh banjur takon karo bapak-bapak kang adol es degan ing kono :  “Wonten napa to pak, kok kathah ibuk ibuk padha mlayu, wis kaya maling wae dioyak-oyak polisi..”?
“Eneng grebegkan kupu-kupu malam dek, ha kae mau dioyak-oyak Sat Pol PP apa ora ngerti kowe mau..?” Bapake le nyauri santé.
Parno karo plonga-plongo njawab :
” Oow… berarti ibuk-ibuk sing dioyak-oyak kae mau nyalong kupu-kupu malam ya pak. Segaras dioyak oyak polisi.” Bakule es degan gur nyauri:” Iya dek, ngono ya kena”.
“ Heh.. kupu-kupu malam, we lha aku ya lagi golek kupu-kupu malam je  pak, matur nuwun nggiih pak, aku dak ngoyak kupu sik”. Si Parno kaget, lagi eling yen dheweke ya lagi nggolek kupu-kupu malam. Bakule gur gedheg-gedheg sinambi sinambi ngudak es degan sing eneng ngarepe.
Parno kang sikile cendhek lan jangkahane cupet tetep wae ora iso ngoyak ibuk-ibuk lan petugas Sat Pol PP mau. Dheweke nganti krenggosan uwis kelangan tapak. Amerga dheweke kesel Parno lungguhan ana ing pinggir dalan.
Parno wis arep nglokro anggone golek kupu. Iki kudu nengdi maneh aku le golek kupu-kupu malam..? Neng segara ora ana, ow iyya.. mau jarene Puluhan kupu-kupu malam dtangkap oleh Sat Pol PP. Lha ning ngapa polisi-polisi nangkepi kupu? Mlebu Koran meneh.. oww aku ngerti, kupu malam rak kewan langka.. dadine sapa sing nangkep kupu malam iso dadi terkenal. Kaya pak polisi-pak polisi  kuwi mau. Yen aku iso nangkep kupu malam siji wae, mesthi aku iso terkenal haha… Parno lekas mlaku karo ngekek. Mbayangke yen dheweke iso nangkep kupu malam kuwi mau.
Wetu wis nuduhake jam sanga wengi. Banjur Parno menyang neng sel tahanan.. Marani polisi kang lagi jaga..
Parno mlebu: “Assalamu’alaykum.. Waalaykum salam”. Le njawab penjaga sipire.
“Arep ngapa dek?”. Penjaga sipire takon marang Parno. Ijih nggawa jaring kanggo nangkep kupu lan  tas kresek sing arep dienggo wadhah kupu.
”Kula mriki badhe nyuwun kupu-kupu malam pak, setunggal mawon badhe kula ternakaken. Mbok mesakke kula pak. Kula isin menawi mantuk boten beto kupu-kupu malam pak”. Parno cerito.
Pak pejaga sipir malah bingung. Ananging dheweke iso  tanggap yen Si Parno kuwi sejatine ijih bocah lugu kang durung ngerti yen kupu-kupu malam kuwi sejatine apa. Banjur penjaga sipir kuwi mau jagongan karo Parno.
 “Kowe sekolah durung dek..?”Le takon penjaga sipir penjara mau.
 Banjur Parno njawab:
“ Sampun pak, kula kelas sekawan SD”.
“Woalah wis kelas papat SD, pinter no, cah sak kowe wis kelas papat SD”. Le ngguyoni penjaga sipir kuwi mau.
Banjur  Parno njawab lan sisan nakokke apaentuk yen kupu-kupu malam sing di cekel Sat Pol PP Mau digawa Parno bali:
“ Inggih pak, Pak pripun.. menapa pareng kula nyuwun kupu-kupu malam ipun? pareng nggiih pak, kula janji wis, bakal dak rumat, dak ingu nganti ngerda. Ora bakal mati, sesuk yen wis dadi okeh njenengan kula caosi wis pak.. Pareng nggiih..?”.
Merga penjaga sipir iki ya bingung, sidane pak penjaga sipir nyeluk kancane. Pak penjaga sipir nyuwun supaya ngetokake ibuk-ibuk kang mau lagi wae bar ditangkap. Malah kancane ya melu pringas-pringis karo ndeleng rupane si Parno kang melas.
“Sabar ya dek, kae lagi dijukukke kupu-kupu malame karo kancaku”. Le kondo penjaga sipir karo si Parno amrih si Parno ora mbesengut maneh.
“Saestu pak..? lha napa pareng..? maturnuwun nggiih pak polisi.. Yes.. aku bakal mbuktekake karo mas Riyan yen aku iso nangkap kupu-kupu malam.. hha”.
Ulate Parno langsung sumringah merga bakal nduwe ingon-ingon kang jenenge kupu-kupu malam kuwi mau.
Banjur ora let suwe eneng sing metu saka sel tahanan. Sing metu kancane penjaga sipir  karo ibuk-ibuk kang ditemoni ing Segara Parangkusumo mau.
Parno bingung, mergane sing metu ibuk-ibuk. Dudu kupu..
“ Lah pundi pak.. jare meh njupukke kupu-kupu malam..?” Parno takon.
“Lha ya iki sing jenenge kupu-kupu malam ki ya kui”. Le nyauri penjaga sipir mau.
“Woalah kowe to le, ngapa kowe tekan kene”. Le takon ibuk-ibuk mau. “Lha kok ketemu meneh ta bu?” Parno mbales takon.
Banjur Parno bingung. “Pak kula niki badhe pados kewan kupu-kupu pak.. sanes ibuk-ibuk menika”. Parno ngomong sinambi ngukur-ngukur sirah kaya sirahe gatel.
“Ha ya sing jenenge kupu-kupu malam ki iki dek. Kupu-kupu malam  kuwi tetembung kanggo ngarani wong wedok kang nakal. Yen Polisi le ngarani PSK (Pekerja Seks Komersial). Nyah saiki arep tok kapakke”. Saiki lagi ketemu le njelaske Pak Polisi mring Parno yen sejatine kewan sing arane kupu-kupu malam kuwi ora ana.
“Wah ha yen ngono  wegah aku.. asemik.. ategas aku diapusi karo mas Riyan ki pak.. Asem kok mas Riyan ki. Awas mengko yen ketuk ngomah”. Parno dadi rada mangkel merga rumangsa diapusi.
“Hush.. sapa mas Riyan ki..? cah cilik ora pareng ngomong ngono kuwi”. Le ngandhani Pak Polisi marang Parno.
“Inggih pak.. nggiih sampun Pak, sampun dalu kula tak mantuk riyin.. mangkih ndak digoleki bapak”. Parno pamit sinambi salim karo pak polisi.
Saka pengalaman kuwi mau, Parno dadi ngerti yen dheweke kudu waspada, ora waton anggone percaya marang wong liya.

NAMA : IRIANA FAMUJI WIDODO

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •