Yayasan New 7 Wonders kang ingayoman Organisasi Pendidikan, Ilmu Pengetahuan dan Kebudayaan ing Educational Scientific and Cultural Organization (UNESCO) kanthi resmi nglebokake kewan komodo (latin : Varanus komodoensis) sajerone “tujuh keajaiban dunia sing anyar” sanesipun inggih menika Sungai Amazon papan wonten Amerika Selatan, Ha Long Bay ing Vietnam, Air Terjun Iguazu ing Argentina – Brazil, kepulauan Jeju ing Korea Selatan, Sungai bawah tanah Puerto Proincesa ing Filipina lan Table Mountain ing Afrika Selatan.
Mlebetipun Komodo
minangka new 7 Wonders ateges uga nglungguhake Pulo Komodo dados papan
pangayoman (konservasi) ingkang saged dipunmanpangatake minangka papan wisata.
Pulo Komodo ing sawetan Pulo Sumbawa sawise nyabrang selat Sape kalebet Pulo
paling kulon laladan Nusa Tenggara Timur. Bagean tengah Pulo awujud pegunungan
gamping ingkang dikebaki ara-ara lan alas grumbul bebondhotan, wonten ing
tengah alas lan ara-ara urip kadhal ingkang karem daging mentah ingkang taun
2009 kepungkur cacahe 1300 iji.
Menange Pulo Komodo
sajerone ngarah kelungguhan new 7 wonders kang tetep sing bakal dibiwarake awal
taun 2012 ateges uga menehi kalodhangan omber tumrap Indonesia kanggo
nyuguhaken papan wisata utama ingkang anyar kagem wisatawan domestic lan manca.
Gegebangan menika
sampun nyedhaki kanyatan ingga Pulo Komodo mlebet salebete salah satunggaling
pitung keajaiban donya ingkang anyar, ingkang mangkono nyrung karep gedhe
mecungulake maneh kaelokan liyane kanggo mlebu sjerone keajaiban anyar ing
wekdal ingkang bakal teko.
tugas feature :Anggita Petra A.D (10205244007)
tugas feature :Anggita Petra A.D (10205244007)
0 komentar:
Posting Komentar