Parangkusumo inggih menika salah
setunggaling segara ingkang wonten ing kidul Daerah Istimewa Yogyakarta.
Jarakipun naming wetara 30 KM saking kitha Yogyakarta. Ingkang dados daya tarik
saking segara menika inggih sami kaliyan segara sanesipun, swasana seger, hawa
kang adhem, saha ombakipun. Ananging boten naming menika. Tasih kathah ugi
kaluwihanipun. Ingkang langkung misuwur inggih menika tradhisi nyekar ingkang
rutin kaleksanan wonten ing segara menika. Tradhisi menika boten wonten ingkang
mangertosi dipun wiwiti kawit kapan. Ananging tradhisi menika nyariyosaken
babagan mula bukane alas mentaok dados kerajaan mataram saking Panembahan
Senopati. Panembahan tapa utawa nenepi wonten ing papan menika lajeng kepanggih
kaliyan Nyi Roro Kidul. Lejeng panyuwunan Panembahan Senopati dpun kabulaken
dening Nyi Roro Kidul. Mekaten cariyos ingkang tasih dipun cepeng lan dipun
emut-emut dening warga masyarakat sekitas pesisir segara Parangkusumo.
Awit
saking cariyos menika, kathah ingkang nyenyuwun, nyekar wonten ing papan menika
supados sedaya gegayuhanipun saged dipun kabulaken. Lajeng kula sakanca wonten
ing sasi April kalawingi kula sakanca dhateng segara Parngkusumo. Dinten kemis
malem jum’at kliwon. Kula sakanca mriku
amarga ugi badhe pados materi kagem kethoprak. Ananging malah ugi saged
pikantuk bahan kagem skripsi ingkang kula teliti menika, amarga kepasan ugi
kula saking jurusan basa jawa. Jam gangsal sonten kula mangkat kaliyan
kanca-kanca. Kula mangkat saking Karangmalang UNY, ngliwati sagan ngidul,
lajeng ngliwati pojok beteng, lajeng ngidul malih tumuju arah parangtritis.
Wonten ing sakiwa tengene dalan dereng ketingal menawi papan menika asring dpun
agem nyekar.
Sampun
dumugi wonten ing TPR (Tempat Pemungutan Retribusi) lajeng menggok manengen mlampah
ngulon. Lajeng kepanggih lawang masuk Segara Depok. Wonten mriku wonten salah
satunggaling masjid kula sakanca leren sekedhap kagem ngibadah sholat maghrib.
Jam setengah pitu dalu dipun lajengaken tumuju segara parangkusumo. Mlaku arah
mangetan nurut dalan aspalan cilik kang wus lumayan apik. Ana ing sisih kiwa
tengan ya among ana gunung-gunung pasir lan suket-suket alang-alang kang urip
ana tlatah pasir. Ana ing sakdawane dalan during ana lampu pepadhang. Amung
lampu kang ana saka motor kang madhangi. Banjur mlaku mangetan terus ketemu
omah-omah gubug kang uga durung ana listrik.. Pepadhang kang ana ya among saka
lampu teplok utawa lampu senthir. Kadhang sak pleraman mambu wangine obongan
dupa lan menyan. Ana ing sekitar kono antarane Segara Parangkusumo lan Segara
Depok pancen ana papan kang jenenge kalimati. Kalimati iku wujude kaya kali
ananging ora mili. Biasane dienggo ritual nenepi ana ing kono. Nenepi iku sarana
kanggo nyaketake awake dhewe mring Gusti kang Maha Kuwasa. Syarate wong nenepi
iku uga ana wae, yaiku kudu resih lair batne. Kanggo ngresiki lair batine
biasane peserta ritual nenepi diwajibake laku prihatin, bisa nganggo poso utawa
liyane. Ing Kalimati uga ana ritual tapa pendhem lan tapa kungkum. Tapa pendhem
iku bisa dilakoni kanthi pendhem sakjroning awak nganti wates gulu, supayane
isih iso ambegan. Ing kono pada nyenyuwun apa kang dikarepake supaya pikantuk
wangsit. Banjur ana tapa kungkum iku ana ing kalimati, para pelaku ritual
kungkum ana sakjrone kali uga sak wates gulu supayane isih iso ambegan.
Ritual
iki bisa dilakoni nganti sakkarepe sak mantepe pelaku ritual. Biso telung dina,
bisa patang dina. Nganti dheweke pikantuk wangsit. Menawa telung dina durung
entuk wangsit ya bisa nganti limang dina. Miturut ceritane saka bakul
angkringan kang uga wis 22 taun dodol angkringan manggon ing kono. Dheweke uga
wis nate ritual ing koo ananging gagal. Ora kasembadan. Miturut dheweke ana
pirang-pirang tahapan kang kudu biso dilakoni karo pelaku ritual. Piasnan kang
dialami dheweke pas nindakake tapa kungkum iku dheweke ngerti ombak kang gedhe
banget arep nelep awake. Ananging gandheng wus niat dheweke tetep tenang. Lan
ombak iku mau ngerti-ngerti ilang sak pleraman. Banjur dheweke ngerti ulo kang
gedhene lan dawane glugu watang wit kambil, ngubeti awake dhekne banjur bisa
tenang lan biso lolos. Kaping pungkasaan kang nyebabake dheweke gagal iku mergo
ana yuyu kang nyapit sikile dhekne. Banjur langsung jenggirat mentas gagal
tapane.Mangka saka kuwi ora gampang nindakake ritual kayangunu kuwi. Sing wia
diniati wae biso gagal opo maneh among sing nyoba-nyoba.Iku cerito kang yo
kasunyatan kang ana ing kalimati. Uga roh-roh saka wong kang kentir ing segara
sisih kidul Jogja iku ana kang ngarani padha ngumpule ana ing kalimati iku mau.
Yen pas ngliwati kalimati mambu obongan dupa lan menyan, iku nandakake yen ana
ing sekitar kono ana kang lagi nindakake ritual. Banjur wus mlaku setengah jam
aku lan kanca-kanca ketuk ana ing segara parangkusumo. Akulan kanca-kanca ketuk
ana ing Parangkusumo pas adzan isya’. Banjur parker lan padha nindakake sholat
isya’. Rampun sholat isya’ aku lan kanca-kaca mbagi dadi 2 keompok. Kang
sepisanan kejatah golek informasi ana ing njero gapura mangalor. Lan kang
separo uga golek informasi saka gapuro mangidul arah gisiking samudra.
Kanggo
kelompok pisanan kang kejatah ing njero gapuro pisanan kang dak jak sosialisasi
yaiku saka bakul angkringan kang wus 20 taun ana ing papan kuwi adol angkringan.
Milih papan angkringan amerga neng angkringan kuwi okeh masyarakat padha
kumpul, saka golongan menengah ke bawah. Pnganane uga murah-murah the, sego
kucing,jadah, tempe, goregan among 4500. Uga bisa luwih akrab. Ing kono aku
sakanca ketemu karo kepala dukuhe, karo kang profesine nelayan, uga ana kang
dadi tukang parker, ana uga mbak-mbak kang dadi jasa pijat refleksi. Kaluwihane
saka segara Parangkusuma ya kalebu iki. Sanajan wus wengi yen malem jumat
kliwon lan malem seloso kliwon, mesthi wae rame. Malahan ramene ngluwihi yen
awan. Iki merga ana tradhisi nyekar iki mau. Para warga bisa pikantuk untuk
saka segi ekonomi, lahan parker payu, dodolan apa wae ana,
penginapan-penginapan uga laris, bisa kanggo sarana hiburan yen wengi lan
sapanunggalane.
Papan
kang ana ing parangkusumo yaiku wiwit saka sisih lor ana papan kanggo sadeyan
kembang kang mengko dienggo nyekar. Banjur ngidul ana dalan konblok, ing sisih
kulon ana mesjid lan bale kanggo istirahat pengunjung menawa yen lagi kesel.
Ana wetane ana cepuri, yaiku petilasan saka Panembahan Senopati kaliyan Nyi
Roro Kidul. Mangidul maneh ana gapuro gedhe. Banjur mangidul wus ketuk gisiking
samudra Parangkusumo.
Saiki
tak critakake mboko siji saka papan kanggo tuku kembang, piranti kanggo nyekar.
Sawise saka angkringan wau, kula sakanca tumuju ana ing papan ingkang dipun
agem sadeyan sekar. Wonten ing papan menika wonten tiyang tiga ingkang sadeyan
sekar, sadayanipun putrid. Ingkang setunggal sampun sepuh sanget lajeng kula timbale simbah. Lajeng nyuwun priksa
kaliyan simbah kalawau, menawi badhe tumbas sekar kagem nyekar. Simbah kanthi
terampil ngracik sekar dipun bungkus kaliyan ron pisang. Wonten werni kalih
sekar ingkang dipun sade inggih menika werni abrit kaliyan pethak.
Jinising
kembang ingkang wonten setunggal bungkus inggih menika wonten sekar mawar
abrit, mawar pethak, sekar melati, sekar kenanga, sekar kanthil, dupa, kaliyan
menyan. Wektu kula nyuwun priksa regi saking setunggal racikan sekar kagem
nyekar menika, simbah ingkang sadeyan sekar menika boten ngendika reginipun
pinten. Ananging ngendika sak ikhlasipun kemawon. Lajeng kuka mbayar 20000
kagem tiga bungkus racikan sekar menika, dpun susuk’I 5000. Menika ateges regi
saking setunggal bungkus racikan sekar menika 5000 rupiah. Kula sakanca ugi diskusi
kaliyan simbah ingkang sadeyan sekar menika ingkang sekar setaman menika
langkung pajeng menawi malem 1 sura. Amargi wonten ing malam 1 sura kathah
wisatawan ingkang rawuh wonten ing Segara Parangtritis. Sak biabaripun pikantuk sekar saking papan sadeyan
sekar kala wau, kula sakanca tumuju wonten ing cepuri. Cepuri menika awujud
pager kang kabehane werna putih la nana ing njerone wonten kalih selo. Bangunan
menika wonten ing sisik kidul saka papan kang diegem sadeyan sekar.
Wonten
ing sajroning cepuri kala wau wonten kalih sela lan wonten tiga tiyang juru
kunci. Wonten ing cariyos masyarakat sekitar, papan menika inggih petilasan,
papan ketemunipun Nyi Roro Kidul (Ingkang Kuasa Segara Kidul) kaliyan
Panembahan Senopati (Raja Pisanan Mataram).
Gusti
Kanjeng Ratu Kidul jumaneng wonten ing nginggilipun selo ingkang langkung alit
ukuranipun lan wonten ing sisih kidul. Lajeng Panembahan Senopati ingkang
jumeneng wonten ing selo utawa watu ingkang langkung ageng ukuranipun ingkang mapan
wonten ing sisih lor. Kedah dipun mangertosi wonten ing ngriki bilih ingkang
dipun wastani cepuri menika sanes makam, ananging petilasan.
Swasana
pisanan wekdal mlebet wonten ing cepurinipun keraos benten sanget menawi dipun
bandingaken kaliyan swasana wonten ing njawi cepuri ingkang rame sanget.
Swasananipun
inggih menika langkung asrep, Wonten ing sajroning cepuri wonten tiga juru
kunci. Nalika mlebet wonten ing gapura cepuri pisanan sowan kaliyan juru kunci
ingkang sepisan. Dupa saha menyan ingkang sampun kita tumbas kalawau lajeng
dipun obong kaliyan juru kunci ingkang sepisanan menika, sinambi dipun
jlentrehaken asal usulipun saking watu ingkang wonten ing petilasan menika.
Lajeng dipun cariyosaken menawi sela menika inggih petilasan papan Panembahan
Senopati sowan kaliyan Nyi Roro Kidul. Bibar menika lajeng juru kunci ingkang sepisanan menika ngakon
kula supayane ngucapaken kekarepan utawa panyuwunan, kadosta : Kula sakanca
nyuwun dipun lancaraken rejekinipun, dipun caketaken jodhonipun (kagem ingkang
sampun gadhah pacar ugi saged dipun ajak mriku kagem nyuwun donga supados
langgeng hubunganipun..
Lajeng
saksampunipun kula kirim donga wonten juru kunci ingkang sepisanan kalawau,
juuru kunci lajeng paring dhawuh supados kula mlaku tumuju ing sela ingkang ugi
wonten juru kunci wonten ing mriku. Piyambakipun paring dhawuh supados sekar
mawar ingkang werni abrit dpun sebar utawa dipun sekaraken wonten nginggilipun
sela ingkang sisih lor, sela ingkang ageng papan nenepi Kanjeng Panembahan
Senopati. Lajeng sekar mawar ingakang pethak sarta sekar kanthil lan sanesipun,
dipun sebar wonten sela sisih kidul, papanipun Nyi Roro Kidul ingkang selanipun
langkung alit.
Ingkang
langkung nyleneh menika, sanajan wonten ing mriku sampun wonten listrik
ananging piranti pepadhang wonten ing mriku tetep mawon naming lampu teplok
(tiyang jawi nyebut senthir). Senthir menika dipun tutupi selembar genteng
supayane boten mati menawa kanginan.
Bab
menika amarga sedaya ingkang berperan wonten ing papan nyekar petilasan menika
tasih gumujeng woten ing adat tradhisi leluhur warisan simbah jaman rumiyin.
Ingkang tujuanipun supados tetep lestari boten ical kegeser kaliyan budaya
manca. Wonet ugi ingkang nganggep menawi ritualipun tetep kadosmeika ateges
boten dipun owahi, donga ingkang dipun kirim bakal sampurna lan ampuh.
Wonten
ing papan menika, sekar kanthil ugi dipun pilihi kaliyan juru kunci, boten
wonten ingkang mangertosi kagem menapa sekar kanthil menika dipun pilihi.
Ananging juru kunci menika boten nate kesah saking papanipun njagi petilasan.
Kajaba sampun puput wekdalipun kagen njaga. Cariyos ingkang wonten ing
masyarakat bilih sekar kanthil ingkang dipun sekaraken wonten ing sela papan
jumenengipun Nyi Roro Kidul menika muksa dados sarana kirim donga dhumateng
leluhur. Tujuanipun kita sami ndedonga dhumateng para leluhur menika ingih
supados kula lan panjenengan sami tansah kemutan marang amal kasaenan para
leluhur lan saged nyonto tuladha-tuladha ingkang wonten ing sipat leluhur kita
wau.
Saksampunipun
rampung anggen kula nyekar, lajeng kula medal lan mlampah mangidul tumuju
segara. Wonten mriku sampun kathah tiyang kaliyan para wisatawan kanthi
mapinten-pinten tujuan. Estunipun wonten ingkang tujuanipun wisata, ananging
ugi kathah ingkang mriku tujuanipun kagem wisata spiritual lan laku prihatin. Wonten
ing pinggir margi menika kathah wanita-wanita enem ingkang jejer-jejer. Puluhan
wanita menika kadosta baris ndamel pager betis. Piyambakipun ingkang asring
mundhut manfaat saking rawuhipun para wisatawan, wonten ingkang nyade jasa
pijet, lan sanes-sanesipun. Boten sengaja pas kula mlampah wonten setunggaling
wanita kala wau ingkang nimbali kula. :” Arep nengdi mas..? “ lajeng kula pun
mendel mawon, sajake kula boten miring. Amargi menawi klentu anggenipun nyaruwe
malah dados prekawis ingkang boten sae.miturut kula.
Mlampah
mangidul tumuju segara, wonten mrika sampun wonten juru kunci ugi ingkang
sampun siap ngancani para wisatawan ingkang badhe nyuwun berkah wonten ing
segara menika. Salah setunggaling juru kunci ingkang kula sowani naming nyuwun
priksa babagan napa ingkang kula suwun lan tujuanipun kula dhateng papan
menika. Kadosta : Juru kunci : “Kowe
arep ngopo le.?
Iriana :
“Kula badhe nyuwun berkah selamet, lancar kuliah ipun, dipun cedhakaken
jodhonnipun mbah”. Jawab ku.
Juru Kunci :“Kuwi kabeh bakal kabul, ananging coba golekana kembang
kantil kang kentir ana ing gisiking samudra kae, disimpen kang apik, dimen
nganti garing. Kuwi bakal dadi pratandha apik”. Jawab sang juru kunci.
Iriana :”
Ingiih mbah..”
Lajeng
kula mlampah turut pinggiring samudra kaliyan kanca-kanca kula sanesipun. Kula
sakanca namung modal lampu senter ingkang wonten ing HP kula.
Tugas Future : Iriana Famuji Widodo
NIM 10205244001
NIM 10205244001
0 komentar:
Posting Komentar