Rabu, 26 Desember 2012

Dongeng Manuk podhang

Wayah esuk ing tengah alas, nalikane mangsa rendheng dene udan yo wis lumrahe, Ing wayah jam wolu udan wis teka, ing negara manuk arep golek pangan yo ora bisa amarga udan. Mung theklak thekluk ing susuh sing dadi omahe manuk-manuk. Ing bangsane manuk podhang, sing biasane mangan woh-wohan, ananging dina iku manuk podhang durung mangan babar blas, neng omahe manuk podhang wedok bingung arep golek mangan nang endi iki, anake sing ajeh cilik yo durung bisa mabur, sing ana nang pikirane manuk podhang wedok arep tak pakane opo anaku iki. 

Kwe sing sabar ya, mengko yo oleh pangan.’podhang wedok kandha karo anake’
‘Anake’: iya mbok, nanging aku ws ngelih tenan 
Sing manuk podhang lanang iyo uga bingung, nanging rasa rasane manuk podhang lanang mung ngoceh, sajake yo sumelang yen ora oleh pangan.
Udan tansaya deres, hawa adem wis krasa banget. Manuk podhang lan wedok mau klinguk klingung, mbok iya ya ana turahan gedhang nyuluh sing turahane codhot.anggone klingak-klinguk ngiwa nengen, nang sela-selaning godhong waru ana warna kuning, trus ndadekake rasa bungahe manuk loro mau.manuk podhang sing weruh ndisik ngoceh banter mratandhakake rasa bungah sing diweruhi mau kuwi kaya gedhang nyuluh turahane codhot sing keri,
 Kanthi rasa gumregut mauk podhang lanang marani warna kuning sing ana nang ngisor wit waru mau.dene sing podhang mung ngenteni ng susuh sing dadi omahe, manuk podhang wedok iyo ngoceh mratandhakake ndongakake karo manuk podhang lanang, muga-muga iki rejekine dewe, dina iki anakku sbisa wareg, mabur  seko wit pring apus, mara nang wit waru mau, podhang lanang. Sanyasa cepak anggone nyawang  warna kuning sansaya jelas, ndadekake tansaya bungah, anggone mabur iyo uga saya banter.
Mak teplek teka tekan wit waru, cahyane manuk podhang lanang pucet njejet mbasa weruh sakbenere, jebul kuning-kuning mau, godhong waru sing nglinthing, yen disawang saka kadohan kaya gedhang mateng, podhang lanang tambah sumelang, arep bali maneh nang susuhe, kok ora nggawa panganan, ora bali kok mesthi diarep-arep hasile, mung ndingkluk, karo mikir kepriye bisane oleh pangan.nanging podhang lanang tetep semangat, kabeh makhluk ciptaane Gusti kang kuwasa tetep diwenehi rejeki, terus mabur maneh bali menyang susuh mau.nalikane mabur seko wit waru mau, manuk podhang lanang nabrak wit pring sing ana ngarepane banjur tiba nang lemah, tangi seka tibane jebul ning ngarepe weruh kates mateng sing seger.
 ‘Maturnuwun Gusti kang Maha Kuwasa sampun maringi pangan dhateng kula’ ujare manuk podhang lanang’
kayapa senenge manuk podhang lanang bisa oleh pangan lan bali nang susuh bisa nggolekke pangan manuk podhang wedok lan anake.banjur mabur menyang susuh karo rasa kang bungah, dina iki aku bisa oleh pangan nanging yo kanthi usaha. Sabanjure tekan susuh, manuk podhang wedok lan anake pating cruwit weruh manuk podhang lanang bali nggawa panganan.

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •