Rabu, 14 November 2012

Demo Janaloka dipun nilai boten pas kaliyan wekdalipun


Tribun Jogja - Selasa, 22 November 2011 20:50 WIB

 Wonten sawenehing Dewan, ingkang gadhah pamrayogi menawi sikap saking
Paguyuban Dukuh ingkang mapan wonten ing Gunungkidul utawa ingkang
asring dipunsebut “Janaloka” nindakaken aksi wonten ing DPRD, dinten
Selasa(22/11) boten pas. Sanesipun, rawuhipun sedaya dukuh saking
mapinten pinten laladan wonten ing Gunungkidul menika nuntut dipun
wontenaken peningkatan kasejahteraan lan jaminan hidup layak, dipun
nilai boten trep wekdalipun amargi bareng kaliyan rapat paripurna
pembahasan RAPBD 2012.
"Saya kira tidak tepat momennya, seharusnya bisa sebelum pembahasan,"
jelas Wakil ketua Komisi D, Warta SIP kepada Tribun Jogja, Selasa
(22/11/2011).

Piyambakipun ngendika menawa” Janaloka” bebarengan kaliyan rapat
paripurna pembahasan RAPBD 2012 tanggapanipun fraksi-fraksi dhumateng
kawontenan rancangan peraturan daerah babagan APBD taun 2012, menika
boten pas wekdalipun. Sanajan boten nindakaken tumindak anarkhis
ananging wonten aparat Polres Gunungkidul ingkang ngagem seragam lan
boten ngagem seragam (ngagem rasukan preman) ketingal ngawasi ingkang
ketat.
Sakderengipun ketua “Janaloka”,Sutiyo ngandharaken bilih tuntutan
ingkang dados pertimbangan dewan. Sedaya ngarepaken supados sedaya
kepala desa lan perangkat desa pikantuk pengasilan tetep, dipun
paringaken kanthi dasar keadilan lan bebarengan hak sarto
kewajibanipun lan boten pikantuk telat anggenipun maringi boten pareng
telat. "Kami berharap, agar gaji kami juga sesuai dengan UMP, kami
sudah bekerja setengah mati," jelasnya.


Dipunsuwun ugi, sanesipun pikantuk pegasilan tetep ingkang sumberipun
saking dana APBD, ananging ugi wonten tunjangan kasejahteraanipun
awujud tanah lungguh utawa bengkok, tyunjuangan purna tugas ingkang
dipun paringaken dhumateng lurah lan perangkat desanipun. Kalebet
dukuh ingkang sampun telas masa jabatanipun kanthi wujud lemah
pengarep-arem lan duit pesangon minimal.
Tugas berita : Iriana Famuji Widodo
NIM 10205244001

0 komentar:

Posting Komentar

Kelompok

  • Anggita Petra A.D (10205244007)
  • Iriana Famuji Widodo (10205244001)
  • Wening Tyas Mustikasari (10205244015)
  • Imam Fauzi (10205244003)
  • Angga Dicky K (10205244029)
  •