Selasa, 20 November 2012

SMA PIRI I YOGYAKARTA NGAWONTENAKE KURBAN DINTEN SENIN



 
SMA PIRI I Yogyakarta nganakake panyembelihan kewan korban ing riyaya Haji taun menika, nembe ngawontenaken dinten Senin, (29/10). Panyembelihan menika dipunwontenaken ing pungkasaning dinten Tasyrik ingkang dhawah dinten menika.
Wonten ing korban taun menika SMA PIRI I Yogyakarta mbeleh kalih sapi korban igkang kasil saking pangempalaning dana saking para murid. Daging korban dipunbagekake dening masyarakat sakiwa tengenipun sekolah lan masarakat ingkang betahaken.
Miturut Drs. M Ali Arie Susanto minangka pangarsaning sekolah SMA PIRI I Yogyakarta, dinten Senin kapilih nganakake kurban supados sedaya murid saged nderek. “adicara dinten menika saestu dipunleresake lan sah ” .
Sedaya guru lan murid nderek adicara kurban saking wiwit mbeleh, dumugi dipunbagekake daging kurban. Pamyembelihan kalih sapi menika kirang langkung wonten 250 kanthong daging kurban ingkang dipunkasilake kagem dipunbagi dening masarakat. Sasampunipun panyembelihan, adicara dilajengaken dhahar sesarengan, antawisipun guru, kryawan lan murid. “adicara menika dadosaken momentum ingkang trep kagem pados pahala igkang kathah” ngendikaning.

Tuga Berita : Anggita Petra A.D (10205244007)

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •