Minggu, 30 Desember 2012

Pabrikan tembakau tetep bukak


Pabrikan tembakau tetep bukak
TEMANGGUNG, Para petani tembakau ing  Kabupaten Temanggung dumugi wekdal menika ketingal lega, amargi pabrik rokok tetep numbasi tembakau-tembakau saking para petani ing daerah Temanggung, ananging  Pabrik tembakau anggenipun numbas tembakau saking para petani kanthi seleksi ingkang ketat.tembakau gulan ingkang kathah gulanipun ewet mlebet pabrikan.
      Kesanggupan pabrikan menika saged mangertos bilih  numbasi malih sasampunipun Pansus DPRD tembakau bersama Pemkab ndugeni lan dialog langsung kalihan saperangan  pabrikan rokok ingkang wonten  Jawa Tengah dan Jawa Timur. Sekawan pabrikan rokok  ageng   maringi sinyal positip tetep badhe tumbas tembakau saking para petani ingkang wonten daerah Temanggung .sekawan  pabrikan menika sampun numbasi kathahipun anggenipun numbas tembakau 29.702 ton tembakau saking  petani, padal rencana kuota saderengipun namung  19.000 ribu ton. Ningali saking kondisi menika pabrikan tembakau anggenipun numbas kanthi bener-bener  selektif, bener-bener tembakau ingkang kualitasipun sae ingkang saged mlebet pabrikan.
Miturut Kepala Subbagian Ekonomi Daerah Bagian Perekonomian Setda Temanggung  Wisnu Graito, tembakau ingkang dipun tumbas dening pabrikan inggih menika tembakau ingkang grade  E, F dan G tembakau menika kedah asli tembakau ingkang dipun tanem ing lahan pertanian wilayah Temanggung. bab reganipun, Pemkab dan DPRD pansus pertembakauan mboten wantun ngurusi menika hak saking pihak saking  pabrikan  
    Ketua paguyuban Karya Tani Manungal Katom ngarepaken supados   kalangan  pabrikan purun numbas malih tembakau gadhahipun petani . dipunandharaken bilih   tembakau ing wilayah Temanggung kidul mliginipun wilayah kecamatan Selopampang, Tembarak dan Tlogomulyo wekdal menika jumlahipun taksih kathah.
     
Nama : IMAM FAUZI

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •