Selasa, 20 November 2012

Dolanan Tradhisional “Jadul” ?



Dolana tradhisional ing Indonesia, mligine ing tanah Jawa saperangan ageng sampun dipunlalekake. Maneka warna dolanan kang wektu iki wus langka, kayata : bekelan gobak sodor, egrang, gangsir, dakon, boy – boyan engklek, carang pring plurunipun saking kembang jambu, jaranan ngagem debok, leputan, ancak – ancak, jamuran lan sakpanunggalanipun. Dolanan kados menika wau racakipun gadhah khas lan kreatifitas kelompok kang prayoga kagem nggayuh kamenangan. Kanthi cara kelompok, kajaba saged nambahi kakiyatan sarta nyaketaken kekancan antawisipun setunggal lan sanesipun.
Faktor ingkang ndyani kenging menapa dolanan tradhisional kirang dipun minati dening lare alit jaman sakmenika kados dene factor lingkungan pergaulan, paradigma menawi basa jawa menika “katrok”, factor kaluwarga lan sanes-sanesipun. Kathah tiyang sepuh menika ingkang prihatos dening larenipun, amargi larenipun boten mangertos dolanan tradhisional menika kathah manfaatipun.
Kanthi mangkono cetha jaman sakmenika sampun dumados individualisasi wonten ing lingkungan bocah sakmenika. Amargi jinisipun dolanan ing jaman menika langkung modern, boten ribet, boten betahaken kanca ingkang kathah. Kados komputer, playstation utawi game online menika langkung gampil lan boten mbetahaken lare ingkang kathah. Lare sakmenika kathah ingkang boten saged interaksi kaliyan kanca sanesipun.
Ingkang luwih wigati saking dolanan tradhisional menika inggih menika kelompok dolanan saking dolanan tradhisional wau wonten kesan ingkang guyub, rukun lan gayeng. Wekdal ingkang dipunginakaken ugi saged cekap lan boten ngganggu sinau utawi kagiyatan mbiyantu tiyang sepuhipun, amargi wekdal kang dipungginakaken wekdal prei sekolah lan sonten. Ingkang biasanipun lare remeni kanggo dolana menika wyah wulan purnama kang direnggani cahyaning rembulan kang padhang.
Wonten cara – cara ingkang saged mbiyantu lare alit supados remen kaliyan dolanan tradhisional. Ingkang sepisan , inggih menika tiyang sepuhipun. Tiyang sepuh menika  kedah nepangaken menapa kemawon dolanan tradhisional lan manfaatipun dening lare alit menika sakderengipun lare menika tepang kaliyan dolanan modern. Jaman sakmenika ugi kathah tiyang sepuh ingkang boten ngeparengaken larenipun dolanan wonten njawi. Tiyang sepuh menika sejatosipun paring ijin supados larenipun dolanan wonten njawi supados lare menika saged berinteraksi kaliyan kanca sanesipun. Tiyang sepuh ugi nyariosaken asikipun dolanan tradhisional dening larenipun supados lare alit menika boten gadhah pikiran menawi dolanan tradhisional menika “katrok” lan boten “gaul”.
Nepangaken dolanan tradhisional ingkang sae menika wiwit lare mlebet paud ngantos dumugi sekolah dasar amargi wonten wanci menika lare remen lan gampil dipunjak dolanan maneka warna lan dereng gadhah pamikiran ingkang maneka warni.
Menawi wonten SMP utawi SMA menika lare sampun boten saded dipunjak dolanan ingkang langkung jadhul amardi donyanipun lare sd kaliyan smp utawi sma menika sampun beda.
Wonten ing lingkungan formal kados sekolah menika, nepangaken dolanan tradhisional dening lare menika kados media olahraga. Menawi wonten pelajaran olahraga menika langkung sae gurunipun nepangaken dolanan tradhisional kados gobak sodor, engklek ingkang saged dipunolahragakaken kagem pados kringet lan ugi nyehataken raga. Pelajaran seni saged kahem wahana nepangaken dolanan tradhisional kados damel jaran ngagem debog. Pehak sekolah ugi nganakaken kagiyatan lomba- lomba dolanan tradhisional wonten ing adicara lomba 17 agustus supados langkung semarak lan lare menika langkung remen kaliyan dolanan tradhisional.
Pehak pamerintah ugi kedah nglestantunaken dolanan tradhisional supados dolanan tradhisional menika boten ical amargi dolanan modern menika langkung gampil lan boten ribet anggenipun mainaken. Pamerintah kados ngawontenaken pameran – pameran dolanan tradhisional ingkang jangkep lan saged dipunpraktekaken dening lare – lare. Lembaga masyarakat ugi saged mbiyantu programipun pemerintah. Boten wonten lepatipun menawi badhe nglestantunaken dolanan tradhisional menika, supados budaya ingkang dipuntilaraken nenek moyang menika saged dipunturunaken kagem generasi ingkang sak lajengipun.
Kados ingkang dipuntindakaken Yayasan Tamansiswa menika ingkang taksih nguri-uri maneka warna dolanan tradhisional lan kesenian tradhisional. Kabuktekaken menawi pinuju adicara asring ngatonaken jinis-jinising dolanan lan kesenian tradhisional. Kados seni tari ingkang nggambaraken dolanan lepetan, jamuran, umpetan lan sakpanunggalanipun.
 Tugas Opini : Anggita Petra A.D (10205244007)

0 komentar:

Poskan Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •